Manuk nganti Kucing Bakau dadi Bukti Lestarine Ekosistem Kebon Raya Mangrove Surabaya

Anané puluhan jinis manuk, kupu, kucing bakau, nganti yuyu, dadi pratandha yèn ekosistem ing Kebon Raya Mangrove (KRM) Surabaya isih kajaga apik. Kawasan konservasi sing dikelola Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya kuwi ora mung dadi pusat koleksi mangrove, nanging uga dadi habitat kanggone maneka satwa liar.

Kepala Unit Pelaksana Teknis (UPT) Kebon Raya Mangrove Surabaya, Dian Prasetyaningtyas, ngandhakake yèn KRM Surabaya saikine nduwèni 74 spesies mangrove saka 245 spesies mangrove sing ana ing Indonesia. “Kurang luwih meh 30 persen, lan relatif pancèn kanggo jinis spesiesé sing paling akèh tinimbang area mangrove liyane,” ujare Dian, Jemuwah kepungkur (26/6/2026).

Dian nerangké yèn KRM Surabaya dadi siji-sijiné kebon raya kanthi tema mangrove ing Indonesia. Bèda karo kawasan mangrove liyané sing isih mawa status hutan, kawasan ing Surabaya wis nduwèni fungsi minangka kebon raya.

Miturut Dian, nggabungé UPTD Kebon Raya Mangrove karo Badan Riset lan Inovasi Daerah (BRIDA) Surabaya saya nambahi kuwate pangembangan kawasan kuwi dadi pusat riset mangrove. “Targeté yaiku piye carané supaya kita ndadèkaké Kebon Raya Mangrove Surabaya dadi laboratorium mangrove sing ana ing donya. Pangajabé, paling ora 245 spesies mangrove sing ana ing Indonesia bisa kita duwéni ing Kebon Raya Mangrove iki,” ujare.

Saliyane koleksi vegetasi, kawasan iki uga dadi habitat maneka jinis satwa. Sethitiké ana 35 jinis manuk sing mampir utawa manggon ing KRM Surabaya.

Ora mung manuk, kawasan iki uga dadi habitat maneka jinis kupu lan kucing bakau sing blegere tau ditemokaké dosen Universitas Negeri Surabaya (Unesa).

Miturut Dian, anané kucing bakau mujudake temon penting amarga satwa kuwi uripé liar lan ora bisa diingu ing kandhang. “Adhedhasar panaliten dosen Unesa kang tau nemokake kucing bakau, kita sempat arep ngembangaké amrih bebranahan, nanging pranyata ora bisa amarga uripé pancèn liar,” kandhane.

Dheweke nganggep anané kucing bakau dadi salah siji indikator yèn kualitas ekosistem mangrove ing kawasan iki isih apik. “Ora akèh panggonan sing ditemokaké ana kucing bakau. Kuwi nuduhaké yèn ekosistemé ing kene kejaga apik kanthi anané kucing bakau kuwi,” ujare.

Saliyane kuwi, KRM Surabaya uga dadi habitat yuyu kang bisa menek wit, yaiku jinis yuyu bakau nanging ora bisa dipangan amarga ngandhut racun. “Yèn baya pancèn sempat ditemokaké ing Wonorejo. Nanging ing area KRM Gunung Anyar ora, sing ana mung biawak,” kandhane.

Saikine, UPTD Kebon Raya Mangrove Surabaya ngelola kawasan loro. Yakuwi Gunung Anyar-Medokan Sawah lan Wonorejo, kanthi total wilayah jembare 34 hektar. Sanajan vegetasi mangrove sing rapet bisa nyuda dampak abrasi, Dian ngakoni yèn sampah kiriman saka aliran kali isih dadi tantangan jroning njaga lestarine kawasan iki.

Ngembangaké Pirolisis

Sauntara kuwi, Badan Riset lan Inovasi Daerah (BRIDA) kutha Surabaya dinane iki uga lagi ngembangaké solusi inovatif kanggo ngatasi numpuke sampah plastik ing kawasan pesisir mangrove liwat teknologi pirolisis. Teknologi iki dirancang kanggo ngolah sampah plastik sing ora ana ajine dadi bahan bakar sing bisa dimanfaatké déning nelayan.

Kepala BRIDA Kota Surabaya, Agus Imam Sonhaji, ngandhakake yèn persoalan sampah ing kawasan mangrove ora mung saka aliran kali, nanging uga kagawa arus segara nalika pasang. Senajan ing saluran Kebon Agung sejatine wis dipasang screen penyaring sampah, nanging sampah plastik isih ditemokaké nglumpuk ing kawasan mangrove amarga kagawa gelombang laut.

Agus njlentrehake yèn kahanan kuwi dadi tantangan dhewe amarga akèh sampah nyanthol ing sela-selane oyod mangrove saéngga angel dijupuk. Kanggo ngatasi bab iki, BRIDA bakal ngajak maneka pihak, wiwit saka perguruan tinggi, pelajar, nganti masyarakat kanggo njupuki sampah plastik sing ora ana ajine kuwi.

Sampah iki sabanjuré bakal diolah kanthi teknologi pirolisis nganti ngasilké bahan bakar. Agus ngajab asil olahan kuwi bisa dimanfaatké manèh déning nelayan ing pesisir.

Saliyane ngembangaké inovasi pangelolaan sampah mangrove, BRIDA uga mbukak ruang kolaborasi riset liwat platform mawa basis web BRIGHT (BRIDA Research, Internship Growth and Holistic Training).

Liwat platform iki, BRIDA aweh fasilitas mahasiswa, dosen, peneliti, nganti masyarakat umum sing péngin nindakaké riset, magang, utawa ngembangaké inovasi kanthi lokus ing Kota Surabaya. (d)***

Editor : Donny Tunggul

Sumber: Rilis Pemkot Surabaya

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 42

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *