Dewan Perwakilan Daerah RI srempeng ngupaya mawujude Undang-Undang Bahasa Daerah. Sebab basa-basa lokal ing Nuswantara dinane iki lagi ngadhepi ancaman serius tumuju kecuresan. Njejegake basa dhaerah padha karo ngukuhi ketahanan budaya bangsa. Perlu aksi nyata amrih ora mung kandheg ing tataran konsep.
Vidheo kang kober viral ing media sosial iku njalari ngelus dhadha. Ya anyel, ya kudu ngguyu. Ngatonake adegan sawenehe guru wanita lagi nyinaoni etung-etungan cara Jawa marang muride. Ora kacethakake murid kelas pira. Nanging yen ndulu umur-umurane sing isih bocah cemlewo, mbokmenawa kuwi siswa kelas 2 utawa kelas 3 SD.
Bu Guru sing ayu rupane mau akon si murid nyebutake etung-etungan angka rongpuluh mendhuwur. Murid wadon iku celathu bantas, “Telung likur, papat likur, limakur…”
Bu Guru mawa kaca mripat minus iku nyandhet karo mbenerake, “Telulikur, patlikur, selawe.” Kang banjur disut dening muride,” Selawe, nem lawe….”
Guru mau ngguyu kepingkel-pingkel. Wondene si murid mesam-mesem klincutan. Wong Jawa sing wis umur mbokmenawa bakal melu ngguyu upama nyumurupi kedadeyan iku. Saka cuplikan vidheo cekak mau bisa diweruhi menawa ing tataran sinau basa Jawa kang paling dhasar wae, bocah-bocah jaman saiki wis padha rekasa. Mbokmenawa ing pasrawungan lingkungan kulawarga ora dikulinakake caturan cara Jawa. Satemah nalika bocah kasebut ngrembaka gedhe, ana rasa asing yen krungu tetembungan basa Jawa.

Nadyan katone mung sepele, nanging yen prekara remeh mau ora tumuli antuk kawigaten, sangsaya suwe bakal ngikis kahanane basa Jawa kuwi dhewe. Samengko wae kanthi gampang bisa ditonton sangsaya akeh pelajar sing ora ngerti krama inggil. Marang guru lan wong tuwa, caturane ngoko. Kuwi isih apik merga gelem nganggo basa Jawa. Jalaran akeh sing wis caturan nggunakake basa Indonesia kepara basa Inggris marang guru lan wong tuwa.
Nadyan gunggunge suku Jawa mayoritas yen dibandhingake suku-suku liyane, nanging dinane iki lagi ngadhepi ancaman sing ora entheng, yaiku curese basa lokal. Basa Jawa minangka idhentitas kedhaerahan, sangsaya kedheseg minggir dening basa Indonesia lan basa asing. Yen suku Jawa sing mayoritas wae basane wis sangsaya luntur, kepriye suku-suku liyane?
Ing erane Presiden Joko Widodo, Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset dan Teknologi (Kemendikbudristek) nyatakake menawa 11 basa dhaerah cures merga wis ora ana penuture. Basa-basa lokal kang ndhisiki ilang iku mapan ana wilayah Papua lan Maluku. Yaiku basa Tandia ing Papua Barat, basa Mawes ing Papua, basa Kayeli ing Maluku, basa Piru ing Maluku, lan basa Moksela ing Maluku. Kejaba kuwi uga basa Palumata ing Maluku, basa Ternateno ing Maluku Utara, basa Hukumina ing Maluku, basa Hoti ing Maluku, basa Seruka ing Maluku, lan basa Nila ing Maluku.
Kanggo ngawekani amrih ora sangsaya sirnane basa-basa tradhisional, Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Kementerian Pendidikan Dasar dan Menengah (Badan Bahasa) ngudi kanthi maneka cara. Salah sijine yakuwi nggandheng komunitas-komunitas pelestari basa dhaerah. Ing sisih liya, Badan Bahasa terus ngrevitalisasi basa-basa dhaerah mau amrih ora ilang. Taun 2024 kepungkur upamane, ana 97 basa dhaerah sing di-revitalisasi saka Sabang nganti Merauke. Badan Bahasa narget ana 120 maneh basa dhaerah sing direvitalisasi.
Sairing karo bantuane pamarentah lumantar komunitas-komunitas pelestari basa, Badan Bahasa uga kupiya nindakake revitalisasi basa-basa dhaerah kasebut. Diajab masyarakat ora surut semangate nggunakake basa dhaerahe dhewe supaya tansah lestari. Upamoa wis ora kena dipenggak kecuresane jalaran penuture wis entek, Badan Bahasa kepengin ilange basa dhaerah mau ora ujug-ujug. Nanging isih bisa ditahan nganti puluhan taun lawase.
Ketahanan Budaya
Angin seger pangarep-arep bakal tetep kukuhe basa dhaerah tumiyup nalika Menteri Kebudayaan Fadli Zon nemenake yen ta pamarentah nduweni komitmen ngayomi lestarine basa lokal. Miturut salah siji menteri cinakete Presiden Prabowo Subianto mau, basa dhaerah yektine dudu mung saderma alat komunikasi, nanging uga pondhasi ketahanan budaya sarta idhentitas bangsa.
“Mula negara mesthekake yen basa dhaerah ora mung diayomi, nanging uga digunakake, dikembangake, dipaedahake, lan diwarisake marang generasi bacute,” kandhane Fadli nalika patemon karo anggota Komite III Dewan Perwakilan Daerah Republik Indonesia (DPD RI) ing Jakarta, Selasa, 7 April 2026.
Fadli nuturake, wujud nyatane pamarentah ngayomi sarta ngembangake basa dhaerah yaiku kanthi dibahase Rancangan Undang-Undang (RUU) Bahasa Daerah. Fadli njlentrehake, strategi ngukuhi lestarine basa lokal perlu diowahi saka sing maune pelestarian pasip menyang revitalisasi aktip.

(Foto Antara)
Upaya kasebut bisa ditindakake lumantar maneka cara. Ing antarane liwat integrasi sistem pendidikan, maedahake teknologi digital, sarta njurung generasi mudha mrodhuksi konten kreatif migunakake narasi basa dhaerah. Saengga rancangan berbasis dhata liwat dhokumen Pokok Pikiran Kebudayaan Daerah (PPKD) minangka dhasar kebijakan ing tingkat dhaerah, wigati kanggo dileksanani.
“PPKD dudu mung sekadhar dhokumen administratif, nanging mujudake landhesan kanggo njupuk keputusan kebudayaan kang didhasarake marang kondhisi faktual ing lapangan. Saka kono kita bisa mesthekake menawa kebijakan kang dijupuk kepala dhaerah bener-bener selaras karo kebutuhan masyarakate,” ujare Fadli dikutip saka Kantor Berita Antara.
Ketua Komite III DPD RI Filep Wamafma kandha, dibutuhake penguwatan-penguwatan marang inti sari (substansi) RUU Bahasa Daerah sing dinane iki lagi jrone tahap pembahasan. Dheweke ngajab yen RUU mau wis disahake dadi UU, cak-cakane bisa bener-bener dirasakake dening kabeh dhaerah ing wilayah Indonesia.
Filep mratelakake pembahasan RUU Bahasa Daerah kawiwitan taun 2024 kepungkur. Nanging prosese ora bica cepet jalaran DPD butuh konsultasi karo pamarentah, mligine Kementerian Kebudayaan lan Kementerian Pendidikan Dasar dan Menengah (Kemendikdasmen).
Pangajab sing padha uga diandharake dening anggota DPD perwakilan Papua, David Harold Warumi. Dheweke darbe panemu, pangayoman marang basa-basa lokal perlu diseriusi dening kabeh pihak jalaran basa dhaerah gegayutan karo idhentitas bangsa. David ngaku oleh usulan-usulan saka masyarakat adat Papua ngenani pentinge ngukuhi kabudayan lokal, klebu basa asli ing tlatah kasebut.
“Indonesia dikenal dening donya minangka negara kang sugih budaya lan basa. Basa dhaerah mujudake idhentitas lan warisan leluhur kang wajib direksa sarta dilestarekake,” kandhane David.
Kemendikdasmen nyebutake Indonesia nduweni ora kurang saka 817 basa dhaerah. Ngupakara lestarine basa dhaerah sing gunggunge nganti meh sewu mau dudu pakaryan gampang tumrap pamarentah. Dibutuhake partisipasi aktip masyarakat magepokan karo upaya ngukuhi lestarine basa kasebut. Cara sing paling gampang tur murah yaiku nggunakake jroning pasrawungan padinan. Ing sisih liya, pamarentah perlu mikuwati upaya pelestarian iku lumantar kawicaksanan-kawicaksanan sing nyengkuyung. Upamane, basa lokal dadi wulangan wajib ing sekolah lan nemtokake kelulusan. ‘Gotong royong’ antarane masyarakat lan pamarentah mau diyakini bakal kuwawa ngukuhi adeging basa dhaerah. Nyinau basa manca kena-kena wae, nanging aja kongsi nglalekake basane dhewe.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo



