Ekspor IKM Surabaya Tembus 2,73 Yuta Dolar AS, SIL Festival 2026 Nyerot Ewon Tenaga Kerja Lokal

Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya nutup rangkaian Surabaya Industrial & Labour (SIL) Festival 2026 kanthi asil sing ngluwihi target awal, apa kuwi saka babagan nilai ekspor utawa panyerepan tenaga kerja. Acara sing nggabungake bursa kerja (job fair) lan pertemuan bisnis internasional iki selaras karo arah kebijakan Presiden Prabowo Subianto sing nandhesake penguatan industri dalam negeri lan perluasan pasar ekspor.

Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi njlentrehake yen gelaran SIL Festival 2026 iki  minangka bagéan saka upaya pemkot kanggo njurung jembare ekspor lan nguwati struktur ekonomi sing adhedhasar industri lokal. Pak Eri nganggep konsistensi ekspor Surabaya sing lumaku saben taun dadi pratanda yen sektor industri lokal tetep mlaku lan adaptif.

“Akèh wong takon, kepriye pergerakan industri ing Surabaya? Dina iki wis kabukten. Total sing dikirim kanggo ekspor dina iki nggayuh 2,7 yuta dolar Amerika. Iki angka sing gedhé banget lan adoh ngluwihi apa sing wis dadi target,” ujare Wali Kota Eri nalika mbudhalake ekspor ing rangkaian SIL Festival 2026 ing Grand City Convention Hall, Surabaya, Rebo (8/4/2026).

Ing forum kuwi, nilai ekspor produk Industri Kecil lan Menengah (IKM) Kota Surabaya kacathet nggayuh 2,73 yuta dolar AS utawa ngluwihi target awal 1 yuta dolar AS. Miturut Pak Eri, asil iki nuduhake yen sektor industri lokal Surabaya terus berkembang lan bisa nembus pasar internasional.

“Total sing dikirim kanggo ekspor kuwi 2,73 yuta dolar AS. Iki nuduhake yen industri Surabaya ora meneng, terus gumregah, terus obah,” ujare.

Saliyane asil ekspor, Pemkot Surabaya uga nyathet ana peningkatan kapasitas pelaku usaha,  kira-kira 36 IKM munggah kelas. Pihaké uga mesthekake bakal terus ndorong proses iki liwat pendampingan lan ndadekake model pangembangan usaha.

“Alhamdulillah saikine uga ana 36 IKM sing munggah kelas. Iki sing terus arep kita genjot. Mengko bakal kita dadekake conto, piye pergerakane,” tandhese.

Wali Kota Eri uga ngandhakake manawa ekspor produk IKM Surabaya wis bisa tekan sawenehing negara. Ing antarane Oman, Amerika Serikat, Hongkong, Singgapur, lan Brunei Darussalam. Pak Eri nganggep jangkauan pasar iki nuduhake yen prospek ekspor kanggo IKM Surabaya saya kabukak amba.

“Insyaallah ana nem negara tujuan. Iki prospeké luar biasa,” tambahé.

Wali Kota Eri uga nandhesake maneh manawa peran pemerintah ing pembangunan ekonomi ora mesthi ana ing garis ngarep, nanging dadi panjurung lan fasilitator kanggo pelaku usaha.

“Sing paling penting kuwi apa sing wis kita tindakake sak iki, pemerintah kota ndhukung, pemerintah kota njurung, wis mlaku lan kabukten. Amarga ora mesthi pemerintah kuwi ana ing ngarep,” welinge.

Ing konteks penguatan ekspor, Pemkot Surabaya uga nyiapake langkah bacutan awujud pelatihan lan pendampingan kanggo IKM. Mula, mengarepe pihaké bakal njurung generasi mudha melu ing aktivitas ekspor liwat skema pendampingan sing luwih sistematis.

“Dadi kita mikir yen bocah-bocah saiki, kanca-kanca, utawa sedulur-sedulur kita sing pengin ekspor ora ana kekhuwatiran maneh. Mengko bakal ana pendampingan-pendampingan sing bakal kita tindakake kerja sama karo pihak-pihak sing wenang ing bidang iki,” ujare.

Saliyane kuwi, Wali Kota Eri uga nerangake manawa IKM Surabaya sing wis kasil nembus pasar ekspor bakal diajak dadi mentor kanggo pelaku usaha liyane. Kanthi mangkono, Pak Eri ngajab bisa muncul ekosistem pasinaon sing terus-terusan.

“Mengko sing wis kasil ekspor bakal dadi mentor kanggo adhik-adhik kita, anak-anak kita, sedulur-sedulur kita sing arep nindakake ekspor,” tambahé.

Saka babagan ketenagakerjaan, SIL Festival sing didhukung lan difasilitasi dening Performa Event Expertindo uga nyathet panyerepan tenaga kerja sing cukup signifikan. Kira-kira 1.200 lowongan kerja kasil diisi dening warga mawa KTP Surabaya liwat job fair sing dadi bagéan saka rangkaian kegiatan.

“Alhamdulillah matur nuwun marang perusahaan-perusahaan, amarga ana Job Fair ing Balai Pemuda wingi nampa 1.200 lowongan tenaga kerja sing KTP-ne Surabaya,” tuture Wali Kota Eri.

Kepala Dinas Perindustrian lan Tenaga Kerja Kota Surabaya, Hebi Djuniantoro, njlentrehake yen asil ekspor IKM Kota Pahlawan iki ditampa liwat proses kurasi sing ketat. Proses kuwi ditindakake ing rangkaian coaching clinic tanggal 30-31 Maret 2026 minangka langkah awal kanggo njurung pelaku industri lokal munggah kelas.

Saka kira-kira 80 pendaftar, Hebi ngandhakake ana 36 IKM Kota Pahlawan sing dinyatakake siap ekspor sawisé ngliwati seleksi bareng Export Center Surabaya (ECS) Kementerian Perdagangan Republik Indonesia (Kemendag RI).

“Sakwisé dikurasi kanthi jero, kita nemokake 36 perusahaan (PT/IKM) sing dinyatakake temen-temen siap ekspor lan digathukake langsung karo para buyer,” ujare Hebi.

Saliyane kuwi, Hebi nyritakake manawa transaksi ekspor IKM Surabaya uga didhukung dening tekane buyer saka maneka negara, apa kuwi sing teka langsung utawa daring. Tekane para buyer kuwi ngasilake komitmen tuku liwat Letter of Intent (LoI).

“Ana telung negara sing nyambung kanthi daring, yaiku saka Singapura, Oman, lan Hongkong. Asilé luar biasa, kabeh buyer, sing teka langsung utawa daring, padha tuku. Total transaksi sing katulis ing Letter of Intent nggayuh 2,7 yuta dolar AS,” jlentrehe.

Miturut Hebi, tujuan utama SIL Festival 2026 iki ora mung ing nilai transaksine, nanging uga dampak lanjutan arupa ningkaté panyerepan tenaga kerja selaras ningkate skala usaha pelaku IKM.

“Amarga kita wis ngangkat kelas para pelaku usaha, dampak sing kita ajab yakuwi ketampungé tenaga kerja anyar. Kuwi uga sebabe, ing acara iki kita uga nganakake job fair kanthi bebarengan,” ujare.

Saka babagan partisipasi tenaga kerja, Disperinaker Surabaya nyathet kira-kira 3.000 pendaftar melu seleksi, kanthi 1.920 peserta lolos menyang tahap wawancara lan psikotes.

“Kita ngajab luwih saka 1.000 pekerja sing KTP-ne Surabaya bisa ditampa lan dipapanake ing perusahaan selaras kemampuané dhewe-dhewe,” ujare.

Mengarepe, Pemkot Surabaya bebarengan stakeholder kang ana bakal nyusun rencana strategis wujud pelatihan vokasi lan pendampingan ekspor kanggo ningkatake kualitas sumber daya manusia (SDM).

“Mengkone kita bakal kolaborasi karo sakèhing  pihak kanggo ngrampungake masalah pengangguran ing kutha Surabaya,” jlentrehe Hebi.

Sauntara kuwi, CEO Performa Optima Group, Stefanus Sugeng Irawan, nganggep yen festival iki minangka platform kolaboratif sing nggathukake inovasi lan peluang nyata kanggo pangembangan industri lan ketenagakerjaan.

“Surabaya Industrial & Labour Festival 2026 kuwi wujud nyata komitmen kita kanggo njurung transformasi industri sing adaptif lan inklusif,” ujare Sugeng.

Sugeng uga nandhesake manawa sinergi lintas sektor dadi faktor penting kanggo njawab tantangan global, sekaligus mbukak ruang anyar kanggo ningkatake daya saing tenaga kerja lokal.

“Kita percaya yen kolaborasi lintas sektor dadi kunci utama kanggo ngadhepi tantangan global, sekaligus mbukak peluang anyar kanggo tenaga kerja lokal supaya luwih kompetitif,” pamungkasé. (ADV)

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 16

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *