Ngrekadaya Sandur lumantar Beksan Nylulek

Beksan Nylulek asil rekadaya paraga Wak Tangsil sajrone kesenian Sandur kasil ngukir prestasi ing ajang Urban Roots Festival 2026. Karya kang diusung dening Dinas Kabudayan, Kepemudaan lan Olahraga sarta Pariwisata (Disbudporapar) Kabupaten Tuban kasebut kasil ngolehake Juwara Harapan 1 ing adicara Awarding Night kang dianakake ing Gedhung Kesenian Cak Durasim, Surabaya, Jemuwah 30 Oktober 2026.

Foto bebarengan para juwara.

Ajang kasebut minangka perangan saka rerangkening pengetan ambal warsa adeging Provinsi Jawa Timur kaping 81.

Nylulek mujudake kreasi seni kang kapethik saka paraga Wak Tangsil kang kawentar nduweni solah bawa gecul, nyentrik, lan seneng aweh guyonan ngemot pitutur urip sarta kritik sosial kanthi cara prasaja.

Karakter kasebut banjur ditafsirake awujud beksan kang luwih dinamis dening koreografer Zebi Fagiyanti, S.Sn.

Wak Tangsil kagambarake minangka paraga sepuh kang kreatip, lan kebak semangat. Garapan iki ora mung nengenake beksan kang nglipur, nanging uga tetep ngugemi tetenger kang dadi dhasare paraga kasebut.

Foto bebarengan sakabehing tim Beksan Nylulek.

Gagasan Nylulek uga kawujud lumantar unen-unen “tua-tua keladi, makin tua makin menjadi” kang nggambarake kebak rasa semangat sanajan umur saya tambah. Piweling kasebut dikuwatake kanthi ukara “Rogoku oleh tuwo, tapi nyowo tetep nom. Tuwo mung umur, nanging nom semangate.” Tegese, tuwane umur ora dadi pepalang kanggo tetep obah, makarya, lan ngasilake karya.

Kang uga narik kawigaten saka Nylulek dumunung ing garapan gendhinge. Dwi Tetuka, S.Sn. minangka panata iringan kasil nyawijikake gamelan laras slendro lan irama hip-hop, satemah nuwuhake swasana musikal kang luwih seger. 

Sandur dhewe mujudake kesenian teater tradhisional awujud drama tari kang ngrembaka ing Kabupaten Tuban lan Bojonegoro. Kesenian iki tuwuh saka panguripane masarakat agraris kang rumaket karo jagading tetanen.

Wiwitane, Sandur mung minangka srana panglipur para tani sawise mentas makarya ing sawah, banjur ngrembaka dadi kesenian kang magepokan karo upacara ritual lan tradhisi, sarta dadi sarana nglestarekake wewatakan becik lan laku tulung-tinulung ing bebrayan. 

Ing pagelarane, Sandur nyawijikake unsur drama, beksan, karawitan, lan akrobatik kang diarani kalongking. Lakon kang kagelar nggambarake panguripane masarakat, mligine babagan tetanen, wiwit ngolah lemah nganti panen.

Sajrone pagelaran Sandur, paraga Balong, Pethak, Cawik, lan Tangsil nduweni peran kang nguwatake lakon. Saben paraga nduweni tetenger dhewe-dhewe kang dadi perangan saka reroncening crita. Wak Tangsil minangka salah sawijining paraga kang narik kawigaten amarga solah bawane kang gecul lan banyolane bisa dadi sarana ngandharake piweling marang para pamirsane.

Lumantar Nylulek, karakter Wak Tangsil diwujudake dadi karya beksan kanthi garapan anyar tanpa uwal saka oyod tradhisine. Rekadaya kasebut nuduhake menawa kesenian tradhisional bisa dadi sumber inspirasi kanggo ngasilake karya kreatip anyar kang cocog karo pangrembakan seni pertunjukan.

Panulis: Tika Puji Lestari
(Mahasiswa Magang S-1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa, Universitas Negeri Surabaya)

Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Tika Puji Lestari
Tika Puji Lestari
Articles: 23