
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Sadurunge ngrembug bab software Hanacaraka V 1.0 perlu takcritakake luwih dhisik ngenani kerepotanku nalika ndhampingi anakku sinau nulis jawa.
Tak akoni aku ora paham karo tulisan jawa. Mula kepriye carane aku bisa ndampingi anakku sing lagi sinau nulis jawa?
Pirang-pirang dina aku sinau carane nulis jawa lumantar buku Pepak Basa Jawa, nanging tetep wae kerepotan merga kudu ngapalake aksara jawa, angka jawa, pasangan aksara jawa, aksara swara, aksara murda, aksara rekan, lan sandhangan, kamangka daya pikirku wis gampang lali. Anggonku usaha uga ora mung mligi sinau saka buku Pepak Basa Jawa, nanging uga nyoba sinau nulis jawa nggunakake MS Word. Senajaan nulis jawa nggunakake MS Word pranyata gampang, merga mung kari ngapalake keyboard, nanging yen ora paham karo aturane nulis jawa mesthi ora bakal bisa nganggit tembung apadene ukara.
Tujune ing internet aku nemokake salah sijine software sing bisa takgawe cekelan ndhampingi anakku sinau nulis jawa. Software ksb arane Hanacaraka V 1.0. Kanthi nggunakake Hanacaraka V 1.0 aku bisa ngoreksi tulisan jawa, senajan ora paham karo carane nulis jawa.
Genahe, software Hanacaraka V 1.0 iku minangka alat konversi latin-jawa lan jawa-latin. Saengga, kanthi nggunakake software ksb sapa wae bisa ngowahi tulisan latin dadi tulisan jawa, lan suwalike bisa ngowahi tulisan jawa dadi tulisan latin.
Tumrap bocah sekolah sing lagi sinau nulis jawa lan wong tuwa sing ndampingi, software iki gedhe paedahe amarga bisa dimanfaatake kanggo sarana koreksi.
Kejaba alat konversi, softwre Hanacaraka V 1.0 iki uga minangka media pembelajaran aksara jawa. Salah sijine menu sing aran “Pengenalan Aksara,” nyedhiakake halaman kanggo sinau aksara jawa, aksara swara, angka jawa, aksara murda, pasangan lan sandhangan.
Ana maneh menu liyane sing bisa kanggo ngetes ketrampilan nulis jawa, yaiku menu “Soal-soal Latihan.” Ana telung perangan soal latihan, ing antarane kanggo tingkat pemula, tingkat menengah, lan tingkat lanjut. Soal latihan bisa diedit, saengga bisa kanggo nambah sakakeh-akehe latihan nulis jawa.
Para maos sing kepingin sinau nulis jawa, utawa sing mung sakderma kepingin ndampingi putrane sinau nulis jawa, bisa ngundhuh software Hanacaraka V 1.0 lumantar internet. Software iki sing kagungaan hak cipta Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogjakrta.
***
Panulis: Muniryono