Romadon 1447 Hijriah nyuguhake suasana beda kanggone ewonan keluarga miskin ing Kutha Pahlawan. Momentum wulan suci dimanfaatake Pemkot Surabaya bebarengan Gabungan Organisasi Wanita (GOW) kanggo nggelar maneh program sih katresnan liwat acara “Garage Day” 2026.
Ngancik taun kapapat, kegiatan sosial iki nuduhake perkembangan signifikan, apa kuwi saka babagan partisipasi utawa jumlah bantuan sing didum. Miturut data Dinas Sosial (Dinsos) Surabaya, ana 7.250 keluarga prasejahtera sing entuk manfaat taun iki. Angka iki mundhak akeh banget dibanding taun 2025 sing mung nggayuh 5.000-nan keluarga.
Ora mung saka jumlahe sing nampa, volume bantuan sing dikumpulake uga tambah. Total ana 38.163 item barang layak pakai lan kebutuhan pokok kasil dikumpulake liwat kerjasama maneka pihak.
Saben keluarga nampa limang jinis barang sing wis dibungkus dadi paket bantuan, wiwit panganan lan inuman kaya roti kaleng lan sirup, klambi, nganti paket sembako sing isine beras, lenga, gula, lan mi instan. Kajaba iku, panitia uga nyedhiyakake maneka kebutuhan liyane kaya mukena, piranti pawon, nganti barang elektronik sing didum adhedhasar kategori kabutuhan sing nampa.
Wali Kota Surabaya, Eri Cahyadi, nuturake yen Garage Day ora mung kegiatan andum bantuan, nanging uga dadi sarana nggugah nilai peduli sosial ing masyarakat. Pak Eri ngandhakake, program sing digagas pemkot bebarengan GOW iki wis konsisten dianakake saben romadon suwene patang taun.
“Kegiatan sing dianakake GOW iki wis konsisten mlaku patang taun, utamane ing wulan romadon. Kita ngajak sapa wae sing rezekine luwih kanggo bareng-bareng melu perduli. Taun iki ngumpul bantuan kanggo wong 7.250, kanthi total kira-kira 38.163 item barang. Saben wong nampa limang item kebutuhan pokok,” ujare Walikota Eri Cahyadi nalika mbukak Garage Day ing Kantor GOW Surabaya, Senen (2/3/2026).

Wali Kota Eri nandhesake yen kekuwatan Surabaya ora mung ing pembangunan fisik utawa infrastruktur, nanging uga ing semangat solidaritas lan perduli sosial sing tuwuh ing tengah masyarakat. Pak Eri paring apresiasi warga Surabaya sing kanthi sukarela melu kontribusi ing kegiatan asih iki.
“Iki nuduhake yen Surabaya terus nggugah semangat sih katresnan. Tanpa kudu dijaluk utawa disebut jenenge, masyarakat wis kanthi sadar dhewe nyumbang. Matur nuwun, warga Surabaya, sing wis mangerteni wigatine ‘berbagi’. Yen kita konsisten nyebar kabecikan, masyarakat bakal ngerti maksude,” kandhane.
Pangleksanane Garage Day iki uga dadi conto kolaborasi lintas sektor ing kegiatan sosial masyarakat. Ing acara iki, pemkot lan GOW Surabaya ngajak maneka pihak, ing antarane PT Wings Surya (Wings Group), She Radio Surabaya, BPR Artha Surya Utama, Waron Hospital, PT RPH Surya, nganti RSUD dr. Soewandhie.

Kajaba andum bantuan barang, rangkaian kegiatan uga dipepaki layanan papriksan kesehatan gratis kanggo warga lan nggelar pasar murah sing dianakake bareng ing 31 kecamatan. Program iki ditujokake kanggo mbantu masyarakat oleh kabutuhan dhasar kanthi rega murah sekaligus njaga stabilitas rega pangan nalika romadon 2026.
“Kolaborasi iki dianakake ing kabeh kecamatan liwat Pasar Murah kanthi rong tujuan utama. Sepisan, njaga stabilitas rega supaya ora ana inflasi dhuwur. Kapindho, mesthekake warga Surabaya bisa mepaki kabutuhane lan ngrayakake Idulfitri kanthi ati seneng,” ujare.
Ing wektu sing padha, Ketua GOW Surabaya, Rini Indriyani, njamin kabeh bantuan sing didum wis ngliwati proses pendataan lan verifikasi supaya pas sasaran. Miturut Rini, ningkate jumlah bantuan saben taun nuduhake semangat gotong royong lan perduli sosial sing saya kuwat ing masyarakat.

“Yen taun sadurunge ana 5.000 gamis didumi, taun iki mundhak dadi 7.250 gamis sing ditampa masyarakat. Peningkatan iki dadi bukti nyata tuwuhe rasa perduli lan semangat asih ing tengah masyarakat,” jelase Bunda Rini, julukan akrabe.
Bunda Rini uga nerangake yen sawetara jinis bantuan diprioritaske kanggo kelompok masyarakat sing paling butuh, kaya warga kategori miskin ekstrem lan lansia. Panitia kanthi khusus nyiapake bantuan arupa barang elektronik lan beras premium kanggo kelompok kasebut sawise proses verifikasi data sing nampa.
“Barang elektronik lan beras 5 kilogram diprioritaske kanggo kategori miskin ekstrem lan lansia sing wis diverifikasi sadurunge. Kabeh paket wis diitung lan dibungkus selaras kategorine sing oleh dhewe-dhewe,” terangne.
Sauntara iku Ketua Panitia Pelaksana Garage Day 2026, Relita Wulandari, nandhesake yen konsistensi dadi faktor penting sing ndadekake Garage Day terus berkembang lan entuk dukungan akeh saka masyarakat apadene mitra.
“Garage Day 2026 ngusung tema Berbagi Sesama untuk Menyambut Ramadhan Penuh Berkah. Tumrap kita, tema iki ora mung slogan, nanging komitmen sing diwujudake liwat kerja nyata lan konsistensi suwene patang taun,” kandhane Relita.

Liwat kerjasama sing terus dikuwati antarane pemerintah, organisasi masyarakat, lan swasta, Relita ngajab Garage Day bisa terus dadi wadhah kebersamaan sekaligus menehi manfaat nyata kanggo masyarakat.
“Kita pengin mesthekake romadon ing Surabaya tetep dadi ruang kebersamaan, kang ing kene rasa perduli bener-bener dirasakake dening warga sing mbutuhake,” pungkase. (ADV)



