Edukasi Anti Ekstremisme ing Tahun Ajaran Baru

Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya arep nguwati edukasi marang wong tuwa lan siswa ing taun ajaran baru 2026/2027 iki liwat kerjasama karo Densus 88 Antiteror (AT) Polri. Langkah iki ditindakake kanggo ngayomi bocah saka anane paham intoleransi, radikalisme, ekstremisme, lan terorisme, utamane ing ruang digital.

Wali Kota Surabaya, Eri Cahyadi, ngandhakake bab iki sawisé nampa penghargaan saka Kapolri Jenderal Listyo Sigit Prabowo. Penghargaan ksb diserahaké déning Kasatgaswil Jawa Timur Densus 88 AT Polri, Kombes Pol Samsul Priasmoro, ing ruang kerja Wali Kota, Balai Kota Surabaya, Rebo (8/7/2026).

Eri nerangaké yèn sinergi antarane Pemkot Surabaya lan Densus 88 bakal terus dikuwati liwat program edukasi sing nyasar sekolahan, wong tuwa, lan siswa bebarengan mlebune taun ajaran anyar.

“Pemkot Surabaya karo Densus 88 bakal terus sinergi, kebeneran iki mlebu taun ajaran anyar 2026/2027,” ujare Eri.

Cak Eri wis aweh printah marang Dinas Pendidikan (Dispendik) lan DP3APPKB supaya aweh fasilitas marang kegiatan edukasi iki.

“Dak kandhakake marang Kepala Dispendik lan DP3APPKB supaya aweh materi utamane kanggo wong tuwa lan bocah-bocah,” ujare.

Materi edukasi bakal langsung diwenehake déning personel Densus 88 AT Polri. Salah siji fokusé yaiku ningkataké pemahaman wong tuwa jroning ndampingi aktivitas digital bocah, kalebu panganggone gawai.

“Mengko sing aweh materi Densus 88, piye carané ngawasi bocah, piye carané mangerteni gawainé bocah. Kuwi sing bakal diwenehake,” jelasé.

Program iki ora mung nyasar siswa, nanging uga wong tuwa supaya pola pengasuhan ing keluarga luwih kuwat.

“Dadi kita sinergi karo Densus 88 aweh materi marang wong tuwa lan mlebu menyang sekolahan-sekolahan,” tambahé.

Pemkot Surabaya ngajab wong tuwa luwih ngerti wigatine mbangun komunikasi sing apik karo bocah kanggo nyegah pengaruh negatif.

“Saengga bocah-bocah, luwih-luwih wong tuwa, ngerti piye carané ndidik bocah, piye bocah iki butuh kasih sayang wong tuwa, piye ana deep talk wong tuwa karo anake,” ujare.

Wali kota Eri nganggep penguatan peran keluarga dadi salah siji kunci kanggo nyegah bocah kena paham intoleransi, radikalisme, ekstremisme, lan terorisme.

“Kuwi sing dibutuhaké supaya perkara kaya radikalisme mau ora kedadeyan,” pungkasé. (d)***

Editor : Donny Tunggul

Sumber: Rilis Pemkot Surabaya

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 40

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *