Pulo Medura (Madura) kang sugih tradhisi, budaya lan crita rakyat, bebasan sumber sing ora tau asat tumrap sastrawan. Maneka kearifan lokal ing Pulo Uyah iku banget narik kawigaten kanggo diangkat menyang karya sastra, becik kang arupa crita pendhek apadene puisi.

Prekara kuwi dadi rembug jrone kegiyatan pelatihan ‘penulisan sastra kreatif berbasis kearifan budaya lokal Madura’ ing SMKN 1 Bangkalan, Setu, 18 April 2026. Kegiyatan kang minangka bageyan saka Pengabdian kepada Masyarakat Senat Akademik Universitas Negeri Surabaya (Unesa) iku nggandheng anggota Komunitas Masyarakat Lumpur Bangkalan cacah 40. Komunitas kasebut madhahi para nom-noman kang nduweni rasa seneng marang donyane sastra, utamane cerpen lan puisi. Taun 2025 Komunitas Masyarakat Lumpur Bangkalan antuk pangaji-aji Sutasoma Balai Bahasa Jawa Timur kategori komunitas sastra.
Pemateri jrone pelatihan kasebut dumadi saka Guru Besar Fakultas Bahasa dan Seni Unesa Prof. Dr. Setya Yuwana Sudikan, M.A.; dhosen Unesa Dr. Titik Indarti, M.Pd., sastrawan Dr. M. Shoim Anwar, M.Pd.; novelis Arafat Nur; redhaktur seni budaya koran Surya Dr. Endah Emawati, M.Pd., redhaktur sastra Panjebar Semangat Kukuh S. Wibowo; sarta pimpinan Komunitas Masyarakat Lumpur Bangkalan M. Hilmi, M.Pd., sarta Rozekki, M.Pd.
Prof. Setya Yuwana kang mucuki sesorah minangka pemateri kunci (keynote speaker) ngandharake, masyarakat Medura banget memundhi marang kearifan lokal kang diturunake dening para leluhure. Dhosen senior mau menehi tuladha, minangka salah sijine pulo pengasil mbako, panandure komodhitas kasebut dening petani ora mung angger. Petani tradhisional Medura, ngendikane Setya Yuwana, tansah ngugemi kapitayan pranata mangsa.
Kanthi kapiyatan iku petani mbako bisa ngancer-anceri kapan wancine tanem sing pas amrih asil panene mengko becik. Ora mung asil panene sing becik, nanging mutune mbako uga apik. Kabeh iku kedadeyan merga asil prosese masyarakat karo lingkungan.
“Kapan nandur mbako sing asile apik, kapan sing asile ora apik, mung petani mbako Medura sing ngerti merga padha ngugemi kearifan lokal, pengetahuan lokal, lan lokal genius,” tuture Setya Yuwana.

Setya Yuwana mratelakake, pangugeme masyarakat Medura marang kearifan lokal ora beda karo wong Jawa. Rumuhun wong Jawa yakin yen ana cumlorote lintang kemukus, ateges pratandha ala. Yen ora tengara bakal sumrambahe pageblug ya njebluge perang.
Ing sisih liya, wong Medura umume isih sumuyud marang wong tuwa, kyai lan bupati (pimpinan). Tetelune ora bisa digeser saka kepatuhan uripe wong Medura. “Kekuwatan sastra Medura satemene dumunung marang kearifan lokal-e kuwi,” imbuhe Setya Yuwana.
Otentik
Shoim Anwar menehi tips kepriye proses nulis karya sastra sing becik. Minangka penulis sing ambyur ing jagad sastra Indonesia wiwit ‘80 an, sarta kerep dadi juri lomba ngarang, Shoim njurung para sastrawan mudha nulis karya sing beda karo kancane. Panulisan sing beda iku, tumrap Shoim, kegolong kreatif.

Dhosen Universitas PGRI Adi Buana Surabaya iki mbeber pengalaman dadi juri lomba ngarang. Saka puluhan karya sing dielokake kompetisi, ujare Shoim, racak cara nulise padha. Tema sing diangkat uga ora beda adoh. Shoim ngaku pindha entuk rejeki yen saka puluhan naskah lomba sing diseleksi iku nemokake cakrik tulisan sarta tema sing nyele tinimbang liyane.
“Tumrapku, kreatif iku bisa ditegesi beda karo liyane. Kanthi ngono si penulis wis bisa nemokake ciri khase dhewe,” kandhane Shoim sing uga alumni Jurusan Pendidikan dan Sastra Indonesia IKIP Surabaya angkatan 1984 iki.
Shoim nuturake, ngarang fiksi beda karo gawe lapuran jurnalistik. Saengga yen ana sebageyan pengalaman pribadine penulis sing mlebu menyang karya sastra, mungguhe Shoim sah-sah wae. Ora ana lupute. Kepara kanthi mlebune pengalaman pribadine penulis, karya sing diasilake luwih otentik. Dheweke menehi conto novel asesirah Olenka kang ditulis Budi Darma. Mataun-taun Shoim penasaran karo judhul kasebut. Budi Darma dhewe uga nyimpen rapet bleger Olenka. Nganti sawijine dina Budi Darma, sing nalika semana uga dhosene Shoim, ketrucut omong menawa Olenka mono sejatine jenenge pacare sing biyen ora dadi.
Pengalaman sing kurang luwih padha, ujare Shoim, uga kedadeyan marang karyane. Dheweke ngaku tau nglebokake jeneng pacare sing wekasan putus, menyang njero tulisan. Miturut Shoim, pedhote sesambungan tresna iku ora merga congkrah. Nanging Shoim mundur sarana alus jalaran wong tuwane pacare ndheseg supaya sesambungan mau enggal diresmekake.
“Nalika semana aku isih semester papat, aku sumelang ora bisa mulyakake dheweke merga durung cekel gawe,” kandhane Shoim blak-blakan.
Puluhan taun candhake, nalika dianakake reuni angkatan kuliyah, Shoim lan mantan pacare sing wis padha dene duwe putu mau, ketemu maneh. Ing kalodhangan iku Shoim menehake novel sing tau ditulis magepokan karo kisah cinta-ne sing kandhas nalika semana. Novel ditampa dening si mantan kanthi bungah. Sawatara dina candhake Shoim ditilpun.
“Wis dakwaca. Sampeyan kokya sik eling wae (karo kisah kuwi),” kandhane Shoim nirokake tilpune mantan pacare mau.
Shoim uga nyoroti panggawene irah-irahan utawa judhul. Judhul sawijine karya sastra, kandhane Shoim, kudu unik, imajinatif, malah yen perlu provokatif. Judhul sing biyasa-biyasa wae, ora narik kawigaten. Mangka satemene kandhutan jrone karya sastra iku banget nengsemake. Sing uga wigati kanggone penulis, imbuhe Shoim, yaiku bab riset lapangan (reportase) lan riset data amrih karya sing diasilake nduweni bobot landhesan luwih kuwat.
Sauntara iku Kukuh S. Wibowo luwih akeh mbeber pengalamane ngurasi naskah sing bakal kapacak Panjebar Semangat. Minangka medhia sing nglestarekake kabudayan sarta tradhisi Jawa, tema-tema ngenani kearifan lokal klebu sing digatekake. Dheweke menehi conto crita cekak asesirah Gunung Kemukus dening Gunoto Saparie, lan crita mini mawa judhul Milangkori Ngedhem Ati karyane Syafi Rilla S. Maghfuroh.
Kandhane Kukuh, crita loro kuwi kenthel dening materi kearifan lokal tanah Jawa. Nadyan ditulis dening generasi pengarang kang beda, sarta nganggo pendekatan sing uga beda, nanging lelorone bisa njlentrehake werdi kang kinandhut waliking tradhisi lokal mau kanthi becik. Mertandhani menawa kekarone wis tau nyumurupi dhewe tradhisi sing ditulis kuwi, utawa saora-orane wis nduweni kawruh kang cukup. Gunoto mbudidaya ngonceki wewadi samburining ritual erotis Gunung Kemukus, dene Syafi Rilla nyoba mbeber prekara tradhisi Mahesa Lawung ing Alas Krendhawahana, Karanganyar lan tradhisi desa adat Kete Kesu, Tana Toraja.
“Ing crita mau Gunoto Saparie nggunakake pendekatan minangka periset, dene Syafi Rilla minangka jurnalis wanita,” kandhane Kukuh.
Kepriye karya sastra sing sumbere saka kearifan lokal Medura? Miturut Kukuh, Panjebar Semangat ora tau macak karya sastra kanthi tema tradhisi Medura jalaran arang banget ana karya sastra kang ngangkat tradhisi kuwi. Panjebar Semangat tau duwe penulis prodhuktif saka Kamal, Bangkalan, asama Anie Sumarno. Nanging panjenengane luwih kerep kirim naskah arupa geguritan.
Sangertine Kukuh, Panjebar Semangat mung tau macak legendha Pulo Medura kanthi judhul Ke’ Lesab Lancur Bangkalan karyane Tiwiek SA awal taun ‘80 an. Crita rakyat berseri iku disenengi para pamaca nalika kuwi. Eman nalika ditakokake marang pasarta pelatihan apa ana sing tau krungu karo jeneng Ke’ Lesab, kabeh gedheg.
Dene Arafat Nur ngojahake proses kreatife minangka novelis wiwit ing Propinsi Aceh isih timbul gangguan sparatis Gerakan Aceh Merdeka (GAM). Minangka warga Aceh, Arafat kang lulus SMA taun 1996 kober nggamblok GAM nalika propinsi kasebut meneri ngecakake Daerah Operasi Militer (DOM). Dheweke ngaku meruhi omah-omah diobong. Dheweke uga kandha tau ditumpakake sepedha motor kanthi tangan dibanda lan mripat ditutup kain.
Nganti seprene trauma kang kasebab prilaku kasar aparat, ora bisa dilalekake saka pikirane. Nanging dheweke ngakoni ing swasana keplened dening sistem politik sarta moncong bedhil, imajinasine dhestun urip. Pengalaman pribadi lan imajinasi iku wusana diracik dadi karya sastra. Asil karya mau ana kang arupa novel ana uga sing dikirim menyang aplikasi digital. Samengko Arafat manggon ana Ponorogo, Jawa Wetan. Saben dina pakaryane minangka dhosen STKIP lan petani. Saploke ‘keplantrang’ menyang tlatah Jawa Wetan, Arafat durung tau bali menyang Aceh. “Aku nemokake panggonan kang tentrem kanggo berkarya ing Ponorogo,” kandhane penulis sing tau nyabet sawatara pangaji-aji sastra iki.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo



