Relief Nyalawadi ing Candhi Gampingan

Kayane ming cilik, ndhelik, babar blas ora moncer, ananging nyatane tekan saiki ora ana kang bisa maca utawa njlentrehake. Kamangka wujude cetha wela-wela. Ya kaya ngono iku kang kedadeyan ing Candhi Gampingan. 

Candhi Gampingan mapan ana ing Dhusun Gampingan, Desa Sitimulyo, Kecamatan Piyungan, Kabupaten Bantul. Mula bukane ketemu candhi iki ora kajarag. Dhek 1995  ana warga ngedhuk lemah arep dinggo nggawe bata. Ananging nalika satengahe ngedhuk, nanggor barang atos. Jalaran mapane ing desa Gampingan, candhi iki banjur dijenengi Candhi Gampingan.

Reca Jambala ing Candhi Gampingan

Candhi kasebut klebu unik. Watu-watune mujudake watu putih kang memper gamping, siji lan sijine diraketake mawa lemah lempung. Sawise bola-bali diadani panaliten, jebulane candhi iki nyolong pethek. Senadyan katone amung cilik, wis jugrug ora tumata, ananging nitik saka pondhasine, candhi iki mujudake komplek candhi. Kadhapuk saka wangunan 7.  Yaiku wangunan candhi utama, stupane 2, lan ing sisih kidul kulone stupa ana 4 maneh. 

Ing candhi iki uga ketemu reca Dewa Jambala. Jambala kuwi dipercaya mujudake Dewa Kamakmuran. Wetenge mblendhuk, lungguh sila, tangane nyekeli kembang lan bandha donya.  Mripate merem kaya pawongan lagi semedi. Kanthi anane reca iki, dinuga candhi iku mujudake papan papujane umat Budha, amemuji Dewa Jambala. 

Kejaba Jambala, uga ana reca kang klebu wigati. Reca kuwi digawe saka perunggu, arane reca Dhyani Budha Vairocana. Wujude, Budha lagi lungguh sila semedi sadhuwure kembang. Reca Dhyani Budha Vairocana mujudake salah sijine artefak peninggalan agama Budha kang dadi  bukti anane kapitayan Budha kang wis semebar ing Kabupaten Bantul abad 8 tumeka  abad ke-10 Masehi. Reca iki mujudake “Bodhisatwa” kang utama, mula lumrah menawa tekan saiki, sok-sok isih ana umat Budha kang teka saperlu sembahnyangan.  Kejaba reca, ing candhi iki uga ketemu kothak peripih, emas, gerabah utawa keramik. 

Candhi utama ing komplek Candhi Gampingan, madhep ngulon

Menawa nyetitekake wujude pondhasi, katon ana undhag-undhagan nuju candhi ing sisih kulon. Iki ateges candhi Gampingan kuwi madhep ngulon. Ing kitab Manasara, candhi kang madhep ngulon biasane mujudake candhi papujan/ papan ibadat. Menawa candhi madhep ngetan kuwi pralambang kelairan, mapag penguripan. 

Kang isih dadi barang nyalawadi tumeka saiki ing candhi iki yaiku anane relief ing saubenge candhi induk. Reliefe kuwi ngatonake ukiran sulur-sulur lan relief kewan-kewan. Dene relief kewan ing kene, uga aeng, beda klawan candhi umume. Reliefe ing candhi iki wujude kodhok lan manuk. Manuke, manuk-manuk  desa kaya ta manuk pelatuk lan gagak. Uga ana pitik jago. 

Relief pitik jago ing saubenge candhi Gampingan

Miturut tata seni relief candhi, ukiran lan tatahan wujud sulur adate mujudake pralambang tanduran, utawa uwit-uwitan, lan bisa uga alas. Wose, samubarang kang magepokan klawan tanduran lan alam. Kuwi kabeh mujudake pralambang kesuburan.

Dene kewan-kewan kuwi miturut cerita Jataka, nduweni makna dhewe-dhewe. Kaya ta kodhok. Ing salah sijine cerita jataka, nyeritakake raja kodhok kang aran Jalapada nduweni sipat umuk, adigang adigung. Senengane numpak ula Mandawisa ngubengi wewengkone. Wusanane dheweke dadi gampang dipusi, siji mbaka siji rakyate dimangsa dening Mandawisa, lan dheweke uga dadi mangsane.

Manuk gagak, ing cerita jataka asring dadi pralambang sipat serakah kang dadi jalaran patine amarga nuruti nepsune. Ananging ing cerita liyane, manuk gagak uga duweni sipat seneng tetulung.

Manuk pelatuk, uga duweni sipat kasampurnan, yaiku seneng tetulung tanpa nduweni pamrih. Ing cerita Javasakuna, manuk pelatuk nulungi singa kang keselak balung. Dheweke mlebu cangkeme singa saperlu juluk balunge. Sawise luwar, singa malah ora maturnuwun ananging malah nesu, rumangsa diece. Manuk pelatuk mabur ninggalake singa. Ora nggagas, sing penting wis tetulung tanpa pamrih. Pitik Jago, asring dadi tokoh kang nggambarake kaprawiran, lantip lan trengginas, pralambang Sang Budha nalika isih timur.

Wahyudi, salah sijine pangemonah candhi Gampingan.

Ananging relief-relief kuwi isih nyalawadi. Karana relief iki babarblas beda klawan relief ing candhi liyane, lan ora ditemokake ing cerita fable jataka. Banjur tegese relief kuwi apa, seka ngendi? Tekan saiki durung ana para ahli kang bisa menehi katerangan kang cetha. Banjur ana praduga menawa relief iki mujudake gegambarane kewan sakiwa tengen candhi nalika jaman semana. Yen dinalar pancen aeng. Atase relief cetha wela-wela gegambarane, dene ora ana siji-sijia kang bisa njlentrehake.

Kejaba relief, watu-watune candhi uga aeng. Saora-orane ana watu rong werna yaiku watu putih lan watu item utawa andesit. Uga ana sethithik sing saka bata. Lha, sok sapaa kang teka ing candhi iki, aja pisan-pisan nggawa bali barang utawa watu. Kejaba mujudake tumindak culika kang bisa dipidana lan bisa ngrusak candhi, ananging uga dikuwatirake bakal nyilakani uwong kang gawa kuwi. 

“Wis akeh kedadeyan kaya mengkono kuwi, sing nggawa lunga bakal cilaka,” ujare Wahyudi, salah sijine sing njaga candhi.Nitik sakabehe temon ing papan iki kaya ta reca perunggu, emas, gerabah, bangunan candhi kang 7 cacahe, relief kewan, candhi iki sejatine luwih gedhe maknane tinimbang wujude. Eman menawa ora dipepetri luwih becik. Sokur bage di-rekontruksi, amarga watu-watune isih akeh pating blangkrah ing papan kono.

Panulis : Dwi Ony Raharjo
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 303

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *