Saben taun rikala arep ganti taun mesthi rame. Ana kang setuju lan ana kang ora setuju yen dianakake pengetan. Malah asring di gandhengake karo agama. Wis pokoke marahi rame yen dirasakake. Nanging yen katilik ana negara ngendi wae kang jenenge ganti taun anyar Masehi ya rame. Malah ana negara-negara Arab kana kaya Abu Dabi lsp malah uga nggawe keramaian kaya nyumet kembang api kang spektakuler kae.
Apamaneh kang mayoritas warga negara tinamtu akeh kang Kristiani, mesisan mahargya warsa enggal kaya-kaya olehe mengeti gedhen- gedhen. Ana Amerika, Eropa, Amerika Latin lsp. Ya padha karo pengetan ambal warsa apa wae, kaya ambal warsa pribadi, perkawinan, organisasi, kamardikane negara sing mesthi akeh dipengeti. La yen pengetan ganti taun wong ya kaya pengetane wong sak ndonya ora mbedakake werna kulit, negara lsp. Kabeh kaya-kaya padha menehi pengetan malah kanthi gedhen-gedhen.
Kamangka yen dipikir-pikir apa ta bedane. Wong ya mung angka-angka. Apa bedane taun-taun umpamane tahun 2014, 2015, 2016, 2017 lan uga 2019. Kang mbedakake sejatine mung prastawa-prastawa kang dumadi ing taun iku. Semono uga ing taun 2019 uga ana prastawa-prastawa kang manut panemuku ndadekake bangsa iki kaya-kaya kok banjur kaya padudon kang ora ana unggah-ungguhe babar pisan ing media sosial.
Ukara-ukara kang ora pantes kaya wis dadi biasa rikala debat ana media sosial. Kang aneh maneh, akeh-akehe kang padha debat ing media sosial mau ora jelas sapa. Amarga padha nganggo jeneng singlon. Arang-arang banget ana pawongan kang nyata. Yen ana umpamane kancaku kang mehak marang paslon tinamtu banjur carane ngelek-elek bakal dak putus olehku kekancan. Ya tinimbang ora apik dadine. Yen isih wajar wae ya daktogake wae. Paling-paling ora dakwaca.
Ya anane pililihan presiden utawa pilpres iki kang mbedakake antarane taun-taun sadurunge. Apamaneh lagi ing taun 2019 iki pilihan Presiden lan legislatif dianakake bebarengan. Dadi ing taun 2019 iki ana pilihan Presiden, DPR, DPD, DPRD Provinsi, lan DPRD Kabupaten/Kota ing Indonesia. Coba para maos galih, pilihan wingi wae durung nganti rampung kesele saiki wis pilihan maneh. Ana ing taun 2018 wingi wis ana pilihan Gubernur, Bupati/Walikota bebarengan. Gunggunge wae ana 171. Pilgub ana 17 Provinsi, Walikota ana 39 lan Bupati ana 115. Aku dhewe minangka Bupati Magetan wis dilantik tanggal 24 September 2018. Nanging Bu Khofifah kang wis dinyatakake menang ana Pilgub Jawa Timur dilan- tike isih tanggal 12 Pebruari 2019, amarga Pak Dhe Karwo nembe tanggal iku mungkasi jabatan minangka Gubernur Jawa Timur. Malah walikota Madiun Maidi kang wis kapilih ana pilkada taun kepungkur dilantik isih nunggu nganti tanggal 6 Juni 2019. Mula bisa dakibaratake, olehe nduwe gawe durung ilang kesele wis disambung nduwe gawe maneh.
Beda karo pesta demokrasi ing tahun 2014 kepungkur, pemilu dianakake ora bebarengan. Sepisan milih anggota dewan dhisik yaiku DPR Pusat kang gunggunge 560 anggota. Lan uga milih anggota DPD kang gunggunge 132 anggota. Semono uga anggota DPRD Provinsi lan DPRD Kabupaten/Kota uga dipilih ana Pemilu mau. Asile pemilu mau DPR banjur nemtokake pasangan Presiden kang bakal melu Pilpres. Kebeneran ana Pilpres 2014 dimenangake pasangan Jokowi-JK kanthi antuk swara 53,15%. Dene pasangan Prabowo-Hatta Rajasa antuk swara 46,85%. Ya amarga pasangan Prabowo-Hatta Rajasa kalah mau banjur nggugat ana MK. La olehe nggungat ana MK mau kok ya saben ndina ana demo kang mbela Prabowo-Hatta Rajasa amarga dianggep ana ing Pilpres mau kurang adil. Olehe demo saben ndina nggawa speaker gedhe kang swarane mbrebegi sapa wae. Kok kebeneran wektu iku aku isih dadi Sekretaris Jenderal Kementerian Komunikasi dan Informatika kang kantorku ana Medan Merdeka Barat 9 Jakarta. Lan kantorku mung keletan Kementerian Perhubungan. Dadi yen aku ndeleng saka ruanganku ana sap (lantai) pitu cetha banget. Ya swarane ya kang demo mau. Malah akhire kang demo mau nganti ngrusak taman-taman.
Ramene Pilpres lan pileg kaya saiki iki ora bakal ketemu ana ing jaman Orde Baru. Rikala peprentahan Pak Harto biyen, ing wiwitan program pembangunan nduwe jargon Trilogi Pembangunan. Ana ing Trilogi Pembangunan mau ana fokus lan urut-urutan pembangunane. Sepisan stabilitas, pertumbuhan ekonomi, lan nembe pemerataan. Mula ora nggumunake yen sistem poltik kang dibangun Pak Harto sistem politik floating mass utawa masa me- ngambang. Tegese, rakyat ora antuk saben-saben ana pilihan. Pemilu mung dianakake limang taun sepisan. Kang dipilih mung anggota DPR lan DPRD Provinsi lan Kabupaten/Kota. Iku wae isih ana kang diangkat saka ABRI.





