Nalika Dewan Kesenian Digusur Peksan

Pamarentah Surabaya ngothongake sekretariat Dewan Kesenian sawise Dewan Kabudayaan kabentuk. Sesambungan ora harmonis DKS lan pamarentah daerah lumaku wiwit jaman Wali Kota Tri Rismaharini. Yagene cawe-cawe marang kamardikane seniman?

Pandom jam durung genep menyang angka pitu nalika apa­rat kapulisen lan pulisi pa­mong praja cacah puluhan di­apelake ana sawetane kom­pleks Balai Pemuda, Jalan Gu­bernur Suryo, Surabaya, Se­nen, 4 Mei 2026. Srengenge man­jer sagenter. Lalu lintas ing paju pat sangarepe Alun-alun Surabaya iku wiwit pa­dhet dening slira-slirine wong-wong kang budhal makarya. Dhasar mentas libur dawa ‘cuti bersama.’

Sawise apel, aparat gabung­an mau (ana uga anggota TNI) ngangseg nyedhaki sekretariat Dewan Kesenian Surabaya  kang mapan ana gedhung inti kompleks Balai Pemuda. Tanpa uluk salam, tanpa nyebawa, wong-wong iku terus nrobos menjero. Seniman ludrug Mei­mura kang kawit esuk ‘jaga regol’ sekretariat, nyumurupi aparat mawa sragam jangkep iku wiwitane ngamat-amati isen-isene ruwangan kang arupa gamelan saprangkat, lukisan, tambur lan prabotan liyane.

Aparat Satpol PP Surabaya ngothongake isen-isene sekretariat Dewan Kesenian Surabaya ing kompleks Balai Pemuda, Surabaya, Senen, 4 Mei 2026.
(Foto repro suaraindonesia.co.id)

Pimpinane aparat banjur prentah marang andhahane am­rih barang-barang kuwi diusungi metu. Andhahan kang tampa prentah cekat-ceket tu­mandang. Gamelan-gamelan digotong metu. Meimura, kang dandan cara Besut karo ngga­wa gendera abang-putih, ora bisa apa-apa. Mengkono uga sawatara seniman sing esuk kuwi pinuju ana sekretariat uga ora kuwawa mambengi. Ora ana panglawan senajan pu­lisi sing pacak baris ana pla­tar­an mondhong bedhil kanthi po­sisi moncong diunggahake. Sa­wise isen-isene ruwangan entek digawa metu, lawang sekre­ta­riat dikunci lan ditempleki sti­ker ‘disegel.’

Kabar disegele Dewan Ke­­seni­an Surabaya utawa kaprah dicekak DKS, terus sumebar li­wat grup-grup WA. Awane sa­watara seniman mara lan ke­klumpukan. Klesotan sanga­reping sekretariat karo rasan-rasan bab kedadeyan sing men­tas kelakon. Sawatara jam can­dhake Ketua DKS Chrisman Hadi teka. Dheweke langsung nyuwek stiker penyegelan ru­wangan sing mentas ditem­plek­ake pimpinan pulisi pamong praja. Chrisman ngancam ba­kal nempuh jalur ukum.

Rancangane Pemerintah Ko­ta Surabaya ngosongake sekre­tariat Dewan Kesenian sa­te­men­e wis dibiwarakake wiwit 25 Maret 2026. Kanthi pawa­dan arep nertibake kompleks Alun-alun saka pihak-pihak sing ora duwe legalitas mang­gon ana kono, nalika kuwi ana patang klompok sing bakal di­gusur. Kejaba Dewan Kesenian, uga sekretariat Bengkel Muda Surabaya, Galeri Merah Putih (ruwang pamer lukisan) lan kantin. Diwangeni wektu nganti Setu, 2 Mei 2026.

Tanggal 31 Maret 2026 Chris­man Hadi nulak ‘perintah pengosongan’ mau. Dheweke ki­rim somasi marang Pelak­sana Tugas Kepala Dinas Kebuda­ya­an, Pemuda, Olahraga dan Pari­wisata (Dis­bud­porapar) Surabaya. Miturut Chris­man Kadisbudporapar ora nduweni we­wenang mrentah dheweke amrih ngo­song­ake sekretariat Dewan Kesenian. Chrisman ndheseg amrih prentah pe­ngo­songan mau dicabut. Nanging toh wekasane 4 Mei 2026 wanci esuk pem­kot tetep nggusur kanthi peksan sekre­tariat kasebut.

Salah sijine seniman wanita, Esti Susanti Hudiono, ngandharake luman­tar akun facebook-e menawa wiwit Setu esuk, 2 Mei, nganti sore dheweke sa­kan­ca wis jaga-jaga ing sekretariat. Kejaba Esti uga ana Meimura, Henri Nurcahyo (panliti sejarah Panji), Desemba Sagita (pelukis) lan Taufik Monyong (seniman seni instalasi). Wong-wong kuwi kalebu sing ora sarujuk DKS digusur.  Rehne nganti sore ora ana glagat ruwangan ba­kal ‘dieksekusi’ dening pemkot, seni­man-­seniman iku banjur mulih. Pra­nyata pengosongan iku lagi dileksanani Senen esuk.

Saka patang entitas sing ditundhung lunga dening pemkot, mung DKS sing wekasane dibabad. Wondene Galeri Merah Putih, Bengkel Muda lan kantin slamet, -saora-orane kanggo sauntara wektu iki. Ketua Galeri Merah Putih M. Anis ngandharake pemkot wurung nyegel ruwang pamer mau sawise diwenehi pangerten bab legalitase. “Galeri iki bakal terus urip nganti sewu taun maneh,” kandhane Anis puitis.

Sejarah Dawa Kesenian

Maune patang entitas kuwi bisa urip rukun ana kompleks Balai Pemuda. Kena diarani Balai Pemuda mujudake papan nglumpuke seniman lan warta­wan sing liputane babagan seni budaya. Dhasar lokasine strategis ing tengah kutha, saengga cedhak disangkani saka ngendi-endi. Wartawan-wartawan seni budaya lan dhosen pengampu mata kuli­yah seni sing mulih kerja wanci sore, racake padha ngoberake mampir saperlu wedangan lan dhiskusi.

Nalika kuwi sekretariat Bengkel Mu­da lan kantin isih mapan samburining masjid sakiwane kantor DPRD Sura­baya. Saben sore ing papan nyempil iku dumadi dhiskusi informal kang gayeng sinambi wedangan lan mangan goreng­an. Topik dhiskusi ora ngemungake se­ni, nanging uga politik. Kanthi ora lang­sung saka dhiskusi informal mau mun­culake idhe liputan tumrap wartawan lan gagasan berkarya tumrap seniman. Bengine kala-kala dianakake gladhen seni teater. Dene Galeri Merah Putih kang manggon ana bageyan ngarep, ora tau sepi saka kegiyatan pameran lukis­an. Klompok seniman sing manggon ana kono uga ora milih-milih uwong, sapa wae sing teka ditampa kanthi tinarbuka.

Sawise kompleks Balai Pemuda di-revitalisasi dening pemkot lan diresmekake minangka Alun-alun Surabaya 17 Agustus 2020, sekretariat Bengkel Muda sing maune gedhung sungsun loro, dirubuhake. Minangka gantine Bengkel Muda mung diwenehi ruwangan sauplik ing ge­dhong inti sisihe Galeri Merah Putih. Nadyan sawise dadi Alun-alun Surabaya kompleks Balai Pemuda dadi megah, nanging kaya ana sing ilang. Budaya dhiskusi saben sore nganti bengi karo wedangan ana kantin, ora ana maneh. Papan cangkruk prasaja sing biyen urip, wiwit kuwi sirna. Komunitas seniman kelangan panggonan nyawiji. Pemkot ora ngolehi maneh seniman-seniman iku nginep ana sekretariat.

Mangka yen dinulu saka sejarahe, wiwit jaman revolusi fisik 1945 Balai Pemuda wis dadi papan klumpukane war­ga Surabaya, senadyan pambukane papan kuwi mi­nang­ka punjer lelipuran bangsa Walanda wis kelakon wi­wit 1907. Nalika perang 10 Nopember njeblug, Balai Pe­muda dadi markas penjuwang Pemuda Republik Indo­nesia (PRI).

Tanggal 1 Oktober 1971 Wali Kota Surabaya Soekotjo bebarengan karo para seniman dheklarasi madege Dewan Kesenian Surabaya. Soekotjo paring ruwangan ing ge­dhong inti Balai Pemuda minangka sekretariate. Saploke DKS dibentuk, kegiyatan seni ing kutha Sura­baya wim­buh urip. Balai Pemuda ora tau sepi saka mang­kale para seniman sing dhiskusi lan ngetokake karya. Seniman-seniman lukis pinun­jul Sura­baya lair saka kene. Sepra­na-­seprene ora ana masalah. Wali Kota Surabaya kang gilir gumanti, ora tau ana ngucik legalitase  De­wan Kesenian mapan ana kompleks Balai Pemu­da.

Kabentuke Dewan Kebudayaan

Konflik antarane Dewan Kesenian karo Pem­kot Surabaya kawiwitan nalika tanggal 30 De­sem­ber 2019 Chrisman Hadi kapilih minangka Ke­tua DKS. Suprandene nganti rong taun can­dhake, kepengurusane Chrisman ora dikukuh­ake dening Wali Kota Surabaya wektu kuwi, Tri Rismaharini. Tanggal 5 Pebruari 2022 Chrisman Hadi kirim ‘surat permohonan’ resmi marang pemkot amrih kepengurusane enggal dilantik. Kanthi gumantine wali kota saka Risma marang Eri Cahyadi, pengurus DKS ngajab ana owah-owahan angin politik. 

Nanging jebul sikepe Eri padha karo Risma: ora gelem nglantik. Tanggal 29 Maret 2022 Pem­kot Surabaya kirim balesan ‘surat permohonan’ sing wose wegah nglantik Chrisman sarowang minangka pengurus. Alasan apa sing njalari Risma lan Eri owel menehi pangestu Chrisman, ora nate kawetu gamblang ing media massa.

Chrisman Hadi banjur nggugat pemkot me­nyang Pengadilan Tata Usaha Negara (PTUN) Surabaya. Desember 2022 PTUN ngabulake gugatane Chrisman. Sing ateges pemkot wajib nglantik kepengurusan sing ora diakoni kawit 2019 mau. Suprandene kanthi pawadan arep ngajokake banding atas putusane PTUN mau, Pemkot Surabaya tetep suthik minangkani pa­njaluke Chrisman. Nanging kepriye asil banding-e pemkotkasebut, nganti seprene ora terang.

Taun 2022 kuwi uga Pemkot Surabaya ndha­puk struktur kepengurusan Dewan Kesenian Kota Surabaya (DKKS) sing anggotane uga para seniman sing kerep saba menyang Balai Pemuda. Pambentukane DKKS bisa ditegesi minangka sa­rana kanggo ngganteni struktur DKS kang ora direstoni mau. Kabare, pemkot menehake ang­garan kegiyatan marang DKKS. Wondene DKS pimpinane Chrisman ora oleh jatah anggaran. 

Swasana ora kepenak antarane pengurus lawas lan anyar mau ditogake pemkot kedawa-dawa. Ora ana upaya ngrampungake masalah kanthi tuntas. Nganti wusanana sasi Pebruari 2026 pemkot lumantar Dinas Kebudayaan, Pemuda, Olahraga dan Pariwisata (Disbud­porapar) ngadani Musyawarah Kebudayaan Surabaya. Musyawarah Kebudayaan mau ngu­wohake asil kabentuke Dewan Kebudayaan Sura­baya (DKbS) kanthi ketua Heti Palestina Yunani lan sekretaris Probo Darono Yakti.

Miturut konsepe, DKbS nduweni ayahan mi­nangka mitra strategise wali kota jrone ngru­mus­ake rancangan-rancangan kerja babagan seni budaya. Nanging laire DKbS dhestun njalari organisasi seniman dadi kaprail-prail. Sesam­bungan sasamaning seniman sing beda organi­sasi malih kaya-kaya ana jarak.

Seniman ludrug Meimura kang dandan cara Besut, legeg nyawang aparat ngusungi gamelan saka njero Dewan Kesenian Surabaya.
(Foto repro pikiranrakyat.com)

Pelaksana Tugas Kadisbudporapar Pemkot Surabaya Herry Purwadi darbe pawadan, pengo­songan sekretariat DKS mau ora ateges nun­dhung minggat komunitas seniman mau, na­nging pihake pancen lagi mrenata maneh struk­tur-e lembaga kebudayaan. Miturut Herry upaya mernah-mernahake struktur kelembagaan kebu­dayaan iku minangka wujud pangleksanane Undang-Undang Nomer 5 Taun 2017 ngenani Pemajuan Kebudayaan.

Herry nuturake DKS klebu sing kena owah-owahan. Sawise DKbS kabentuk, ujare Herry, otomatis fungsine DKS dilebur dadi siji. DKbS dianggep nduweni cakupan sing luwih jembar awit kang diurusi ora mligi seni, nanging uga kabudayan. Upamane bab kearifan lokal (tra­dhisi) masyarakat Surabaya kang nganti dinane iki isih dileluri.

Kanthi owah-owahan struktur kelembagaan mau sokongane pemkot, becik kang arupa fasi­litas apadene redana, dipindhah saka DKS me­nyang DKbS. “DKS wis diupgrade dadi DKbS, sa­engga ruwangan DKS wis dudu sesanggane pem­kot,” kandhane Herry lumantar katrangan tinu­lis, Senen, 4 Mei 2026.

Herry nambahake, Pemkot Surabaya ora duwe karep ngilangake Dewan Kesenian. Organisasi mau tetep diwenehi kamardikan ngleksanani program-programe. Nanging bab ragad, pemkot ora duwe kuwajiban menehi maneh. Lan yen DKS isih pengin kekiprah, Herry uga nyumang­gakake. “Sumangga program-programe DKS di­leksanani kanthi independen, sauger ora nggu­nakake fasilitase pemkot,” kandhane Herry.

Upayane pemkot mrenata struktur organisasi seniman mujudake lekas kang becik amrih pro­gram kerjane organisasi iku luwih fokus miku­wati proses kreatif engga dadi karya mesisan nggo­lekake peluang didol. Nanging aran kurang wicaksana yen anggone dandan-dandan mau ora ngudhari underaning masalah. Satemah nyisak­ake pangrasa-pangrasa ora kepenak, senadyan ora akure seniman merga ana cawe-cawe­ne pamarentah mono wis asring dumadi wiwit biyen mula.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 343

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *