
Carane Ngramut Gadget amrih Cling kaya Anyar Maneh
Share your love

Ora bisa dipungkiri yen kegiatan kita sedina-dinane ora tau uwal saka sing jenenge gadget. Bab iku uga nuwuhake resiko gadget kita dadi gampang kotor, lan mbulak. Mesthi wae para sutresna ora pengin ta gadget-e kotor utawa lethek? Banjur piye ya carane amrih gadget kita tetep cling kaya nalika tas tuku kae?
Ora angel pranyata. Lan kita bisa migunakake barang-barang sederhana kaya ing ngisor iki kang akeh ditemokake ing omah kita. Penasaran? Ayo enggal diwiwiti wae.
- Kain Microfiber
Barang climen iki bisa dimanfaatake kanggo ndadekake gadget tetep cling kaya anyar yakuwi kain microfiber. Sapa ngira yen kain kang sering kita gunakake kanggo ngelap kacamata iki malah bisa ndadekake gadget kita tansah katon anyar? Utamane ing bagian kacane. Kita bisa nggunakake kain microfiber iki kanggo ngresiki layar gadget kita. Kita ora perlu khawatir yen kain iki bisa ngrusak bagian lumahe layar merga kang kedadeyan justru suwalike, kain microfiber iki nduweni permukaan kang alus banget lan lembut saengga ora bakal ngrusak bagian layar saka gadget kita. - Selotip
Sabanjure barang sederhana kang bisa kita gunakake kanggo ndadekake gadget kita tetep cling kaya anyar yakuwi selotip. Sapa ngira yen selotip kang sering kita sepelekake iki malah bisa dadi barang pitulungan kanggo ngresiki gadget kita lo! Kita bisa nggunakake selotip iki kanggo ngresiki bagian sela-sela saka keyboard laptop kita. Saliyane iku, kita uga bisa manfaatake selotip iki kanggo ngranggeh bagian kang angel resik-resikane kaya upamane speaker HP utawa sela-selane laptop kang ora bisa diranggeh nganggo tangan utawa kain. - Setip Potelot
Saliyane minangka pelengkap potlot, setip uga bisa dadi barang kang migunani kanggo ngresiki gadget amrih tetep cling kaya anyar. Utamane ing bagian kabel gadget kita. Pancen kabel dadi bab kang gampang banget dadi kotor, mbulak, lan uga lethek, apamaneh yen kabel mau warnane putih. Carane cukup gampang, kita mung perlu nggosok bagian kabel gadget kang kotor nganggo setip kuwi. Gosok bola-bali mula regedan ing kabel ksb bakal gampang ilang lan kabel gadget kita mau bakal katon kaya anyar maneh. - Roller pembersih pakaian
Roller pembersih pakaian uga bisa digunakake kanggo ngresiki gadget lo! Utamane kanggo barang-barang kayadene speaker komputer utawa speaker kang bentuke protable. Kita bisa ngresiki gadget mau nganggo roller iki kanggo ngangkat bledug lan uga kotoran kang nempel ing gadget-gadget mau.
Luwih Penting Njaga Gadget
Saliyane ndadekake gadget tetep cling kaya anyar, nyatane ana bab kang luwih penting saka kabeh iku, yaiku njaga resike gadget. Kanthi tansah njaga gadget tansah katon anyar lan resik, mula kita uga wis ngupaya kanggo ngresiki gadget kita saka sakehing kotoran apadene kuman kang nempel. Mangkono mau informasi ngenani barang-barang sederhana cacah 4 kang bisa kita manfaatake kanggo ndadekake gadget tetep cling kaya anyar.
Mangga dicoba !
***
Panulis: (d/ist)***















