
Maestro Penggurit Poer Adhie Prawoto Dipengeti Mirunggan Sawise 21 Taun Tinimbalan Mangayun
Share your love

Juru gurit gamben Poer Adhie Prawoto kang tinimbalan mangayun selikur taun kepungkur dipengeti kanthi mirunggan. Sing gumregah nggelar pengetan Komunitas Sastra Serat, saweneh komunitas ing Solo sing anggotane dumadi saka generasi milenial. Kejaba mikul dhuwur asmane sang penggurit, acara kasebut uga nduweni daya pangaribawa tumrap pangrembakane kasusastran Jawa gagrag anyar, mligine geguritan.
Dina Selasa bengi, tanggal 7 Februari 2022. Gedhung Teater Arena Taman Budaya Surakarta dadi seksi bisu. Asmane penggurit Poer Adhie Prawoto bola-bali disebut kanthi wijang lan gandhang-ngumandhang. Guritan-guritane kang wis kondhang lan asipat naratif-komunikatif, diwaca gentenan. Upamane geguritan kanthi irah-irahan Penyair, Bengi Iki Sliramu Nglilir, Balada Juwariyah Kembang Palanyah, Kenya, Marto Bengkring lan Juwarikem, lan sawetara liyane. luwih senior uga ora ketinggalan. Upamane Tito Setya Budi (Sragen), Dhanu Priyo Prabowo (Yogyakarta), Yuditeha (Karanganyar), sarta penggurit lan dheklamator peng-pengan Dedek Witranto (Solo).
Ora ketinggalan penggurit wanita “bintang anyar” Ucik Fuadhiyah uga melu tampil. Ucik Fuadhiyah mujudake dhosen basa Jawa ing Universitas Negeri Semarang (Unnes). Dheweke wis nerbitake buku guritan mawa irah-irahan Gendari Marang Dhestarastra lan klebu salah sawiji buku unggulan pengaji-aji Prasidatama Balai Bahasa Jawa Tengah taun 2022. Wektu iki Ucik nedheng nempuh program doktoral ing Program S3 Prodi Kajian Budaya Universitas Sebelas Maret Surakarta (UNS).

Prasaja Nanging Mirasa
Acara bengi kuwi rekene prasaja nanging mirasa. Teater Arena Taman Budaya Surakarta kang nduweni kapasitas penoton kira-kira cacah 200, pancen katon ngglondhang. Sok ngonowa, kahanane ora sepi lan tintrim, apa maneh wingit. Senadyan ing sanjabane gedhung hawane adhem kekes, awit wis sawetara dina kutha Solo kagrujug udan rendhengan, nanging ing njero gedhung krasa anget. Sing padha ngrawuhi pagelaran guritan katon guyup lan rumaket. Kabeh rumangsa mongkog lan marem. Acara pagelaran kapiji nges lan nengsemake, satemah murakabi tur mirasa tenan.

Kejaba arak-arakan maca guritan anggitane Poer Adhie Prawoto, acara pengetan bengi kuwi dijangkepi kanthi dhiskusi. Sing dadi narasumber yakuwi Yuditeha lan Waskita Danardana. Yuditeha saiki populer minangka tukang cukur, ngrangkep dadi pengarang kang prodhuktif banget. Kejaba kuwi, Yuditeha uga dadi penggerak Komunitas Kamar Kata.
Trajange komunitas kasebut yakuwi nggladhi lan ngesuhi generasi mudha kang seneng marang ulah kasusastran, mligine ing wilayah Karanganyar lan sakiwa-tengene. Dhek awal taun 1990-an, swargi Poer Adhie Prawoto nate nyebut jenenge Yuditeha minangka salah sawiji ing antarane para penggurit mudha masa depan. Nalika kuwi Yuditeha isih kuliah ing Universitas Sanata Dharma Yogyakarta. Bengi kuwi, Yuditeha ngrembug kiprahe Poer Adhie Prawoto ing kasusastran Jawa sarta ngonceki guritan-guritane sang maestro.
Wondene Waskita Danardana mujudake putra pambarepe Poer Adhie Prawoto. Perlu kawuningan, Poer Adhie Prawoto asline saka tlatah Sambong, Blora. Wiwit 1971 dheweke dadi guru Sekolah Dasar ing tlatah Blora. Taun 1980 dheweke pindhah menyang Solo, awit kesengsem marang dinamikane sastra Jawa ing Solo. Nalika kuwi Solo prasasat dadi barometer mungguhe sastra Jawa gagrag anyar awit anane proyek Pusat Kebudayaan Jawa Tengah (PKJT) kang dipandhegani dening seniman SD Humardani.
Poer Adhie Prawoto mangun bebrayan klawan Naniek Sutarni, pinaringan putra loro yakuwi Waskita Danardana lan Yudhistira. Ana kang gawe trenyuh nalika Waskita Danardana nyritakake lelakone wong tuwane.
“Kahanan ekonomine penggurit Poer Adhie Prawoto ora kaya kondhange jenenge,” ucape Danardana. “Apa maneh, nalika kuwi ibu durung nyambut gawe, awit aku lan Yudhis isih cilik lan durung bisa ditinggal.”
Kacritakake dening Danardana, sakawit Poer Adhie Prawoto manggon ing omah kontrakan nganti sawetara taun. Banjur pindhah menyang Perumnas Mojosonga. Omahe cilik tur isih wujud batako ora dilepa, payone asbes, jogane saka semen kasar.
“Gajine Bapak minangka PNS golonga oro prasasat entek nggo ngangsur perumnas lan bon koperasi. Selagine honor nulis ing koran lan majalah tekane ora bisa dijagakne. Bapak nate keraya-raya menyang Semarang saperlu njupuk honor, awit kepepet butuh,” kandhane Danardana karo ngempet rasa trenyuh.
Guritan Unik
Guritan-guritane Poer Adhie Prawoto kapiji khas lan unik. Guritan-guritan mau bisa kapilah manut titikan wujude guritan lan estetikane. Yaiku jinis epigram utawa guritan cekak nanging mentes, guritan naratif, guritan perjalanan, guritan swasana/kahanan alam, lan gurita religus.
“Ing antarane karya-karyane Poer Adhie Prawoto, aku kesengsem guritan kanthi irahan-irahan Aku lan Dheweke. Guritan mau pancen dawa, nanging khas lan unik, uga nduweni makna kang jero lan ora gampang digrayang,” kandhane Ucik Fuadiyah. “Wis rada suwe aku mendhem obsesi kepengin ngangkat guritan mau dadi pentas monolog.”
Acara mengeti Poer Adhie Prawoto tetela nduweni daya pangaribawa mungguhe sastra Jawa. Sing cetha ketok mata, generasi milenial saya caket marang sastra Jawa. Ing sanjabane gedhung pertunjukan, lumantar media sosial, para panggilut sastra Jawa padha umyeg liru panemu lan ngumbar gagasan.
Ing antarane gagasan mau, saiba becike yen para sastrawan sing wis sumare uga dipengeti. Upamane, Moch. Nursyahid P.,Sukarman Sastrodiwiryo, Tamsir AS lan sapanunggalane. Uga ana gagasan arep ngimpun lan nerbitake guritan-guritane Poer Adhie Prawoto sing isih kececeran. Sakehe gagasan mau, tetela gawe mareme Roeswardiyatmo HS, penggurit gamben mitra rakete Poer Adhie Prawoto, kang kesdu rawuh ing acara pengetan bengi kuwi.

***















