Serbuk Mesiu Guwa Jepang Sentonorejo kanggo Tamba Gudhig

Negara Republik Indonesia dijajah dening Jepang antarane taun 1942 tumeka taun 1945. Senadyan kurang luwih mung 3 taun ananging tinggalan sejarah awujud bangunan cukup akeh lan sumebar ing saben papan. Bangunan kang mligi  minangka tinggalan Jepang  yaiku awujud guwa. Merga anane guwa iku dibangun ing mangsane jaman Jepang, mula banjur keceluk Guwa Jepang.

Ing Indonesia, guwa Jepang tinemu ana ing saweneh papan kaya upamane ing Bukit Tinggi, Sumatera Barat, guwa Jepang Bandealit ing Jawa  Timur, guwa Jepang Klungkung ing Bali, guwa Jepang Kawangkoan ing Sulawesi Utara, guwa Jepang Biak ing Papua, guwa Jepang Liliba ing Nusa Tenggara Timur, guwa Jepang Taman Hutan Rakyat ing Bandung, guwa Jepang Pangandaran ing Jawa Barat. Guwa Jepang ing Yogyakarta dhewe akeh banget, seka kawasan ing Gunung Merapi tumekane Parangtritis, Bantul. Ana salah sijine guwa Jepang kang narik kawigaten, yaiku guwa Jepang Sentonorejo ing Dhusun Sentonorejo, Desa Jogotirto, Kecamatan Berbah, Kabupaten Sleman, Yogyakarta.

Cagar Budaya Guwa Jepang Sentonorejo

Guwa Jepang Berbah iki unik lan nyalawadi. Mapan ana ing sak tengahing desa, guwa Jepang iki mapan ana ing sisih lor wetan ereng erenge Gunung Abang. Papane ana ing sacedhake situs-situs jaman kuna yaiku  Candhi Abang lan guwa Sentana. Kekarone mujudake situs tinggalane jaman kabudhan utawa jaman Kerajaan Mataram Kuna.

“Mbahku melu nggawe iki…” ujare Pak Jasmin, warga asli Sentonorejo.

Miturut Pak Jasmin, guwa iki dibangun kanggo gudhang senjata lan amunisi tentara Jepang.  Guwa digawe kanthi ndhudhuk gunung padas kang dhuwure kurang luwih 8 meter, lan dawane 32 meter. Ambane lawang guwa racake 2 meter lan dhuwure uga 2 meter. Supaya pengkuh  lan rapet kanggo papan pandhelikan, lawang guwa uga mawa piranti penguwat seka wesi waja, lan dibangun nganggo bata lan semen kayadene omah jaman saiki. Isih katon ana bekas engsel lawang ing sisih kiwa lawang guwa. 

“Mangga mlebet…” kandhane Pak Jasmin maneh karo ndhisik mlebu guwa. Padhange sunar srengenge seka njaba, sithik mbaka sitihik ilang. Njero guwa  malih dadi peteng ndhedhet lelimengan. Beja aku tansah sangu senter ing tas.

Kahanan jero guwa

Pranyata, guwa iki mujudake komplek guwa. Ana 4 guwa cacahe kang sambung sinambung siji lan sijine. Guwa kapisan yaiku guwa kang mapan paling lor. Jerone udakara 39 meter. Kahanane peteng lan anyep. Cahya seka sakjabane  guwa mung bisa nembus jeroning guwa kurang luwih 4 – 5 meter. Peteng ndhedhet lan ana sawetera banyu kang nete. Lawa padha mabur pating sliwer. 

Guwa kapindho mapan sak kidule guwa kapisan. Guwa iki katon luwih rapi, resik lan bakuh. Baturan seka bata lan semen isih katon wutuh tekan sak jabane lawang guwa. Katon menawa guwa iki minangka guwa paling wigati. Guwa kang  jerone kurang luwih  17 meter iki, ing tengah-tengahe  tinemu saweneh barang kaya bantalan ril sepur, kagawe seka semen, ana 8  lajur, nanging bantalane ming ana 6 iji. 

Bantalan-bantalan iku kang  kanggo ndeleh  amunisi utawa mortar supaya ora kengsreh lemah kareben ora teyengen.  Sakkiwa tengene ana lurung kang nyambungake tumuju guwa kepisan lan katelu, tumekane guwa kepapat. Guwa iki kang paling endah. Geret-geretan watu ing sak kiwa tengen lan ndhuwure, katon kuning. Katon jalur-jalur watu padhas alami kaya material kuna Gunung Abang.

Pak Jasmin nedya nyumet serbuk mesiu ing jero guwa

Guwa ketelu padha karo guwa kapisan, kurang luwih 39 meter jerone.  Kahanan watu lan guratane, memper guwa kaloro. Kahanane resik, lan katon jembar.  Lurung tumuju guwa liyane ana 2, yaiku ing saktengahe njero guwa, lan ana ing totogane guwa. 

Guwa kepapat, memper guwa kepisan, nanging kahanane luwih peteng, umes lan anyep.  Guwa paling kidul iki mepet banget karo pomahane warga. Mbokmenawa merga kuwi, kahanane dadi luwih lembab, peteng lan ana banyune.

Ing kene dumadakan Pak Jasmin mbungkuk, tangane coker-coker lemah. Kaya-kaya dheweke nemokake barang kang wigati. 

Pak Jasmin nemu serbuk mesiu

“Iki isi ne bom…. Rasane pait” ujare. Wujude serbuk kaya pasir ning kempel. Dheweke nyoba ngobong nganggo korek, ananging serbuk kuwi pranyata isih teles.

“Yen wong tuwa-tuwa biyen, iki digerus, dicampur lenga klentik, kanggo tamba gudhig” bacute. Rikala semana isih akeh pecahan-pecahan peluru lan serbuk amunisi kang padha pating bececer. Lan lara gudhig pancen umum ing Indonesia, mligine kanggo bocah ing taun-taun pasca kemerdekaan. Nah kang narik kawigaten ing kene, kepiye mula bukane kok bisa warga Sentonorejo reka-reka kanggo tamba lara gudhig.  Kok ana wae akale, atase serbuk bom, amunisi utawa mesiu kok bisa dadi tamba gudhig? Gek mung dicampuri lenga klentik. Apa iki klebu ngelmu pengobatan ing ditinggalake Jepang?

Panulis : Dwi Ony Raharjo
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *