wewengkon dusun Pandes meh saben wargame padha mroduksi dolanan bocah, nanging saiki mung kari wong 3 wae sing isih setya gawe dolanan bocah. Dolanan bocah tradhisional gaweyane warga Pandes kasebut dhek taun 1960-an tekan 1980-an mula akeh disenengi dening bocah bocah cilik “Jaman rumiyin saben wonten tontonan, lare lare alit sami nyuwun dhumateng tiyang sepuhe supados mundhutaken dolanan dagangan kula. Nanging samenika

Dhek taun 1970 tekan 1980-an, ana dolanan bocah sing klebu popular lan disenengi dening bocah cilik yaiku wayang purwa saka kerdus, dolanan kitiran saka kertas sing diwenehi werna nganggo nopal (teres) abang, ijo, lan kuning, payung saka kertas uga orogorog, sing biyen tau laris banget. Nanging kabeh mau saiki wis kalah karo playune jaman. Saiki bocah bocah cilik wis ora ketarik karo dolanan tradhisional gaweyane Mbah Redjo Utomo (90) lan perajin liyane saka dusun Pandes, Kalurahan Panggungharjo, Kapanewon Sewon, Bantul sing kondhang minangka sentra kerajinan maneka dolanan bocah cilik iki.
DHEK semana mbah Redjo Utomo melu ngalami jaman kencanarukmine dolanan tradhisional lan melu ngrasake kaya ngapa laris manise dolanan tradhisional produksi warga dusun Pandes. Dhek jaman semana ing mboten wonten sing sami purun tumbas dolanan tradhisional menika,” critane Mbah Redjo Utomo marang PS.
Pancen bocah bocah milenial wis beda karo bocah cilik jaman ndhisik sing durung tepung karo smarthphone utawa android. Bocah bocah saiki luwih ketarik karo dolanan ing android sing jenenge play station lan game online, ketimbang karo dolanan gaweyane mbah Redjo Utomo.

Dolanan bocah sing isih tradhisional racake anggone nggawe saka bahan baku prasaja, kayata deling (pring) lan kertas bekas. Rehne bahan bahan baku lan panggawene prasaja, mula uga gampang anggone rusak. Seje karo dolanan saka plastik lan fiber gaweyan pabrik sing wiwit muncul ing taun 1980-an. Ora jeneng aneh yen mbaka sethitik, dolanan tradhisional wiwit kesingkir dening dolanan sing luwih modern. Senajan mangkono mbah Redjo Utomo isih tlaten nglestarekake dolanan tradhisional kanggo cagak uripe saben dinane.
“Kitiran menika bahan bakunipun saking kertas bekas, dene orog-orog bahan bakunipunn saking deling lan umplung,” kandhane Mbah Redjo.
Mbah Redjo Utomo kuwi jeneng asline Rubiyah, dene Redjo Utomo kuwi jenenge bojone kang wis almarhum. Anake telu, putune telu lan wis padha mentas lan makarya ana kutha Jakarta. Saben dinane Mbah Redjo Utomo mung urip ijenan ana omahe.

Dolanan sing diedol Mbah Redjo gaweyane dhewe. Olehe nggarap mung dikancani jam tembok lan TV 14 inchi kiriman saka anake. Omahe sing dienggoni kuwi klebu cakrik anyar, digawe saka tembok bantuan saka pemerintah. Dene omahe sing lawas wis ambruk rata karo lemah nalika kutha Yogyakarta katerak lindhu gedhe taun 2006 kepungkur. Tujune nalika ana lindhu gedhe kuwi Mbah Redjo lagi golek eretan kayu ing sakiwa tengen omahe, dadi bisa slamet lan ora kebrukan omah.
Mbah Redjo Utomo dhewe ngakoni menawa anggone gawe dolanan iku tiru tiru tanggane dhek jaman semana kayata Mbah Joyo, Mbah Parto, lan Mbah Atmo sing panggaotane uga gawe dolanan tradhisional. Olehe gawe dolanan maneka werna jinisie, kayata wayang angkrek, klonthongan, kitiran, orog-orog, wayang kerdhus, dolanan kurungan manuk lan payung kertas. Bahan bakune kulakan saka Pasar Beringharjo. Olehe ngelim dolanan mung nganggo pathi kanji.

Dolanan gaweyane Mbah Redjo Utomo kuwi regane saben sijine mung Rp 3000. dadi murah banget. Anggone nawakake dolanane cukup ditancepake ana gedebok sing disigar, banjur dipinggul, dene sisane cukup diwadhahi ana tenggok sing digendhong mecaki sadawane dalan dalan kampung ing kukuban kutha Yogyakarta.
Olehe budhal mider nawakake dagangane wiwit bubar subuh, nganti tekan jam telu awan. Olehe mandheg leren sedhela ing Pasar Gamping, Sleman sing dohe udakara 10 km. Amarga yuswane wis tuwa, Mbah Redjo anggone mider adol dolanan mung rong dina sepisan, lan saben saideran asile rata rata Rp 40.000 tekan Rp 60.000. Wis cukup kanggo cagak urip saben dinane jarene.
Panulis: Isti Nugroho
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







