
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Gepeng iku maune pengrawit. Sakulawargane kabeh profesine pengrawit. Kebeneran bojone Gepeng lan adhine ipe, bisa ngethoprak. Mula nalika taun 1978’an dheweke sakulawarga nglamar kepengin mlebu Kethoprak Cakrajiya ing Taman Balekambang, Solo, kang uga dipimpin dening Bapak, kabeh ditampa. Gepeng beja, Cakrajiya uga beja. Sebab wektu semana sing jeneng pengrawit iku isih langka. Kadhangkala Cakrajiya mung njagakne pengrawite RRI lan pengrawite Kraton Solo sing dhong libur. Mula lumebune Gepeng sakulawarga menyang Balekambang, njalari Bapak ora gumantung maneh karo pengrawit njaba.
Sikepe Gepeng sejatine ora tau malih. Ngenani gosip sing jarene slingkuh karo Nunung, kuwi ya ora bener. Neng Srimulat iku kabeh wis kaya kulawarga dhewe. Pemain wadon prucat-prucut salin penganggo ing ngarepe kanca-kanca lanang, iku wis biasa. Ora ana pikiran piye-piye. Lha, Gepeng iku pakulinane saben dina nenggak alkhohol. Nalika Gepeng dadi selebritis kondhang ibu kota, akeh wanita sing nyedhaki. Nanging siji wae ora ana sing digagas. Aku bisa ngomong ngene merga wektu neng Jakarta, omahe Gepeng kuwi sebelahku pas. Dheweke yen duwe masalah ya mesthi crita nyang aku. Maksude, supaya daksampekake marang Bapak. Merga arep ngomong dhewe neng Bapak, Gepeng ora wani.
Ateges panjenengan ngerti rahasiane Gepeng?
Wiss, cekake aku ngerti kabeh wewadine Gepeng. Dhuwite entek neng ndi, nggo apa, aku ya weruh. Nalika kuwi Gepeng pelawak paling sugih sa-Indonesia. Sing nobatake Gepeng minangka pelawak terkaya iku Eddy Sud (aktor kondhang taun 60’an) lho, dudu Srimulat. Gepeng jan ora umum kae. Film-e ana yen sepuluh judhul, lan rata-rata sukses. Gepeng ora tau ngarani honor. Upamane omong, “Aku njaluk bayaran semene” iku ora tau.
Yen ana anggota sing ora tau ngarani honore, Bapak malah paring akeh. Nanging Bapak ngerti Gepeng sabojone iku ora bisa nyekel dhuwit. Wekasan separo saka pengasilane Gepeng disimpen kanthi sesidheman dening Bapak. Sawise nglumpuk akeh lagek diwenehake. Dakitung ana yen pitung kerdhus Supermi, kabeh pecahan sepuluh ewu. Diitung gunggunge Rp 400 yuta. Jaman semana, lho. Solar wae saliter isih Rp 60. Ning dhuwit semono ya entek resik ora wujud apa-apa ki.
Gepeng ki yen prekara ngombe malah ora tau tuku. Penggemare sing seneng mendem, dha nyetor botolan. Anggone menehi ora mung siji loro, nanging kerdhusan. Aku ngerti enteke dhuwit kuwi kanggo apa, nanging yen dakomongake ing kene, bakal akeh sing kena imbase.
Kuwi gara-gara diujuk-ujuki supire. “Peng, kowe kuwi rak artis kondhang. Aku sing saben dina nyupiri kowe, ngawal kowe, umurku wis tuwa. Yen ora duwe senjata njur piye yen ana apa-apa? Wis kowe tukuwa pistul, engko dakgawane.” Gepeng apa ngerti ta yen pistul iku ora kena diduweni wong sipil? Ora ngerti. Merga, nuwun sewu, Gepeng iku ora bisa maca. Wuta aturan. Wektu semana ana anggota Srimulat sing duwe senapan angin, sok kanggo mbedhil codhot lan blekok. Gepeng ngira pistul sing dijaluk supire mau ora beda bedhil manuk iku. Wong sing gedhe wae ora dilarang, apamaneh sing cilik. Ngono mikire. Dheweke sida tuku pistul, regane yen ra kliru Rp 100 ewu. Tukune ana ngendi aku ora ngerti. Ana sing nawani apa piye, sing ngerti mung Gepeng. Pistul dikon nyekel supire.
Supire Gepeng iku wonge seneng pamer. Menyang ngendi-endi pistul ajeg disengkelit bangkekan. Gagange sing munjuk, cetha sinawang. Nah, ing sebelahe gedhong Srimulat Balekambang ana nggon billiard. Dheweke billiard-an karo tetep nyengkelit pistul. Mangka neng kono kuwi akeh intel sing uga dha billiard. Weruh ana wong sipil nggawa pistul, banjur dilarah. Supire kandha terus terang yen kuwi pistule Gepeng. Akhire Gepeng ditangkep. Jrone sidhang, hakime paham Gepeng iku uwong sing ora bisa maca tulis. Wekasan divonis ukuman percobaan 1,5 taun.
Klebu, nadyan pakartine nakal kaya ngono mau. Satemene kenakalane Gepeng ki mung olehe karem nenggak omben-omben mendemi kuwi wae, liyane ora neka-neka. Yen bab kedhisiplinan, Gepeng dhisiplin banget. Upama Bapak kandha, “Peng, sesuk main neng luwar Jawa budhal jam 9.” Dheweke mesthi mangsuli, “Nggih,” ngono wae. Ora takon rena-rena.

Pancen sengaja ditokake dening Bapak. Sawijine dina, Bapak omong neng aku, “Ko, Gepeng wis kudu daktokake. Ning kowe aja omong Mama-mu. Sebab yen dheweke krungu, mesthi dadi geger.” Aku kaget. Bapak dakdhebat. Aku mbelani Gepeng no. Merga Gepeng wis ngentukake dhuwit akeh banget kanggo Srimulat. Njur lupute Gepeng apa, Pak? “Ra eneng salahe. Iki lagi dakgolekake kesalahane.”
Apa sing dipikirake Pak Teguh?
Aku penasaran. Jalaran Srimulat peak season taun 80’an kuwi salah sijine krana andhile Gepeng. Gepeng iku ampuh. Lagi metu neng panggung, nembe arep monolog, durung omong apa-apa penonton wis ngguyu ger-geran. Luwih-luwih yen njur ethok-enthok keweden arep mlebu maneh, penonton saya rame anggone ger-geran. Mula aku isih ngotot ora trima yen Gepeng dilereni. Bapak njur nerangake, “Ngene lho, Ko, Gepeng kuwi jenenge terlalu kuwat. Akibate, pemain-pemain liyane ora bisa munggah. Klebu Basuki sing wis wancine dakorbitake, yen isih ana Gepeng, selawase dheweke mung ana njero wae. Mbesuk yen Srimulat bubar, Basuki lan liya-liyane iku angel golek job-joban. Mula Gepeng kudu enggal dakrampungi.” Aku dadi ngerti, pranyata Gepeng kuwi rencanane Bapak mung telung taun. Nanging nganti limang taun, jenenge tetep kombul.

Pancen sengaja dijebak dening Bapak. Bapak ngumpani job njaba. Bapakku ki aja dianggep Wisnu, merga terkadhang ya bisa dadi Bathara Kala barang. Ning sikepe Bapak sing mengkono mau jalaran mikirake kepentingan sing luwih gedhe, yaiku supaya pemain-pemain liyane bisa ngorbit. Apa Gepeng ditokake cul-culan ngono wae? Ora. Merga Bapak maringi ‘pesangon’ arupa kethoprak sak tobonge, kalebu pemain, gamelan lan peralatan dikekake kabeh marang Gepeng. Isih diutangi Rp 60 yuta. Bahasane ‘utang’, nanging yektine kuwi peparinge Bapak. Merga nadyan tembene ora disaur, Bapak meneng wae. Aku dhewe sing diutus menehake Rp 60 yuta kuwi. Dhuwit cash.
Temtu wae aku gumun. Mula njur takon marang Bapak, apa ora berlebihan menehi Gepeng peparing samono akehe? Jarene Bapak, “Dheweke pancen sengaja dakwenehi ‘dolanan’ kethoprak neng Semarang. Senadyan aku ngerti Gepeng wis mbentuk grup lawak dhewe (Sukaria Gepeng cs) karo Nunung, Ranto Edi Gudel, Karjo AC/DC lan Narimo.” Tenan, sawise Gepeng metu, pelawak-pelawak Srimulat Jakarta dha bleng, bleng, bleng, munggah kabeh. Sukaria Gepeng cs, arepa personile jebolan Srimulat, ora mungkin tarung karo Srimulat Jakarta. Merga Gepeng sibuk karo kethoprake, Budoyo Jati, ing Semarang.
Iya. Sawise ora duwe apa-apa, Gepeng mara neng omahe Bapak, Solo. Ndilalah sing nampa pas aku. Sore watara jam 4 dheweke teka numpak becak. Nangis-nangis neng Bapak, kepengin bali melu Srimulat. Dening Bapak diakon nggabung Srimulat Jakarta sing dipimpin adhine Mama. Disangoni Rp 5 yuta. Bapak nilpun Om, “Iki Gepeng meh bali maneh neng Jakarta, tulung tampanen!” Aku takon neng Bapak, geneya Gepeng koksangoni limang yuta? Ngendikane Bapak, “Gepeng kae wis ora duwe apa-apa. Kendharaan ya ora duwe. Omahe kadol, sing banjur dikontrak maneh dening Gepeng. Bareng wis ora kuwat mbayar sewa, dheweke sambat mrene. Sesuk dheweke terna tuku mobil, Ko, konen milih dhewe.” Tenan, sesuke Gepeng takajak menyang dealer, dheweke milih Mitsubishi Galant werna ijo.
Mulane aku kober ‘mrotes’ Bapak. Neng apa Gepeng koktukokne mobil, kokwenehi gaweyan, isih koksangoni? Jawabe Bapak, “Kowe kok nyinyir men karo Gepeng? Sepisan, Gepeng kuwi wis ngentukke dhuwit bapak akeh banget. Kapindho, yen kowe ngerti uwong sing uripe wis ora suwe, piye?” Aku langsung ora bisa kumecap. Pancen wektu kuwi ambu awake Gepeng wis amis, livere ajur merga kakehan ngombe. Bapak ngerti umure Gepeng ora dawa maneh.
Dheweke aktif maneh. Yen dhong libur main, Gepeng bali Jawa Tengah. Yen wektune longgar ngoberake mampir omahe Bapak ing Solo. Wektu lelorone ngobrol, aku krungu Bapak kandha, “Peng, kowe dakbebasake main neng njaba ya. Nanging siji welingku, aja pisan-pisan dadi bintang tamu wayang kulit nganti sewengi natas. Dadi bintang tamu kena-kena wae waton ing adegan Limbukan thok, aja ngasi tekan gara-gara.” Gepeng sumanggem.
Sawijining wektu aku krungu kabar dheweke entuk job ndhalang. Gepeng pancen duwe kabisan ndhalang wayang kulit. Rampung ndhalang, dheweke anfal banjur mlebu rumah sakit. Apa sing njalari Gepeng anfal, merga ngombe maneh apa sebab liya, kene ora ngerti. Weruh-weruh jam nem esuk tilpun omah ngganter. Dakangkat, sing telpun jebul dulure Mama, Mas Bowo, sing sok ngeterake Gepeng wira-wiri. Karo nangis-nangis Mas Bowo ngabari yen Gepeng tinggal donya ing Rumah Sakit Panti Waluyo Solo (11 Juni 1988). Wong saomah kaget. Mama dakkandhani njumbul. Mung raup thok, Mama ngatag aku kon ngeterake menyang Panti Waluyo. Neng kana dakdemek awake Gepeng isih anget. Tinggal donya ing umur 37 taun. Nadyan umure isih kepetung enom, nanging pait getire panguripan, Gepeng wis ngrasakake kabeh. (Ana Candhake)
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo