Nasib Peteng Lukisane Kartini sawise Lesus Politik ‘65

Lukisan kanvas cacah telu karyane Kartini, Roekmini lan Kardinah ilang tanpa lari mbarengi ontran-ontran September 1965. Kapitunan gedhen tumrap sejarah nasional Indonesia.

Minangka wartawan rubrik seni budaya Suluh Indonesia, ora ana kabagyan kang dirasakake Sitisoemandari kaya nalika bisa patemon karo Raden Ayu Adipati Arya Kardinah Reksanegara ing Salatiga, Rebo, 24 Maret 1964. Nadyan tekane Sitisoemandari tanpa cecala sadurunge, ewadene Kardinah tetep mapag tamu saka Jakarta iku kanthi grapyak semanak.

“Panjenengane kepareng nampa tekaku kanthi pasuryan rena. Panjenengane uga kawistingal kagungan entusiasme marang gegayuhanku,” tuture Sitisoemandari jrone bukune asesirah Kartini Sebuah Biografi (1977).

Kardinah Reksanegara kena diarani dudu pawestri sembarangan. Panjenengane adhi warujune Raden Ajeng Kartini kang nganti dina kuwi isih sugeng. Patemon iku kanugrahan gedhe mungguhe Sitisoemandari merga wimbuh mepaki bahan materi buku biografi sing lagi disusun.

Kartini Sebuah Biografi kang diterbitake Gunung Agung, Jakarta, mujudake biografi kapisan ngenani R.A. Kartini kang ditulis kanthi kaidah jurnalistik dening pawestri Indonesia. Kandele 400 kaca.

Dikutip saka National Geographic Indonesia asesirah Misteri Hilangnya Lukisan Karya Kartini Saat Pusaran Geger 1965, tekane Sitisoemandari ing Salatiga sekawit ndherekake tugase ingkang raka, Soeroto. Nalika semana Soeroto njabat Kepala Inspeksi Sejarah dan Ilmu Bumi Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. Soeroto uga tinanggenah minangka panitia pembangunan Museum Sejarah Tugu Nasional.

Mula sisan gawe kalodhangan kuwi digunakake Sitisoemandari kanggo mawancarai Kardinah. Dheweke ngiras-ngirus golek bahan liputan ngenani pengetan wiyosan R.A. Kartini kanggo Suluh Indonesia edhisi sesasi candhake. Wektu kuwi dina wiyosane Kartini durung dipahargya sacara nasional.

Nalika Sitisoemandari pamitan, Kardinah menehi hadhiah arupa sawatara lembar fotone Kartini, sketsa sarasilah kulawarga Tjondronegaran ya leluhure Bupati Raden Mas Adipati Arya Sasraningrat, sarta sketsa sarasilan Sasraningrat.

Lukisan cat minyak asesirah Taman Kembang Leli karyane R.A. Kartini taun 1900. Dinuga asil potretane Sitisoemandari.
(Foto repro).

Nanging ana bingkisan mligi kanggo rakyat Indonesia kang dititipake Kardinah marang Soeroto. Bingkisan iku arupa lukisan cat minyak cacah telu karyane Kartini, Roekmini lan Kardinah. Lukisan telu iku dipisungsungake Kardinah marang Museum Sejarah Tugu Nasional. Tetelune mawa tenger Taman Kembang Leli karyane Kartini, Pantai Japara karyane Roekmini, lan Tiga Ekor Kucing karyane Kardinah. Lukisan-lukisan iku disungging nalika Kartini saadhi-adhine isih mapan ana Jepara utawa sadurunge Kardinah palakrama taun 1902.

Satekane Jakarta, Soeroto masrahake lukisan telu iku marang Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Jalan Cilacap No. 1 Jakarta Pusat. Dipasrahake langsung marang Menteri Pendidikan dan Kebudayaan sing uga Ketua Harian Panitia Museum Sejarah Tugu Nasional Prijono, Setu, 9 Mei 1964. Sadurunge dipasrahake departemen, Sitisoemandari kober motret lukisan-lukisan iku.

Nanging lesus politik September 1965 ndhadhal sakabehe rancangan. Panitia Museum Sejarah Tugu Nasional dibubarake. Proyek pambangunan distop. Prekarane dadi rumit bareng Prijono lan sawatara menteri sing disujanani duwe sambung rapet karo Partai Komunis Indonesia diculik dening massa Kesatuan Aksi Pemuda Pelajar Indonesia (KAPPI) lan Laskar Arief Rahman Hakim tanggal 16 Maret 1966.

Lukisan mawa judhul “Tiga Ekor Kucing” karyane Kardinah taun 1900. Dinuga asil potretane Sitisoemandari.
(Foto repro).

Pengamat politik Indonesia asal Amerika, Harold A. Crouch, ing bukune kang mawa judhul The Army and Politics in Indonesia (2007) nduga penculikan marang Prijono ditindakake pemudha pelajar sawise entuk lampu ijo saka pimpinan Angkatan Darat. Panduga mau didhasari karo kanyatan sawise dijupuk saka omahe, Prijono diglandhang menyang markas Kostrad. 

Rong dina candhake Prijono resmi ditahan. Pengabdiane marang negara tamat, klebu cuthele loyalitas marang Bung Karno. Prijono pancen nduweni haluan pamikiran “kiwa” nanging dheweke dudu komunis. Prijono satemene  klebu pendhukunge Partai Murba, sing cilakane kerep digandhengcenengake karo PKI. Prijono tinggal donya telung taun nglakoni tahanan.

Aradan politik ‘65 uga nyempyok kulawargane Sitisoemandari. Soeroto katut dipocot saka jabatane minangka pegawe kementerian. Mangka Soeroto dudu simpatisan partai komunis, nanging anggotane Partai Nasional Indonesia (PNI) pimpinane Ali Sastroamidjojo.

Tanpa Tlacak

Rong taun sawise prahara politik ‘65 lerem, Soeroto nyoba nglacak lukisan telu amanahe Kardinah mau menyang Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. Soeroto sengaja sanja menyang tilas kantore merga ya ing papan kono lukisan-lukisan mau diweruhi kanggo sing pungkasan. Dheweke kupiya nakoni siji-siji pegawe kementerian, kalebu marang Menteri Prijono. Nanging kabeh mangsuli ora ngerti dununge. Lukisan ‘bersejarah’ iku kaya sirna diuntal bumi.

Foto bersejarah Kartini, Kardinah lan Rukmini taun 1901. Dinuga dijepret ing Semarang dening Charls & Co.

“Eman banget yen lukisan-lukisan iku tembene ora bisa ditemokake. Ilange lukisan mau kapitunan gedhe tumrap sejarah nasional kita,” ujare Sitisoemandari ing bageyan pungkasan bukune. Sitisoemandari kapundhut taun 1994 ing yuswa 85 taun. Soeroto sumusul rong taun candhake ing umur 84 taun.

Selasa, 20 Mei 2025, Panjebar Semangat kober nakokake prekara lukisan telu yasane Kartini sasedulur iku marang Menteri Pendidikan dan Kebudayaan periodhe 1993-1998 Wardiman Djojonegoro. Wardiman, sing uga presasat ngentekake umure kanggo nliti sejarah Kartini, paring wangsulan menawa karya seni kasebut engga seprene ora kasumurupan panggonane. 

Nalika Panjebar Semangat nyoba nggathukake ilange lukisan mau karo ‘dosa politike’ Raden Mas Soesalit (putra tunggale Kartini) ing Peristiwa Madiun 1948, Wardiman uga ora bisa nduga-nduga. Miturut panjenengane, Soesalit pancen kober dituding cedhak karo idheologi komunis, nanging dheweke wis tampa pidana arupa dipunthes karir militer-e ing umur 48 taun.

Panjebar Semangat kober pitakon maneh bab bener orane Kartini tinggal donya ing Rembang,  17 September 1904 merga diracun. Miturut Wardiman ora ana bukti kuwat menawa sedane Kartini ing umur 25 taun mau jalaran racun. Arsip lan dhokumen sing tinemu ngandharake menawa Kartini tinggal donya ing pankone garwane, Adipati Ario Singgih Djojoadhiningrat.

“Seksine sawenehe dhokter sing ngobati Kartini. Pihak kulawarga uga wis menehi pasekses tinulis komplit sa-tandha tangane,” ujare Wardiman. Yen nganti seprene isih ana sing percaya menawa Kartini tinggal donya merga racun, kuwi merga teori konspirasi sing dibiwarakake dening Walanda nalika semana. Teori konspirasi iku dipercaya bebrayan nadyan tanpa bukti kuwat. “Pancen ana kasujanan-kasujanan nalika kuwi, geneya Kartini tinggal donya ing wektu sing cepet banget. Nuli digathuk-gathukake karo racun,” ngendikane Wardiman Djojonegoro.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 343

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *