
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Presiden Prabowo Subianto paring anugrah gelar pahlawan nasional marang paraga cacah 19 kang wis sumare. Prosesi peparinge gelar ditindakake ana Istana Negara, Jakarta, Selasa, 10 November 2026. Tandha pangaji-aji arupa plakat ditampakake marang para ahli warise pahlawan-pahlawan kasebut.
Taun iki tokoh-tokoh kang pinaringan gelar pahlawan yaiku Hoegeng Iman Santoso, R. M. Margono Djojohadikusumo, Ali Sastroamidjojo, Abdoel Moethalib Sangadji, Franciscus Xaverius Seda, Sutan Takdir Alisjahbana, Ali Sadikin, Sultan Muhammad Ali Abdul Jalil Muazzam Syah, Maraden Panggabean, Soengkono, R. Suryadi Suryadarma, Yusuf Hasyim, Wasyid, Muslim Muhammad Khalifah (Kyai Modjo), Mohamad Roem, Abbas Abdul Jamil, M. Jusuf, Sultan Ibrahim Chaliluddin, lan Moch. Sroedji.
Temtu wae kabeh paraga kang nampa gelar pahlawan mau mujudake tokoh-tokoh penting ing jamane. Lelabuhane marang bangsa lan negara ora perlu dirembug maneh. Nanging saka sakehing asma kang antuk pangaji-aji mau, ana sawatara kang narik kawigaten. Salah sijine yaiku R.M. Margono Djojohadikusumo kang ora liya eyange Presiden Prabowo.
Margono kacathet nduweni labuh labet gedhe marang sejarah perjuwangan bangsa. Kejaba tau dadi anggota Badan Penyelidik Usaha-Usaha Persiapan Kemerdekaan Indonesia (BPU PKI), Margono uga diangkat minangka Ketua Dewan Pertimbangan Agung (DPA) sepisanan sawise Indonesia mardika.
Lelabuhane Margono ing babagan ekonomi sangsaya nyata saploke ngedegake Bank Negara Indonesia (BNI) 46. Margono uga kalebu anggota Komisi Tiga Negara nalika dianakake rundhingan Roem-Royen lan Konferensi Meja Bundar 1949.
Kejaba Margono, tokoh liya sing uga narik kawigaten yaiku Jendral Hoegeng Iman Santoso, Kapolri kang njabat 1968-1971. Kadidene pulisi, Hoegeng dikenal nduweni integritas kang dhuwur. Sasuwene dadi Kapolri, Hoegeng nulak dhuwit sogokan saka pebisnis, sarta nampik fasilitas kang keluwih-luwih. Ing mangsa pensiune, Hoegeng urip prasaja karo kulawargane. Ora ngawistarani menawa rumuhun Hoegeng tau dadi kepala pulisi Indonesia. Hoegeng pindhane “monumen kejujuran” tumrap kapulisen Indonesia.
Ali Sadikin, Gubernur DKI Jakarta periodhe 1966-1977, uga paraga sing kondhang ing jamane. Nalika negara isih jrone kahanan rekasa sacara ekonomi, nanging Ali Sadikin bisa mbangun Jakarta dadi kutha metropolitan. Warisan-warisane Ali Sadikin isih bisa dirasakake nganti seprene, antara liya Taman Ismail Marzuki, Taman Impian Jaya Ancol, lan Taman Margasatwa Ragunan. Gubernur Jakarta Pramono Anung nuturake, Ali Sadikin wis yasa pondhasi kanggo ngrembakakake seni budaya Betawi ing Jakarta.
Kepala Badan Komunikasi Pemerintah (Bakom) Syahganda Nainggolan ngandharake anugrah gelar pahlawan nasional marang tokoh 19 mau wis ngliwati proses panaliten lan panitipriksa kanggo mesthekake lamun bener-bener nduweni labuh labet gedhe marang bangsa lan negara. Panaliten lan panitipriksa ditindakake dening Tim Peneliti dan Pengkaji Gelar Daerah (TP2GD) tingkat kabupaten/kota sawise tokoh-tokoh mau diusulake dening masyarakat.
“Gelar pahlawan iki ora dianugrahake ujug-ujug, nanging wis ngliwati rerangkening panaliten lan panitipriksa,” kandhane Syahganda.
Menteri Kebudayaan Fadli Zon nambahake, sawise ditintingi dening TP2GD tingkat kabupaten/kota, usulan-usulane masyarakat mau banjur ditliti ing tingkat provinsi. Lolos saka tingkat provinsi, banjur diunggahake menyang pemerintah pusat liwat Kementerian Sosial. Miturut Fadli 2026 iki tokoh-tokoh kang pinaringan gelar pahlawan paling akeh yen dibandhingake karo taun-taun sing uwis.
Paraga-paraga mau lolos seleksi ing bidhange dhewe-dhewe, wiwit saja pelaku perjuwangan fisik lumawan penjajah, dhiplomasi, politik lan kabudayan. “Taun iki tokoh kang antuk gelar pahlawan nasional mecahake rekor, cacahe 19,” kandhane Fadli semu guyon.
Fadli kandha, paraga 19 mau kaya-kaya makili 12 provinsi minangka asal-usul tanah klairane, yaiku Sumatera Utara, Riau, Banten, DKI Jakarta, Jawa Barat, Jawa Tengah, Jawa Timur, Kalimantan Timur, Nusa Tenggara Timur, Sulawesi Selatan, Sulawesi Utara lan Maluku.
Anugrah gelar pahlawan nasional, kandhane Fadli, mujudake pangaji-aji saka generasi penerus bangsa marang labuh-labet sarta pangurbanane generasi sadurunge. Fadli yakin para ahli waris satemene ora ngarep-arep simbah-simbahe kang wis jinempana ing angin njaluk diakoni minangka pahlawan.
Fadli menehi conto putra wayahe Margono Djojohadikusumo sejatine ora njaluk pangaji-aji apa-apa. Kepara pihak kulawarga, kalebu Presiden Prabowo Subianto, kober nulak nalika Margono diusulake dening Pemerintah Kabupaten Banyumas, Jawa Tengah amrih dianugrahi gelar pahlawan. Prabowo ora kepengin ana anggepan menawa anugrah gelar pahlawan marang Margono merga panjenengane lagi njabat presiden.
Fadli nemenake yen Presiden Prabowo ora melu-melu ing bab usulan Margono antuk gelar pahlawan. Nanging mungguhe Fadli, Margono satemene tokoh gedhe sing pantes dadi pahlawan. Malah kudune gelar pahlawan tumrap Margono wis dianugrahake wiwit biyen-biyen. “Minangka generasi penerus, awake dhewe mesthi wae kudu ngajeni, ngregani, lan ngapresiasi lelabuhan gedhe mau,” kandhane Fadli.
(ANTARA)