Wali Kota Eri Nyiapake Atusan Paskibraka Surabaya dadi Duta Kampung Pancasila

Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya paring penghargaan marang anggota Pasukan Pengibar Bendera Pusaka (Paskibraka) Kota Surabaya Taun 2026 sing wis nindakake tugas ngibarkake Sang Merah Putih ing pengetan HUT kaping 81 Kemerdekaan Republik Indonesia. Penghargaan kuwi diparingake ing Malam Apresiasi Paskibraka Kota Surabaya 2026, ing Lobi Lantai 2 Balai Kota Surabaya, Senen (17/8/2026) bengi.

Jroning kalodhangan mau, Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi nyiapake atusan anggota Paskibraka saka sawetara angkatan kanggo dadi Duta Kampung Pancasila ing 2027. Cak Eri pengin para pemudha kuwi ora mandheg sawise nindakake tugas ngerek gendera, nanging terus ngusung semangat Paskibraka menyang tengahe masyarakat.

“Aku pengin mengkone Paskibraka iki dadi Duta Kampung Pancasila. Aku pengin Surabaya dikebaki nom-noman, Surabaya dijaga nom-noman, lan Surabaya dikukuhi dening para nom-noman,” kandhane Wali Kota Eri.

Wali Kota Eri nambahake, Paskibraka kuwi dudu mung saderma pasukan sing tugasé ngerek gendera. Para anggotane wis digembleng kanthi kedisiplinan, kepemimpinan, kekompakan, sarta kemampuan kanggo padhadene ngajeni lan nguwatake.

Cak Eri njlentrehake, wiwit 2022 nganti 2026 ana kira-kira limang angkatan Paskibraka Surabaya kanthi jumlah anggota kira-kira wong 100 saben angkatan. Potensi kuwi dianggep bisa dadi kekuwatan pemuda sing cawe-cawe aktif njaga nilai-nilai Pancasila ing lingkungan masyarakat.

“Nalika kowe kabeh bali menyang omahmu dhewe-dhewe, semangat Paskibraka aja nganti luntur. Dadiya pemuda sing wani dadi pelopor kanggo ngukuhi kemerdekaan, njaga keamanan, kebersamaan, lan kekeluargaan ing kutha Surabaya,” jelase.

Miturut Wali Kota Eri, proses pendidikan sajrone kira-kira rong minggu ora mung mbentuk kemampuan fisik, nanging uga mental para anggota. Kabeh padha dilatih kanggo ngerti karakter siji lan liyane, padha ngelikake nalika ana kesalahan, sarta padhadene nguwatake nalika ngadhepi masalah.

“Sing paling penting ora mung fisike, nanging mentale. Kepriye kowe kabeh padhadene ngajeni, ngerti karakter siji lan sijine, padha ngelikake nalika ana kesalahan, lan padha nguwatake nalika ana sing tiba,” jlentrehe.

Cak Eri uga ngajab nilai-nilai ksb dadi sanggu tumrape para Paskibraka bisa tuwuh dadi pemimpin ing mangsa tembe ngarep. Miturut Cak Eri, pengalaman dadi Paskibraka mujudake langkah awal kanggo mbentuk generasi mudha sing nduweni mental kuwat lan jiwa kepemimpinan.

“Pemimpin kuwi dudu wong sing rumangsa paling hebat utawa paling apik. Pemimpin kuwi wong sing bisa mbangun tim sing kuwat lan gedhe,” tandhese.

Sauntara kuwi, perwakilan anggota putri Paskibraka Kota Surabaya 2026, Adeline Jessica Wijaya, ngaturake panuwun marang Pemkot Surabaya, para pelatih saka Garnisun Kota Surabaya, Badan Kesatuan Bangsa dan Politik (Bakesbangpol), sarta DPPI (Duta Pancasila Paskibraka Indonesia) sing wis ndampingi dheweke sajrone proses pendidikan lan pelatihan.

“Kita seneng banget bisa dadi bagian saka proses iki. Kita nyuwun donga pangetu supaya Paskibraka Kota Surabaya 2026 bisa terus berkembang lan aweh dampak positif kanggo kutha Kota Surabaya lan Indonesia,” ujare Adeline.

Perwakilan anggota putra, Rafka Fairuz Hasan, melu seneng atas dukungan Pemkot Surabaya sajrone pelaksanaan pemusatan pendidikan lan pelatihan Paskibraka 2026.

“Kita ngaturake sakehing panuwun marang Bapak Wali Kota Surabaya lan Pemerintah Kota Surabaya marang sakabehing dukungane ing kegiatan pelaksanaan pemusatan pendidikan lan pelatihan Paskibraka kutha Surabaya Taun 2026,” pungkasé. (d)***

Editor : Donny Tunggul

Sumber : Rilis Pemkot Surabaya

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 58

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *