Beksan Rema, Pangilon Jatidhiri Masarakat Jawa Timur 

Beksan Rema

Beksan rema nduweni kalungguhan kang mirunggan sarta dadi simbul panguripane masarakat Jawa Timur. Kesenian adi luhung kang asale saka Kabupaten Jombang iki, rikala biyen dadi perangan wigati saka pagelaran ludruk minangka tari pambuka. Nanging ing jaman saiki, panganggone wus dadi saya jembar uga kanggo nyambut rawuhe para tamu ing maneka warna adicara.

Saka kene, banjur tuwuh sawijining pitakonan, geneya Beksan rema dianggep dadi pangilon jatidhiri masarakat Jawa Timur?

Wangsulane pranyata bisa dideleng kanthi cetha saka maneka perangan kang mbangun beksan kasebut. Kapisan, obahing pambeksa nggambarake watak satriya kang luhur. Karakter iki katon cetha saka solah bawa kang teges, dinamis, lan ugi rancak. Obahing awak kang kaya mangkono iku pancen dadi pralambang watak warga Jawa Timur kang kondhang gagah prakosa, wani, blaka suta, sarta tansah trengginas ing pambudi.

Kapindho, wewatek kasebut jumbuh karo piranti sarta busanane. Ana gongseng, yaiku rerenggan awujud lonceng cilik ing tungkake penari. Nalika sikil digedrugake, gongseng kasebut muni krincing selaras karo wiramane gendhing Jula juli Surabayan.

Swara iki nambahi greget lan nguwatake karakter pambeksa kang sigrak. Busanane uga maneka warna cakrike, kayata gaya Jombangan, Surabayan, sarta Malangan. Sanajan beda tlatah, kabeh tetep ngugemi tetenger baku kayata udheng, sabuk epek timang, celana cindhe, keris ing bangkekan, lan sampur.

Kaping telu, Beksan rema iku tinarbuka marang pangaribawa jaman. Yen rikala biyen mung dipentasake dening para priya, saiki wis lumrah ana rema Putri. Sanajan dipentasake dening wanita, watak gagah, teges, lan sigrak tetep dadi tetenger utama. Kahanan iki nuduhake jatidhiri Jawa Timur kang setya ing budaya nanging tetep bisa mekar ngetutake ilining jaman.

Nanging, sanajan dadi simbul jatidhiri budaya, Beksan rema isih ngadhepi tantangan kang abot. Gempuran budaya populer saka manca negara kayata saka Eropah, Amerika, sarta Korea kang sumebar lumantar medhia sosial ndadekake kesenian tradhisional kudu sengkut saingan. Akeh generasi mudha saiki kang luwih kepincut marang beksan modern utawa hip hop tinimbang nyinau beksan asline dhaerahe dhewe.

Supaya jatidhiri iki ora luntur, seniman lan dwija kudu manunggal ngupayakake cara kang narik kawigatene para mudha. Medhia sosial kudu dimanfaatake dadi sarana promosi ngenalake kesenian iki.

Beksan rema bisa didhokumentasekake awujud video banjur disebarake ing platform dhigital. Saliyane iku, pagelaran massal ing alun alun bisa uga dadi sarana srawung kang migunani.

Pasinaon beksan rema ing sekolahan uga kudu ditandhesake. Ora mung ngajarake obahing raga, nanging kudu nlesih wosing sejarah lan nilai budaya ing njerone.

Kanthi pamardi kang temen, pangajabe rasa tresna sarta bombong marang kabudayan dhaerah bisa tansah kawentar. Beksan rema bakal tetep kuncara minangka jatidhiri budaya bangsa kang sejati nganti pungkasaning jaman. Kanthi mangkono, warisan leluhur iki ora bakal musna kepangan dening lakuning wektu kang lumakuing jaman.

***

Panulis: M. Iqbal (Warga MGMP Basa Jawa SMA Surabaya)

Panitipriksa: Tim Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 421