
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Pawiwahan adat Jawa ora mung perkara ijab lan panggih manten. Ana maneka lelampahan kang ngemu surasa, lan ajeg kagelar turun tumurun. Kaya kang isih diuri-uri ing wewengkon Arek, yaiku Surabaya, Sidoarjo, Mojokerto, saperangan Pasuruan, lan Malang. Ing kana ana tradhisi kang arane Lara Pangkon.
Lara Pangkon mujudake upacara adat kang ditindakake nalika rombongan penganten kakung rawuh ing omahe penganten putri, sadurunge panggih. Ing sawetara tulisan, jenenge uga katulis Loro Pangkon, utawa kasebut jago-jagoan. Tembunge kerep ditegesi minangka cekakan saka “lara sadurunge kelakon”, tegese ana pacoban sadurunge kekarepan bisa kaleksanan. Anane tradhisi iki dadi tandha yen pihak penganten kakung wis siyap masrahake putrane marang kulawarga penganten putri kanggo nggayuh urip bebrayan.
Ing adicara iki, ana rong paraga kang dadi wakil saka saben pihak. Kang siji nggawa boneka pitik jago kanthi rerenggan warna-warni, uga bokor isi beras kuning. Miturut cathetan Dinas Perpustakaan lan Kearsipan Provinsi Jawa Timur, peragaan diwiwiti gendhing Jula-Juli Surabayan, dene salah sijine paraga nggendhong jago karo njoged Remo. Sabanjure, kekarone pacaturan kanthi guyonan, parikan, lan tembang. Wakil penganten putri takon bab kaluwihane jago, banjur dijawab siji-siji dening wakil penganten kakung. Sawise iku, ing sawetara adicara dibacutake rebut jago kanthi pencak silat.
Geneya kudu jago? Jalaran jago dadi lambang penganten kakung. Miturut Ketua Dewan Kesenian Kabupaten Malang, Ki Suroso, wujud lan watak jago nggambarake kriteria calon penganten kakung, uga sifat-sifat manungsa. Dene rebut jago nggambarake perjuwangan penganten kakung amrih bisa ditampa kulawarga penganten putri.
Ing saben panggonan, jeneng lan wujude rada beda. Ing Surabaya, Lara Pangkon gandheng karo Manten Pegon, dene ing Sidoarjo dadi adegan wigati ing adat Pengantin Putri Jenggolo. Ing Malang, miturut Ki Suroso, tradhisi iki lumrah ing masyarakat Mataraman lan Arek, lan ngrembaka kanthi kekhasan lokal kayata Malang Keprabon lan Keputren. Asal-usule, jarene, mengkono marang pawiwahan kraton Surakarta lan Ngayogyakarta. Ananging Warisan Budaya Takbenda Kemendikbud nyathet yen sejarah pesthine durung dimangerteni.
Saiki, Lara Pangkon wis arang katon kagelar kanthi jangkep. Prosesine dawa, mula akeh kang disingkat. Ora maido yen urutane uga kerep keliru. Ana kang nindakake kebalikane, yaiku penganten ketemu dhisik lagi Lara Pangkon dianakake. Ora dilarang, nanging esensi lan nilai filosofine bisa ilang. Ing Sidoarjo, Lara Pangkon luwih kerep kagelar ing pawai budaya lan nikah massal. Dene panaliten ing Ngantang, Malang, nyathet yen generasi enom kurang kapengin lan kurang mangerteni surasane.
Mula Ki Suroso nyaranake supaya prosesi bisa disederhanakake dadi 10-15 menit, kanthi pakem aja nganti ilang. Bisa uga dilengkapi lawakan supaya luwih narik kawigaten. Dadi, Lara Pangkon ora mung kanggo pamer, ananging dadi piwulang tumrap generasi enom bab tanggung jawab lan pakurmatan ing bebrayan.
***
Panulis: Hafifah (Warga MGMP Basa Jawa SMA Surabaya)
Panitipriksa: Tim Redhaksi Panjebar Semangat