
Adat Kraman Warga Pati
Share your love
Gedhung DPRD Kabupaten Pati rikala Kemis, 13 Agustus 2026 kinarya seksi bisu mlumpuke para warga Pati kang mbiwarakake krentege amrih DPRD Kabupaten Pati nggelar rapat paripurna kanggo ngusulake RUU Perampasan Aset age-age disahake.

Protes lumrahe diwujudake lumantar aksi lan dhemo ing papan umum. Ewadene atusan taun kepungkur Pati tau ngadhepi panguwasa Mataram kanthi cara kang beda. Apa pancen wis adat warga Pati kaya mangkono wiwit mbiyen?

Mula bukane adat kraman warga Pati sejatine bisa ditlesih wiwit pungkasan abad ka-16 M, sing ancase adu rebut panguwasan ing tata pamarentahan tanah Jawa. Sultan Hadiwijaya nganakake sayembara, sapa sing klakon ngasorake Arya Penangsang bisa mikolehi tlatah Pati lan Mataram.
Ki Penjawi, Ki Pemanahan, lan Sutawijaya, putrane Ki Pemanahan menang ing sayembara kasebut. Ki Penjawi klakon mikolehi tlatah Pati, dene Ki Pemanahan yaiku Alas Mentaok kang sabanjure dadi punjere Mataram. Wiwit kuwi, Pati lan Mataram wis ngiket sesambungan.
Anut lumakune wektu, Pati saya ngrembaka kanthi ngembangake jaringan politik lan ekonomi dhewe lan dadi salah sijine kekuwatan ing pesisir lor Jawa sing mengku lawang dagang nuswantara sisih kidul.
Sauntara kuwi, Mataram kang wiwit ngrembaka saka tlatah mencil saya ngegarake swiwi panguwasane. Sesambungan paseduluran kekarone banjur dipikuwati lumantar salakirabi. Waskitajawi, putrine Ki Penjawi, dikramakake karo Sutawijaya, putrane Ki Pemanahan kang banjur jumeneng Panembahan Senopati.
Nanging, nalika Mataram wimbuh digdaya, kapentingane wiwit beda karo Pati. Olehe Mataram nggempur Tuban rikala taun 1598 M lan 1599 M dianggep njalari kadigdayane tlatah pesisir lor saya mutawatiri. Ing taun 1600 M, Adipati Pragola I saka Pati banjur nggawa wadyabalane menyang Mataram kanggo gugat marang tlatah ing sisih lor Pegunungan Kendeng. Dredah kuwi wusanane bisa dilerem dening Mataram.
Pitu likur taun sabanjure, sejarah kaya ing ambalan maneh. Pati ing pangrengkuhe Pragola II klakon nggempur Mataram kang dipandhegani Sultan Agung. Ing taun 1627 M, wusanane Pragola II gugur. Pati banjur kelangan kamardikan politik lan kapeksan rinengkuh dening ing Mataram.
Sumber de Graaf lan Pigeaud sajrone buku Kerajaan-Kerajaan Islam di Jawa: Peralihan dari Majapahit ke Mataram (1985) nandhesake katrangan yen sadurunge konflik kuwi, Pragola II isih ngiket sesambungan karo Mataram. Rong kedadeyan kuwi nuduhake yen sesambungan Pati lan Mataram ora mung saderma antarane pehak kang dhemen “kraman” lan pehak kang “dikramani”. Ing sawalike kuwi, ana owah-owahan kadigdayan, butuhane praja, ekonomi, lan sesambungan kulawarga.
Pati pancen nduweni cathetan dawa ngenani dredah karo panguwasa. Ewasemana, yen ngarani warga Pati dhemen “kraman” mbutuhake pamawas lan panlesih kang jembar tur tinarbuka. Sing cetha, wiwit jaman Pragola nganti saiki, swara saka Pati tansah ngumbara lan nduweni crita nalika masarakat lan panguwasa ora nemu tinemu sarujuke.
***
Panulis: Tika Puji Lestari (Mahasiswa Magang S-1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa, Universitas Negeri Surabaya)
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi















