Kolam Renang Brantas lan aset PDAM ing Jalan Basuki Rahmat mlebu radar Pemkot Surabaya maneh. Kekarone aset lawas sing tau dadi ikon legendaris ing Kota Pahlawan iku saikine isih ngemu masalah kepemilikan. Amarga akeh klaim saka pihak katelu, Pemkot Surabaya nggandheng Kejaksaan Tinggi Jawa Timur supaya nyepetake anggone nelusuri mesisan mesthekake aset-aset mau bali kabeh menyang negara.
Langkah iki diwiwiti kanthi tandatangan Perjanjian Kerja Sama (PKS) antarané Pemkot Surabaya karo Bidang Pemulihan Aset Kejati Jatim. Tandatangan mau ditindakake langsung déning Walikota Surabaya Eri Cahyadi klawan Kepala Kejati Jatim Agus Sahat Sampe Tua Lumban Gaol, ing Ruang Rapat Kejati Lantai 3, Kemis (5/3/2026).

Kerja sama iki dadi bagean strategi Pemkot kanggo nguwataké pengamanan aset daerah, utamané sing dikuasani pihak liya. Kanthi dukungan Kejati Jatim, Pemkot Surabaya ngajab proses nelusuri dokumen, ngamanake fisik, nganti ngrampungake sengketa hukum bisa lumaku luwih cepet lan terkoordinasi.
Prajanjen ksb selaras Pedoman Jaksa Agung RI Nomor 7 Taun 2025 sing nambah wewenang bidang pemulihan aset jroning ndhukung kementerian, lembaga, nganti pemerintah daerah. Saliyane pemulihan aset, kerjasama iki uga nyakup peningkatan kompetensi sumber daya manusia (SDM) sarta pertukaran data lan informasi antarane kekarone instansi.
Walikota Eri Cahyadi njelasake, upaya nylametaké aset iki dudu pakaryan kang mentas ditandangi saiki. Nanging wis ditindakake wiwit jaman walikota sadurungé. Sinergi karo Kejati Jatim wis ngasilké asil nyata, klebu mbalekake Waduk Unesa sing saiki resmi dikelola Pemkot Surabaya.
“Wingi peresmiané (Waduk Unesa) dipasrahake maneh marang Pemkot kanthi jeneng Taman Tirta Adhyaksa. Insyaallah taun iki bakal enggal kita bangun supaya bisa dimanfaatake déning masarakat,” ujare Walikota Eri.

Nilai aset Waduk Unesa (Lidah Wetan) sing dislametaké Kejati Jatim Rp176 miliar. Aset sing jembare 21.832 meter pesagi iku banjur didadekake Taman Tirta Adhyaksa dening Pemkot Surabaya, sing fungsiné kanggo ngendalekaké banjir, ruang terbuka hijau, lan papan wisata edukasi.
Kajaba Waduk Unesa, ing taun 2025, Pemkot Surabaya uga nggandheng Kejari Tanjung Perak kasil nylametaké aset pekarangan 7.524 m² ing Kelurahan Banjar Sugihan lan 6.581 m² ing Kelurahan Manukan Kulon.
Aset pengaji Rp55,2 miliar iku wis diperjuangké wiwit taun 2005 nanging ngalami kendala kanggo sertifikasi. Saikine, aset pekarangan iku bakal digunakaké Pemkot kanggo fasilitas umum kanggo nyengkuyung kegiatan ekonomi warga.
Senajan mangkono, Walikota Eri ngakoni isih ana sawenehing aset liyané sing status kepemilikané durung jelas banget. Loro ing antarane aset PDAM ing Jalan Basuki Rahmat lan Kolam Renang Brantas ing Jalan Irian Barat, sing sasuwene iki dikenal minangka fasilitas publik legendaris ing Surabaya.
“Kolam Renang Brantas iku aset ikoniké Kutha Surabaya. Nanging nganti saiki isih ana sing nduweni liyane. Kita ngajab kanthi anane kerjasama iki, lan dipimpin Pak Kajati, aset-aset negara, utamané duweke Pemkot Surabaya bisa bali kanggo kemaslahatan warga,” tegesé.
Walikota Eri nandhesake masalah klasik sing asring muncul ing sengketa aset daerah, yaiku klaim kepemilikan sing ujug-ujug muncul saka pihak liya, sanajan pemerintah wis duwé dokumen resmi. Pak Eri ngandhakaké paling ora ana sawetara aset sing ngalami masalah sing padha, mula butuh pendampingan hukum.
“Kita wis nyekel sertifikat, ora tau ana masalah, ujug-ujug muncul klaim saka pihak liya. Ana kira-kira limang aset sing bener-bener sengketa kaya iku. Mula kita butuh pendampingan kanggo ngresiki aset ing wilayah Surabaya,” jelase.
Mula, Walikota Eri ngajab Bidang Pemulihan Aset ing Kejati Jatim bisa mbantu nyepetake proses panalusuran lan ngrampungake sengketa aset ksb. Kanthi dukungan lembaga penegak hukum, Pemkot Surabaya optimistis maneka pepalang birokrasi apadene hukum sing sasuwene iki ngrerendheti proses mbalekake aset bisa enggal diatasi.
“Muga-muga kanthi anane bidang anyar iki, panalusuran aset dadi luwih gampang lan cepet. Atas nama warga Surabaya, aku matur nuwun marang Kejati Jatim sing wis akeh mbantu mbalekake aset kita,” pangajabe.

Ing wektu sing padha, Kepala Kejati Jatim Agus Sahat Sampe Tua Lumban Gaol nerangaké, penguatan fungsi pemulihan aset iku bagean saka komitmen negara jroning njaga kaskaya publik. Liwat bidang iki, kejaksaan nduwéni wewenang nalusuri, ngamanake, njaga, engga ngrampas aset asil tindak pidana supaya bisa dibalékake marang pihak sing sah, kalebu pemerintah daerah.
“Bidang pemulihan aset nduwé wewenang nelusuri, ngamanake, njaga, nganti ngrampas aset asil tindak pidana kanggo dibalékake marang pihak sing sah. Kerjasama iki mujudake beteng preventif marang kerugian keuangan daerah,” tandhese Agus Sahat.
Sawisé penandatanganan kerjasama iki, Kajati Jatim nandhesake, pihaké karo Pemkot Surabaya arep enggal nganakake rapat koordinasi kanggo nemtokaké aset-aset sing paling perlu enggal ditangani. Langkah iki diajab bisa njelasaké masalah sekaligus nemtokaké strategi hukum sing pas kanggo nyepetake proses pemulihan aset.
“Kita bakal rapat karo Pemkot Surabaya gegayutan aset-aset apa sing urgent lan apa kendalané supaya enggal ditindaklanjuti,” pungkasé. (ADV)



doxycycline for acne
doxycycline for acne
doryx 200 mg tablet
doryx 200 mg tablet
lasix water pill
lasix water pill
antibiotic vibramycin
antibiotic vibramycin
viagra color marron
viagra color marron
tadalafil tablets images
tadalafil tablets images
tadalafil generic canada
tadalafil generic canada
semaglutid tablete cijena bih
semaglutid tablete cijena bih
propecia finasteride
propecia finasteride
doxycycline 100mg tablets for dogs
doxycycline 100mg tablets for dogs
metronidazole 400mg dosage for diarrhea
metronidazole 400mg dosage for diarrhea