Antisipasi Wabah; Surabaya Waspada Zoonosis

Pemerintah kutha Surabaya dinane iki siap siaga ngadhepi anane penyakit zoonosis—penyakit sing nulari manungsa saka kéwan—liwat kolaborasi antar-sektor supaya wabah ksb bisa dicegah kanthi cepet. Upaya iki ngarah marang penguwatan sistem surveilans, komunikasi risiko, edukasi publik, lan koordinasi antar lembaga. Wujud nyata komitmen ksb kanthi nggelar Lokakarya Edukasi Pencegahan Penyakit Zoonosis sing dianakaké Dinas Kesehatan Kota Surabaya bebarengan Biro Komunikasi lan Informasi Publik Kementerian Kesehatan, Portal Kesehatan Masyarakat (Portkesmas), lan Pokja RCCE ing tanggal 21–22 Juli 2026 ing Puskesmas Medokan Ayu.

Kegiatane ngajak perangkat daerah, instansi kesehatan, organisasi masyarakat, Tim Penggerak PKK, Palang Merah Indonesia, PD Pasar Surya, puskesmas, puskeswan, lan wartawan. Kolaborasi iki duweni tujuan kanggo nguwataké komunikasi risiko, nambah partisipasi masyarakat, lan mbangun mekanisme koordinasi lintas sektor kanggo ndeteksi lan tanggap marang anane ancaman zoonosis.

Kepala Bidang Pencegahan lan Pengendalian Penyakit Dinkes Surabaya, dr. Atiek Tri Arini, njlentrehaké yèn kesiapsiagaan iki kunci supaya penyakit zoonosis ora dadi wabah. Mulané Dinkes ngintensifaké surveilans, ngencengi kerja bareng karo sektor kesehatan héwan lan lingkungan, sarta nambah edukasi supaya masyarakat paham risiko lan langkah pencegahan wiwit saka awal.

Salah siji fokus jroning ngawasi yaiku antisipasi mundhake penyakit ing mangsa udan, utamané leptospirosis. Dinkes rutin ngetokake surat edaran marang sakabehe UPT, kecamatan, lan kelurahan ngenani kawaspadan marang banjir lan penyakit sing ngetutake. Edukasi munjerake prilaku urip resik lan sehat (PHBS): wisuh nganggo sabun, sandhalan utawa sepaton nalika ngliwati banyu ngecembeng, lan langsung reresik awak sakwise kena banyu udan utawa banyu ngecembeng mau.

dr. Atiek ngandhakake yèn pakulinan prasaja nanging ajeg kaya wisuh iki nduwèni pengaruh gedhé kanggo nyegah ketularan penyakit.

Resike lingkungan uga dadi kawigaten amarga tikus sing nggawa bakteri leptospira bakal ngrembaka ing papan sing reged lan umes. Nulare leptospirosis bisa kedadeyan yèn urin tikus kena kulit sing tatu; gejala kawitan biasané nggreges nemen lan linu awake tanpa nandhang watuk utawa pilek, lan yèn dikantheni gangguan angel seni mula kudu enggal menyang dokter. Saliyane leptospirosis, Dinkes uga ningkatake kawaspadan marang Kasus Gigitan Hewan Penular Rabies (GHPR). Senadyan Surabaya ora kalebu wilayah endemis rabies, masyarakat diajab ora nglirwakaké cokotan utawa cakaran kéwan iki, lan enggal golek pitulungan medis. Edukasi terus-terusan, deteksi awal, lan respon cepet dadi kunci kanggo nyegah Kejadian Luar Biasa (KLB) ksb.

Dinas Ketahanan Pangan lan Pertanian liwat Bidang Kesehatan Hewan nandhesake pencegahan liwat pangerten carane nular: rabies nular liwat cokotan utawa cakaran saka asu, kucing, kethek utawa lawa, lan risikone bisa disuda kanthi vaksinasi kéwan ingon-ingon mau saben taun.

Ing mangsa udan, leptospirosis sumebar liwat banyu sing kena kontaminasi uyuhe tikus, mula nganggo sepatu karet mujudake langkah prasaja nanging efektif. Babagan flu burung, warga diajab ngadoh saka sato iwen sing lara utawa mati ndadak lan mesthekake daging lan endhoge dimasak nganti mateng. Kanggo nyegah antraks, ing antarane ora oleh mbeleh utawa mangan rajakaya sing lara utawa mati dadakan lan enggal lapor menyang dinas sing ana.

Data Surveilans Kesehatan Daerah nuduhaké ora ana suspek flu burung tumrap manungsa utawa kasus antraks wiwit 2021 nganti Minggu ka-27 taun 2026. Nanging tren suspek leptospirosis lan GHPR isih fluktuatif: taun 2025 ana 25 suspek leptospirosis lan 40 kasus GHPR; nganti Minggu ka-27 2026 ana 14 suspek leptospirosis lan 33 kasus GHPR—nuduhaké risiko zoonosis isih perlu diwaspadani, nanging masyarakat ora perlu panik merga rabies ora endemik ing Surabaya.

Program Manager Portkesmas, dr. Basra Ahmad Amru nambahake, wigatine penguatan koordinasi lintas sektor ing daerah minangka bagian strategi nasional. Ketua Pokja RCCE, Rizky Ika Syafitri, uga ngandhakake wigatine informasi sing akurat, apik, lan gampang dingerteni supaya masyarakat gelem ngecakake langkah pencegahan; tokoh masyarakat, tokoh agama, lan media nduwèni peran penting nyebaraké pesan kesehatan mau. (d)***

Editor : Donny Tunggul

Sumber: Rilis Pemkot Surabaya

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 42

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *