Dhandhang Gendhis, Usada Alami Terapis Dhiabetes

Dhandhang Gendhis (Clinacanthus nutans)

Dhandang Gendhis (Clinacanthus nutans) utawa ana uga sing ngarani tlale gajah iki nduweni godhong sing migunani banget tumrap kasarasan. Ing kalangane wong Asia mligine Indonesia, tanduran iki wis kesuwur didadekake usada alami terapis tumrap sing nandhang lara gula utawa dhiabetes.

Dhandhang gendhis kalebu tanduran rerungkudan kang tuwuhe bisa nganti 1-3 meter. Pang-pange jejeg, dene godhonge awarna ijo tur dawa lincip wujude. Kembange abang semu oren. Tanduran iki bisa dibudidayakake kanthi cara stek ing lonjorane. Kejaba saka kuwi, dhandhang gendhis ya klebu tanduran sing gampang uripe tur kepenak open-openane, mula trep yen ditandur ing omah-omah.

Mungguh kapustakan panliten, dhandhang gendhis narik kawigaten amarga mengku akeh kandhutan senyawa kimia kang migunani ing godhonge. Miturut sawijining panliten kang kapacak ing jurnal Molecules taun 2022, tanduran iki ngandhut maneka senyawa, kayata flavonoid, senyawa fenolik, lan sawetara senyawa bioaktif liyane. Maneka senyawa kang kinandhut sajrone dhandhang gendhis kuwi duwe daya pangaribawa marang tumangkare aktivitas antioksidan lan antiinflamasi. Banjur, apa wae ta paedahe godhong dhandhang gendhis tumrap kasarasan?

Flavonoid lan senyawa fenolik kang kinandhut ing tanduran iki bisa mbantu nundhung radhikal bebas ing awak. Radhikal bebas kang akeh banget ing awak bisa nuwuhake stres oksidatif, kang bisa ngrusak sakehe sel lan jaringan ing awak. Senyawa antioksidan sajrone dhandhang gendhis bisa kanggo nyuda stres oksidatif kuwi mau.

Dhandhang Gendhis mengku aktivitas antidiabetes kang temanja mingka terapise lelara dhiabetes

Sauntara kuwi, sawetara panliten padha nuduhake anane aktivitas antidiabetes kang kinandhut sajrone godhonge dhandhang gendhis. Mula dhasar kalebu sedulur karang padesan migunakake tanduran iki kanggo nyuda gula lan gejala-gejalane kang dirasakake dening awak. Banjur kepriye carane ngolah dhandhang gendhis iki?

Olehe ngolah dhandhang gendhis mono gampang. Godhonge dhandhang gendhis sing isih seger cacah 7-12 lembar digodhog nganggo banyu rong gelas nganti nyisa sagelas. Ngunjuke sedina pindho. Supaya luwih mirasa bisa ditambahi madu.

Sanadyan nduweni potensi, dhandhang gendhis ora kena didadekake minangka tamba utama kanggo ngganti obat saka dhokter. Keamanan panganggone ya gumantung marang dhosis, cara pangolahe, lan suwene olehe nganggo. Mula, para maos becik ora nggunakake tanduran iki kanggo nambani lelara tanpa konsultasi karo dhokter, luwih-luwih tumrap wong kang lagi ngombe obat ajeg. Mugi migunani.

Penulis: Aura Berliana Citra Devi

Bagikan artikel ini
auraberliana30
auraberliana30
Articles: 17