Mriyem Si Jagur kang Nyalawadi

MRIYEM klebu perangane piranti perang sing wigati jaman lawas. Akeh tinggalan wujud mriyem jaman kolonial Belanda, klebu kang tinemu ing keraton Surakarta Hadiningrat, Banten, lan uga Jakarta. Salah sijine mriyem kang ngandhut misteri arane Si Jagur. Ora mung wujude sing gedhe, ngluwihi saka ukuran mriyem lumrah, jebul akeh cerita nyalawadi ing sakupenge Mriyem Si Jagur iki. Kapitayan gugon tuhon, lelakon- lelakon kang aneh, uga bab-bab kang ora tinemu nalar asring keprungu gegayutan karo barang kuna iki.

Sadurunge maos ngenani misteri Mriyem Si Jagur perlu diaturake sethithik ngenani sejarah piranti perang jaman VOC iki. Manut cathetan sawenehe warga negara Landa kang mapan ing Batavia, meriyem iki dirancang dening ahli mriyem bangsa Portigus sing jenenge Manoel Tavares Bacorro ing sawijining bengkel sing dijenengi St Jago de Barra ing laladan Macao, China antarane abad XVI tekan XVII. Jeneng Si Jagur satemene dijupuk saka tembung ‘St Jago’. Asal tembung ‘jago’ katambahan swara /r/ mula banjur dadi ‘jagur’.

Riwayat liya nyebutake jeneng ‘Si Jagur’ iku asale saka swarane meriyem gedhe iki sing jumlegur. Yen diunekake, tuwuh swara ‘jlegur, jlegur, jlegur’. Saka papan adoh wis keprungu swara jumlegur. Karana swarane jumlegur, mriyem mau banjur diwenehi jeneng ‘Si Jagur’.

Mriyem Si Jagur iki sekawit duweke serdadu Portugis. Nalika kalah perang mungsuh VOC, mriyem mau dadi rampasan perang lan digunakake Landa kanggo piyandel nalika napaki benua Asia, nganti Landa kasil ngrebut Batavia lan nggunakake Batavia minangka pangkalan VOC.

Taun 1604 Mriyem Si Jagur digawa Landa ngulandara menyang Malaka, lan semenanjung Malaysia. Puluhan taun mriyem iki manggon ing Malaka nadyan ora mesthi digunakake kanggo perang. Sawise digawa ing papan-papan liya, Mriyem Si Jagur dipindhah menyang Batavia tanggal 1 Pebruari 1641.

Ing Batavia mriyem iki dadi piyandele VOC sing peng-pengan. Si Jagur dipapanake ing saweneh beteng Batavia kanggo njaga kutha lan Bandar saka serangan mungsuh. Mriyem wis digunakake kanggo nyapu tekane pemberontak pribumi sing dianggep nranyak marang VOC. Ora sethithik pejuwang pribumi kang diperjaya serdadu VOC nggunakake mriyem iki. Nalika Batavia diserang gubernur Daendels, wong-wong Walanda padha mlayu ninggalake Batavia lan pindhah ing Weltevreden (kawasan Gambir & Senen) lan Meester Cornelis (Jatinegara). Si jagur sing abot lan angel dipindhah ditinggal ngono wae. Sateruse mriyem iki ndhongkrok manggon ing sacedhake kretek Kota Intan, cedhak Hotel Batavia kang mapan ing Jalan Kali

ake kanggo nyapu tekane pemberontak pribumi sing dianggep nranyak marang VOC. Ora sethithik pejuwang pribumi kang diperjaya serdadu VOC nggunakake mriyem iki. Nalika Batavia diserang gubernur Daendels, wong-wong Walanda padha mlayu ninggalake Batavia lan pindhah ing Weltevreden (kawasan Gambir & Senen) lan Meester Cornelis (Jatinegara). Si jagur sing abot lan angel dipindhah ditinggal ngono wae. Sateruse mriyem iki ndhongkrok manggon ing sacedhake kretek Kota Intan, cedhak Hotel Batavia kang mapan ing Jalan Kali Besar Barat, Jakarta Barat.

Jembatan Kota Intan iki dibangun Landa taun 1628. Mataun-taun manggon ing cedhak jembatan iki, mriyem mau disengguh dadi barang ajaib kang duwe kekuwatan supranatural jumbuh karo kahanane pribumi sing isih percaya karo gugon tuhon lan keyakinan mistis magis. Ing jaman kamardikan meriyem iki dipindhah menyang Meseum Nasional, Jalan Medan Merdeka barat, Jakarta Pusat. Taun 1968 mriyem dipindhah maneh menyang Museum Wayang (Museum Djakarta Lama). Taun 1974 banjur dipindhah maneh menyang Taman Fatahillah, ngarep Museum Sejarah Jakarta, kawasan kota. Tanggal 24 Nopember 2002 mriyem disimpen ing area museum lan manggon ing kono nganti saiki.

Mriyem Si Jagur pancen kebak misteri. Ing antarane misteri mau gegayutan karo wujude pepethan ing bongkote mriyem sing nganeh-anehi. Kayangapa? Ing bongkot mriyem iki ana pepethan wujude jempol sing dicublesake ing tengah-tengahe driji panuduh lan driji panunggul kayadene drijine Raden Arya Werkudara sing duwe kuku Pancanaka nyubles ing tengah-tengahe driji panuduh lan driji panunggul. Ing kamangka wus kawuningan yen wewujudan kaya kuwi satemene saru (porno).

Jempol nyekuthem dijelit driji panuduh lan driji panunggul dadi
pepethan ing bongkote Mriyem Si Jagur. (ist)

Embuh piye asal usule, jempol sing dicublesake ing antarane driji loro kuwi padha diyakini lambang sesambungan badan antarane wong lanang lan wadon. Banjur apa sebabe mriyem iki nggunakake lambang sing porno kaya kuwi? Nganti dina iki durung ana panaliten saka arkeolog utawa peneliti sejarah kang bisa miyak misteri iki. Mung ana panduga yen lambang iku kanggo menehi tenger yen iki mriyem lanang lan biyen duwe pasangan. Wondene sing dianggep pasangane yaiku Mriyem Nyai Setomi kang kasimpen ing Keraton Kasunanan Surakarta. Si jagur uga dijenenge Kyai Setama asal tembung St Thomas. Nanging uga ana sing ora sarujuk karo panemu kuwi jalaran pasangane Si Jagur jare malah Mriyem Kyai Amuk kang disimpen ing Museum Kota Banten Lama.

Saliyane pepethan porno kuwi, ukuran Si Jagur pancen jumbo. Si Jagur iku dawane nganti 380 cm. Garis tengah awake 206 cm wondene ubenge awake sing paling cilik 122 cm. Jembare mriyem nganti 100 cm. Dawane tangan ing bongkote mriyem 41 cm lan lingkar tangane udakara 60 cm. Diameter pucuk mriyem sisih ngarep 39 cm (perangan jero) lan 39 cm (perangan njaba). Bobote mriyem nganti 3,5 ton. Nomor seri mriyem 27012. Manut kanyatan iku, mriyem iki klebu ukuran raseksa. Nganti dina iki durung ana ahli Matematika apadene Numerologi sing bisa menehi tafsir ngenani tegese angka-angka mau. Mriyem iki digawe saka bahan wesi ireng njanges. Katon mengkilat yen kena sorote srengene.

Misteri liyane kang gegayutan karo Mriyem Si Jagur yaiku karana anane tulisan nganggo basa Latin sing unine: EX ME IPSA RENATA SUM. Tetembungan kuwi bisa ditegese ‘Saka Awakku Dhewe Aku Lahir Maneh’. Unen-unen iki bisa ditafsirake beda-beda. Saweneh tafsir nyebutake yen tetembungan iku duweni makna yen satemene Mriyem Si Jagur iku digawe saka mriyem-mriyem cilik cacah 16. Biyen perancangane nglumpukake mriyem cacah 16 banjur dilebur dadi siji wujud mriyem raseksa kuwi.

Misteri liyane gegayutan karo tuwuhe keyakinan mistis magis ngenani Mriyem Si Jagur. Kedadeyan iki ing taun 1950-an, nalika mriyem kuna iki isih gumlethak ana pinggire kretek Kota Intan, Jakarta Barat. Embuh sapa sing miwiti taun iku akeh wong-wong kang teka ing papane mriyem saperlu ngadani ziarah. Para pejiarah mau ora mung saka Jakarta lan tanah Jawa, nanging uga saka papan sajabane Pulo Jawa.

Moncong Mriyem Si Jagur diphoto saka ngarepan. (ist)

Warga kang mapan sacedhake kretek Kota Intan sing jenenge Abdurrahman sing nyekseni kanyatan kuwi. Dheweke ngandharake yen para pejiarah mau akeh-akehe wong desa, klebu keturunan Tionghoa. Dina Ahad wektu ziarah sing paling rame. Ngepasi Ahad sing teka ing papane mriyem nganti ana atusan wong. Kabeh padha ngadhep ngubengi mriyem karo ngobong dupa nganti kukuse kumelun ambune nduleg irung.

Karana akehe pejiarah mau, ing kono banjur didhapuk kuncen (juru kunci) sing duwe jejibahan nglantarake panyuwunan. Manut pratelane si juru kunci sing teka ing papan kono akeh-akehe nyenyuwun supaya diwenehi sugih, entuk jodho, diwenehi umur dawa, lan njaluk kabegjan liyane. Siji loro pejiarah pancen kasil nggayuh pangangen-angene. Warta mau banjur sumebar marang kanca rowang tangga teparo. Mriyem Si Jagur malih dipercaya minangka ‘barang kramat’ kang nduweni kekuwatan mistis magis.

Tata carane ziarah ing Mriyem Si Jagur pancen khas. Sawise ngadhep juru kunci, sing duwe perlu banjur masrahake mahar (dhuwit). Nalika mulih para pejiarah iki bakal nampa payung cilik warnane abang lan kuning. Yen wis tekan ngomah payung cilik iki kudu diegarake ana dhuwur papan paturon sing dienggo kulawarga mau. Kanthi mangkono kajat sing dikarepake lan nadar wis diucapake, mula kari ngenteni wektu kapan kelakone, bisa cepet utawa suwe nganti pirang-pirang taun ora kelakon.

Akehe wong kang ziarah ing Mriyem Si Jagur uga nuwuhake usaha dedagangan. Para pedagang keliling teka ing papan kono saperlu nawakake dagangane. Maneka warna dagangan dipasarake; klambi, panganan, dolanan, sapiturute. Nadyan akeh dagangan sing digelar, jaman kuwi sing paling laris yaiku kembang lan menyan. Kenangapa kaya mangkono? Awit para pejiarah kuwi mesthi tuku kembang sing bakal diuwur-uwurake sakiwa tengene mriyem lan menyan utawa dupa sing bakal diobong ana ngarepe mriyem sinambi ngucapake donga panyuwunan. Angger wis nyebar kembang lan ngobong menyan rasane wis manteb jalaran yakin panyuwunane bakal kabul.

Bareng karo sumebare warta ngenani Mriyem Si Jagur sing diyakini dadi srana nyenyuwun marang Sing Maha Kuwasa, mundhak dina saya akeh kang teka ngalap berkah marang Si Jagur. Ekonomi warga kiwa tengen katon tuwuh. Juru kunci tansah nampa mahar saka warga sing duwe panyuwunan. Wong dodol maneka warna dagangan uga tambah akeh awit dagangane laris. Mriyem Si Jagur tambah kuncara jenenge nganti tekan ngendi-endi papan. (***)

***

Panulis: Ki Sudadi
Panitipriksa: Putra Abimanyu

Bagikan artikel ini
Putra Abimanyu
Putra Abimanyu
Articles: 4

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *