Jus Seledri lan Timun,Menu Dhiet kang Trep mungguh sing Nandhang Dhiabetes

Seledri (Apium graveolens) lan timun (Cucumis sativus) kalebu janganan lan woh-wohan sing gampang diolah jus. Rasane seger, kalorine endhek, jan yahut tenan. Mula akeh kang padha ndadekake jus seledri lan timun iki dadi ombenan gegantine sing legi-legi utawa soda.

Timun sugih banyu. Miturut panliten ing jurnal Foods taun 2025, timun ngandhut banyu nganti 96,4 persen, kalium 136 mg saben 100 gram, sarta flavonoid. Mulane, jus nganggo bebakalan timun mbantu nambah cairan awak, lan dadi tamba ngelak mligine rikala hawa panas utawa sawise nyambut gawe abot. Semono uga timun ya nduweni sipat antioksidan lan antidiabetes kang migunani kanggo nundhung radhikal bebas saka awak lan nyegah dhiabetes.

Panliten katrangan Pharmacological Research Reports taun 2025 nyebutake yen seledri ngandhut phthalide lan flavonoid kayata apigenin. Senyawa kuwi bisa ndayani sipat diuretik (nggegangsar pipis), nurunake tekanan dharah, sarta ngayomi awak saka radhikal bebas.

Jalaran sugih banyu tur lan kalorine endhek, jus saka seledri lan timun bisa agawe weteng wareg kanthi wektu suwe. Mulane jus iki dadi menu dhiet tumrap sing kepengin njaga bobot awak. Serat kang kinandhut sajrone seledri ya bisa mbantu pangluluhan (pencernaan), mligine yen jus ora disaring. Nanging perlu kauningan yen sadurunge diolah dadi jus, seledri kudu dikumbah resik supaya ora ana sisa pestisida kang katut.

Cara nggawene prasaja. Seledri (watara telung gagang) lan timun (siji), utawa bisa mawa takeran slaras pepenginan, diresiki nganti resik, banjur dirajangi cilik-cilik. Lebokna ing blender bebarengan karo banyu mateng sagelas, bisa dislarasake maneh, banjur diblender nganti alus. Yen kepengin luwih seger, tambahna es batu. Becike jus langsung diombe lan ora dicampuri gula. Ukuran iki mung cara umum, dudu pathokan mligi adhedhasar asiling panliten.

Senajan kalebu bahan pangan kang lumrah dikonsumsi, seledri bisa njalari mecut tuwuhe biduren luwih-luwih tumrap wong sing sensitif. Tandhane bisa awujud gatel utawa abuh ing lambe, tutuk, lan tenggorokan. Saliyane iku, timun kang rasane pait banget becike ora diterusake anggone dipangan utawa diombe. Rasa pait kang ora lumrah saka timun bisa dadi tandha anane kandhutan cucurbitacin dhuwur kang bisa ngracuni awak. Senyawa kasebut bisa njalari pangluluhan sulaya.

Mungguh tatanan urip sehat, jus iki cukup wae didadekake minangka jejangkep, dudu usada terapis/utama kanggo sing nandhang lelara tartamtu. Yen duwe lelara tartamtu utawa lagi ngombe obat, becike takon menyang dhokter dhisik. Mugi migunani. Nuwun.

Bagikan artikel ini
Niken Dwi Saputri
Niken Dwi Saputri
Articles: 24