Wawancara Eko Saputro (3-cuthel): Anggota Srimulat 500, Kabeh Mangan

Srimulat kawujud atas inisiatipe Pak Teguh?

Bapak tau ndongengi aku, Srimulat mono maune murni grup orkes kroncong. Dibentuk dening Bapak lan Bu Srimulat wektu lelorone ketemu ing Grobogan 1948. Wiwit 1953 kroncong Srimulat mbarang keliling ana pasar malem-pasar malem kutha gedhe laladan Jawa Tengah-Jawa Timur. Ing saben pementasan, ana MC sing ditugasi gawe monolog lucu, nyiptakake guyon-guyon receh kanggo ngajak interaksi penonton. Nalika orkes kroncong Srimulat wis manggon ana THR Surabaya taun 1961, sawijine dina Bu Sri kedhayohan dhagelan telu saka Yogya. Tetelune mentas mulih pentas gabungan rong dina karo Kethoprak Siswobudoyo Tulungagung ana sakiwa tengene Surabaya. Bu Sri ngendika, “Tinimbang kowe mung mampir thok, mbok mengko bengi ngewangi aku ndhagel.” Jebul penontone dha seneng musik kroncong diselingi dhagelan.

Pak Teguh kepengin selingan dhagelan ana sateruse?

Bapak nggatekake. Sesuke, Bapak omong neng Bu Sri, “Yu, iki Cah-Cah kuwi kon neng kene dhisik, dijajal sawatara dina engkas.” Bareng dijajal tenan, pranyata penontone saya akeh. Tumrap penonton, selingan dhagelan iku dianggep special show. Bu Sri uga kepranan. Wusana dhagelan telu iku ditanting gelem melu kroncong Srimulat apa ora. Kabeh gelem. “Yen ngono kowe ngajaka kanca loro engkas, merga bojoku kepengin gawe grup lawak,” ngendikane Bu Sri. Wusana kabentuk grup lawak sing awale dumadi saka wong lima: Bandempo, Brontoyudo, Johny Gudel, Edi Geyol. Sing siji maneh aku lali.

Sabanjure?

Pranyata penonton seneng karo lawakan. Tumrap masyarakat Surabaya, lawakan iku dadi hiburan anyar sing seger. Akhire sing maune lawak ming minangka selingan kroncong, dening Bapak diowahi dadi tontonan utama. Sairing karo lumakune wektu, Bapak gawe fragmen-fragmen crita parodhi ngangkat dongeng legendha. Bandung Bandawasa upamane, dipentasake cara plesedan. Kok penontone wimbuh akeh. Wusana dening Bapak pemaine lawak ditambah saka dhagelan ludrug, kethoprak, lan wayang uwong. Sing maune mung pentas sababak, ditambah dadi rong babak. Penonton betah, dha ora ngalih.

Teguh lan Djudjuk Djuariah (tengah) bebarengan karo sebageyan pelawak Srimulat.
(Foto: Dokumentasi)
Ngrembakane wektu, anggota Srimulat gunggunge atusan. Nanging Pak Teguh sembada menehi pangan marang kabeh anak buwahe. Saka ngendi dhuwite?

Om-ku tau nyoba ngitung, anggota Srimulat iku jare totale ana wong 380. Nanging Om-ku sijine maneh yakin cacahe luwih akeh saka kuwi. Yen 500 wae ana. Jumlah 380 sing dietung Om-ku kuwi lagi pemaine, durung kru-krune, klebu kru musik. Neng Srimulat iku blanjane ora akeh, nanging kabeh terjamin. Omah diwenehi, listrik ora mbayar, kesehatan ditanggung, ragad anak sekolah dibantu, isih oleh mangan.

Ateges Pak Teguh wong sing sugih banget?

Miturut aku, yen manejemen-e ora diapusi dening anak buwahe, dhuwite Bapak malah luwih akeh maneh. Diapusi wae Bapak isih sugih kaya ngono. Kuwi kabeh saka asile pentas Srimulat, lho. Murni tiket penonton. Ora ana sponsor. Merga Srimulat iku ora duwe tim marketing sing mligi ditugasi golek sponsor. Tim marketing-e otomatis ya calo-calo tiket kuwi. Merga saben calo nyekel penonton setia nganti atusan. Saking akehe penonton, yen malem Jumuah lan Setu, Srimulat ajeg show kaping pindho. Critane padha. Unike, penonton sing wis ndelok ing jam kapisan, isih dha nonton maneh ing jam kapindho. Lan isih dha ngguyu kekel, padhahal casting-e pemain padha. Penonton ora bosen. 

Pak Teguh hebat banget bisa ngrembakakake Srimulat menyang Solo, Jakarta, Semarang lan bisa urip makmur saka kono…

Aku ki yen mbayangke Bapak jaman semana, terus terang ora bisa mikir. Yen dipikir cara saiki,  uwong wis wegah nglakoni kaya Bapak. Aku tau takon neng Bapak, “Pak, kowe biyen kok yakin banget bukak cabang rana-rana anggepe mesthi payu?” Jarene Bapak, “Jaman semono kuwi tontonan isih minim, Ko. Lan ing erane Johny Gudel, Srimulat wis ngetokake rekaman kaset pita sing diputer ana radhio-radhio. Masyarakat kepengin weruh langsung pelawake.”

Satemene sing njalari pelawak Srimulat lucu iku merga bakat alami apa krana polesane Pak Teguh?

Ngene lho ya, takcontoni neng awakku dhewe wae. Bapak iku wis dakanggep wongatuwaku ya guruku. Bapak iku njurung saben uwong amrih mbukak inner beauty-ne. Klebu aku. Bapak percaya saben uwong duwe sense of humor. Yen ana uwong sing pembawaan-e serius, njur dheweke ngomong, “Aku iki wonge serius,  ora bisa ndhagel,” tumrap Bapak omongan kuwi satemene wis ndhagel. Saengga nalika Bapak ngimpun eks pemain ludrug, eks pemain kethoprak, eks pemain grup drama Lokaria menyang panggung Srimulat, dening Bapak banjur digawekake rangka critane.Tema crita kuwi dhewe wis lucu. Bapak pesen neng pemain, “Iki temane wis lucu, kowe ra sah nglucu. Cukup maina karakter wae. Ning yen critane ora lucu, kowe kudu golek celah nggo nglucu.”  

Mimpin pelawak samono akehe, apa Pak Teguh tau ngendika sapa anggota sing paling ditresnani?

Bapak tau omong, kanggo setingkat sutradhara, sing paling disenengi Herry Koko. Herry Koko iku pelawak uga sutradhara Srimulat sing tembene ngedegake Surya Grup bareng karo Susy Sunaryo, Jalal lan Suprapto Wibowo. Nanging yen Surya Grup lagi ora ana job, Herry Koko  ya bali menyang Srimulat. Bapak ora masalahke. Siji-sijine anggota sing dianggep Bapak paling ngerti karo karepe, ya Herry Koko kuwi. Yen Herry Koko main, Asmuni ora enek apa-apane. Herry Koko iku pelawak cerdhas. Umpane pleng, pleng, pleng. Nomer loro, yen sutradhara, sing disenengi Bapak Pak Rustamaji. Wis, loro kuwi thok. Liyane ra eneng.

Saka kiwa, Tatang (anak mbarepe Gepeng), Tarzan, Mia Permata, Eko Saputro lan Shintia Perdana jrone acara paresmian Museum Srimulat ing Batu, Jawa Timur, 8 Agustus 2024.
(Foto: KSW)
Yen pemain?

Sadurunge erane Gepeng, pemain sing paling disenengi Bapak satemene Johny Gudel. Nanging merga dheweke ninggalake Bapak, ya uwis, ra pa-pa. Sawise kuwi Bapak seneng karo Tikno. Kepara Bapak wis ngrancang Tikno bakal didadekake maskote Srimulat. Eman umure Tikno ora dawa. Dheweke tinggal donya kecemplung kolam ing Taman Ria Remaja Jakarta (gedhong Srimulat Jakarta). Akhire Gepeng sing muncul. Nanging yen ngomong pelawak Srimulat sing saben dina gimmick-e beda, lan lawakane ora bisa ditiru dening kanca-kancane, kuwi mung siji: Pak Bendhot.

Mbokmenawa ana conto lucune Pak Bendhot?

Pak Bendhot iku (guyonane) ora tau verbal. Dheweke main gestur, lan anggone ‘mlebu’ ing wektu sing bener-bener pas. Nanging ora saben bengi dheweke kudu lucu. Ora. Sok ngonoa yen atine lagi net, wuah, kabeh (pemain) entek. Kepara pemain sing lagi akting dha mlayu mlebu merga ora kuwat ngempet guyu. Tau kedadeyan, ana wong papat lagi adegan: Mama-ku, Asmuni, Tarsan, lan Sofia. Lha kok kapapate langsung semburat mlayu menyang mburi panggung nalika gilirane Pak Bendhot metu. Dha ra kuwat ngampet guyu kepingkel-pingkel.  Gara-garane, Pak Bendhot sing entuk dhapukan hansip, metu kanthi sikil wates kentol  dicet gambar sepatu bot. Sikile dhewe nyeker. Ditakoni Mama ngapa sikilmu kokcet gambar sepatu, jawabe, “Lha aku maeng nggoleki sepatu sijine ora enek. Ya wis dakcet wae.” Ha-ha-ha….

Taun 1977 Srimulat tau ditinggal bedhol desa dening telung prapat anggota ing erane Johny Gudel, kepriye Pak Teguh mbangun maneh grup kasebut?

Nalika kuwi telung prapat anggota Srimulat, ya pelawak, ya penyanyi, ya kru, kabeh dha metu. Nah, ing kahanan kritis kaya ngono mau, Bapak dibiyantu dening Pak Siswondo, pimpinane Kethoprak Siswobudoyo. Dhagelane Siswo kon main ana Srimulat. Seniman-seniman ludrug Surabaya uga akeh sing dha mbantu. Untunge, taun 1978 rombongan pelawak saka klompok komedhi Lokaria pindhah menyang Srimulat. Antara liya Abimanyu, Asmuni, Tarsan, Sofia, Tessy, Paul, Triman, Rina Ribut Rawit, lan meh kabeh pemain band-e. Miturut Tessy, blanjane Lokaria satemene luwih gedhe tinimbang Srimulat. Nanging wong-wong kuwi pilih pindhah Srimulat jalaran Srimulat wis duwe panggonan netep ana THR Surabaya. Kejaba kuwi, job njaba ora tau prei.

Tekane eks pelawak Lokaria dadi suntikan anyar tumrap Srimulat?

Kejaba kuwi uga ngowahi cara maine. Sadurunge ketekan eksodus Lokaria, Srimulat Surabaya sing lawas-lawas iku yen nglawak nganggo basa Jawa nyel. Merga pancen ora bisa basa Indonesia. Maca wae ra isa. Konsep panggunge Lokaria padha persis karo Srimulat, bedane anggone caturan nggunakake basa Indonesia. Rehne saka Lokaria akeh pelawak sing mlebu Srimulat, dening Bapak wusana dipecah dadi loro. Sebageyan netep ana THR, sebageyan mbarang keliling dipimpin dening Asmuni. Saengga wektu kuwi ana Srimulat telu: Surabaya, Solo lan kelilingan. Pemaine di-rolling supaya padha dene kenal. Gepeng lan Timbul iku muncul saka Srimulat Solo. Nyawang potensine anggota sing wiwit akeh sing bisa basa Indonesia, Bapak  mutusake, kalah cacak menang cacak nyoba bukak cabang ing Jakarta.

Sadurunge kuwi Pak Teguh ora pe-de bukak cabang ana Jakarta merga akeh pelawak sing ora bisa basa Indonesia?

Iya. Lan Bapak ngaca karo kegagalane Johny Gudel. Johny Gudel kuwi sawise metu saka Srimulat, banjur mbentuk grup Johny Gudel Candaria ing Jakarta. Meh kabeh anggotane jebolan Srimulat. Nanging ya kuwi, merga basa Indonesiane pating pecothot, akhire Candaria ora umur suwe. Mangka ing Srimulat Surabaya, jeneng Johny Gudel iku wis kondhang.

Eko Saputro nampa pisumbang barang koleksi Museum Srimulat dening sawehe anggota Polri sutresna grup lawak kasebut meneri paresmian 8 Agustus 2024.
(Foto: KSW)
Taun 1973-1974 Pak Teguh tau mrodhuksi film asesirah Mayat Cemburu lan Walang Kekek ing Surabaya. Apa sebabe dene film iku gagal?

Satemene ora gagal banget. Dadi ngene, nalika aku lan kanca-kanca gawe film Finding Srimulat taun 2013, aku ketemu karo prodhuser-prodhuser senior. Kabeh dha ngrembug film-e Bapak sing kurang sukses kuwi. Miturut para prodhuser mau, Bapak ora ngerti manajemen film. Biyen, gedhong film diduweni dening perorangan swasta. Saben area, mbuh Jawa Tengah, Jawa Timur, DKI, apa Jawa Barat, duwe asosiasi dhewe-dhewe. Asosiasi kuwi kang menehi rekomendhasi. Upamane, o sing payu neng wilayah Jatim kene iki film-filme Rhoma Irama. Asosiasi njur pesen marang prodhuser kon nggawekake film Rhoma Irama. Jawa Tengah sing payu Roy Marten karo Jenny Rachman. Dadi, mrodhuksi film kuwi kudu ana star-e ora ketang siji. Lha, Bapak gawe film pemaine kabeh murni wong-wong Srimulat sing kurang dikenal ana jagad perfilman

Pak Teguh rugi nggarap film kuwi?

Miturut Bapak, Mayat Cemburu asile impas. Ora bathi, ora rugi. Nanging yen Walang Kekek, Bapak ngakoni rugi. Kena apa rugi, merga film kuwi ora tayang. Wektu proses cuci film neng Hongkong, prodhusere mlayu. Bapak ngeklasake, film iku wis dianggep ilang. Taun 1983, aku lan Bapak lagi mangan neng Pecenongan (Jakarta), ora adoh panggonane karo sentra lapak dodolan koran, majalah, lan kaset vidheo. Salah sijine sing dodol vidheo iku cluluk, “Lho Pak Teguh rak pimpinan Srimulat, berarti ngerti film Walang Kekek no. Aku duwe vidheone.” Bapak kaget. Akhire Bapak tuku, pranyata bener iku film Srimulat gaweyan taun 1974 sing wis dianggep ilang. Bapak lagi ngerti asile ya wektu oleh kasete ing Pecenongan kuwi. Dudutane Bapak, sejatine film iku wis ana ing Indonesia nanging sengaja ora diedharake.

Ngantri seprene, guyon modhel Srimulatan isih akeh dipraktekake masyarakat. Upamane, ngakep rokok sing kudune ana lambe, eee, kliru neng mripat. Ngombe kopi uga bablas neng mripat. Kepriye asal-usule guyon slapstick ngono mau?

Iku gaweyane pelawak-pelawak dhewe. Lan pelawak-pelawak iku niru sapa, aku ngerti. Neng Srimulat iku, yen bengi, akeh wong mendem. Klebu pemain lan kru Srimulat ya akeh sing dha mendem. Lha sing ora melu mendem, nyawang kanca-kancane sing lagi dha mendem iku malah kena nggo bahan lawakan. Upamane, weruh sing dha mabuk iku ngombe wedang sing kudune neng cangkem, kliwat tekan mripat utawa bathuk. Ngemplok panganan kedhuwuren tekan mripat. Iku asal-usule. He-he-he. (Cuthel)

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 340

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *