
Ing jaman informasi kang sarwa tinarbuka, guru diadhepake marang dilema jroning mbina prilaku lan mentale siswa: milih tegas apa dhemokratis. Dilema batin mau gegayutan karo sikepe wali murid sing tipis ati yen anake dibina mentale dening guru, wusana ndakwa ‘pembinaan’ mau minangka tindakan ‘kriminal.’ Wekasan sebageyan guru milih apatis marang prilakune murid senadyan cetha si bocah wis nerak etika sarta nrajang kepatutan minangka jejering siswa.
Sok mengkonowa jiwane guru ora bisa digorohi. Sawenehe guru mokal lulus dadi pendidik tanpa ngliwati proses akademik luwih dhisik. Lan sasuwene proses akademik mau ora kendhat ditanemake kapitayan menawa ayahane guru banget nemtokake ngrembakaning jiwa anak didike. Mula sikep apatis sing dipilih guru minangka wujud protes marang wali murid kang nggawa masalah pendidikan menyang jalur ukum, biasane ora suwe.
Guru sejati mesthi ora nyaman yen mung saderma mulang karo mateni jiwane minangka pendidik. Nalika nyumurupi anak didike nerak etika lan sopan santun, guru tetep ngelingake minangka tandha rasa tresna, senadyan si bocah dudu anake dhewe.
Presiden Prabowo Subianto nalika ngrawuhi puncak pengetan Dina Guru Nasional, Jumuah, 28 November 2025, paring dhawuh supaya para pendidik ora wigah-wigih asikep tegas marang murid sing kurang ajar, ora preduli senadyan murid mau anake jendral paribasane. Miturut presiden, sikep tegas mau wigati kanggo njaga wibawane guru jroning mbentuk karaktere murid. Ing sisih liya, yen murid kang kurang ajar mau ditogake, sing rugi malah dheweke dhewe merga mengkone bakal dadi uwong sing gagal.
Panyengkuyunge Presiden Prabowo amrih guru asikep tegas mau kudu ditindakake kanthi gondhelan moral kang becik. Lire, sikep tegas mau dileksanani kanthi landhesan nuntun muride menyang dalan kang bener, ora kok krana emosi. Mula sesorahe Presiden Prabowo mau pindhane angin seger tumrap guru, ngiras pantes kanggo ngevaluasi kabeh insan pendidikan. Guru uga manungsa lumrah sing ora uwal saka kekurangan lan kesalahan. Ora ana alane yen guru uga instropeksi dhiri ing babagan iki.
Sawenehe guru SMA sing kejaba mulang pelajaran uga mbina mental lan karektere bocah crita, dheweke ora tau nemoni reribed nalika kudu nuduhake sikep tegas marang siswa kang angel tuturane. Malah miturut guru kuwi, wong tuwane murid menehi kalonggaran dheweke ndidik anake kanthi ‘keras’ supaya tembene ngerti endi sing bener lan sing luput. Sikep tegas kang dicakake ing wektu sing prayoga ora bakal ana masalah. Lagi dadi prekara yen sikep tegas kang dibungkus emosi mau ditindakake spontan.
Tumrap wali murid, sesorahe Presiden Prabowo mau uga penting dadi bahan evaluasi pribadi supaya ora gampang nglapurake guru kang darbe niyat ndidik, marang pulisi. Alasan tresna marang anak minangka dhasar lapur pulisi, malah bakal njlomprongake si bocah marang swasana kang ora nyaman.
Kasus murid ing Lebak, Banten, kang dikeplak kepala sekolah merga kumawani ngrokok ana lingkungan sekolah, lan sabanjure wong tuwane kang ora trima nglapurake masalah mau marang pulisi, satemene malah ngrugekake murid kuwi dhewe. Merga sawatara perusahaan dhaerah ing Banten wis nyatakake wegah nampa murid kurang ajar mau yen mbesuke dheweke nglamar penggaweyan. Kedadeyan mau bisowa dadi piwulang menawa wali murid kudu pana menawa guru saderma ngleksanani tugase mbudidaya mbentuk karakter lan mentale anak didik amrih mbesuke dadi manungsa-manungsa kang piguna.Temtu wae kabeh kepengin nonton laire generasi mudha kang cerdhas, unggul lan tanggon. Luwih-luwih pemerintah wis mathok target nglairake generasi emas mbarengi pengetan sa-abad proklamasi kamardikan 2045 mengko. Guru, wong tuwa lan masyarakat kudu nengenake sikep “mendidik” nalika ngadhepi masalah kang magepokan karo proses pendidikan ing sekolah. Kosok baline murid uga kudu sadhar menawa dheweke lagi ana jrone panggemblengan kanggo modhal mecaki dina tembe. Mituhi kabeh aturan sekolah lan ngurmati guru mujudake pilihan paling becik kanggo mapag dina tembe kang padhang. (Antara/ Masuki M. Astro)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







