Atusan Seniman lan Juru Kunci Cagar Budaya Nampa Sembulih

Gubernur Jawa Timur Khofifah Indar Parawansa masrahake apresiasi marang 100 seniman lan pelaku budaya, tunjangan kehormatan marang 20 Juru Pelihara Cagar Budaya, sarta 46 Sertifikat Warisan Budaya Takbenda (WBTB) Indonesia Taun 2025 ing acara sing dianakake ing Taman Krida Budaya Malang, Minggu (22/2) sore.

Acara iki dadi bagian saka rangkaian Festival Takjil Ramadhan sing digelar wiwit 18 Februari nganti 17 Maret 2026 lan dieloni 250 stan UMKM saka wilayah Malang Raya. Momentum iki nuduhake sinergi antarane penguwatan ekonomi rakyat lan pelestarian budaya sing terus disengkuyung Pemerintah Provinsi Jawa Timur.

Gubernur Khofifah nandhesake, romadon ora mung dadi ruang nguwatake spiritual, nanging uga momentum nggerakake ekonomi masyarakat sekaligus ngukuhi identitas budaya daerah.

Gegayutan karo apresiasi marang 100 wakil seniman utawa pelaku budaya, penghargaan iki diwenehake kanggo maneka cabang seni tradisi. Ing antarane Seni Topeng, Tari, Ludruk, Banthengan, Jaranan, lan seni tradisi liyane. Saben wakil seniman nampa apresiasi Rp1.000.000.

Gubernur Jatim sacara simbolis masrahake sembulih marang salah sijine wakil seniman.

Saliyane iku, Tunjangan Kehormatan uga dipasrahake marang 20 Juru Pelihara Cagar Budaya sing nganti saiki setya njaga mesjid kuna, candhi, lan maneka situs tinggalan sejarah ing Jawa Timur. Saben juru kunci oleh tali asih Rp1.500.000 minangka wujud dukungan amarga jejere kang strategis jroning njaga warisan sejarah lan identitas daerah.

Ing kalodhangan iki uga dipasrahake 46 Sertifikat WBTB Indonesia Taun 2025 saka Pemerintah Pusat marang Pemerintah Provinsi Jawa Timur sing sabanjure dipasrahake marang para Bupati lan Wali Kota sing nampa.

Ka 46 WBTB iki dumadi maneka ekspresi budaya, seni pertunjukan, tradisi, lan kuliner khas saka kabupaten/kota ing Jawa Timur, ing antarane Bathik Genthongan Tanjung Bumi (Kabupaten Bangkalan), Angklung Banyuwangi (Kabupaten Banyuwangi), Oklik (Kabupaten Bojonegoro).

Ana uga Kupat Keteg (Kabupaten Gresik), Sego Boran (Kabupaten Lamongan), Labuhan Sarangan (Kabupaten Magetan), Banthengan Lereng Semeru (Kabupaten Malang), Wayang Krucil Sriguwak (Kabupaten Ngawi), Kaweng Tengger (Kabupaten Pasuruan), Tari Gambuh Sumenep (Kabupaten Sumenep).

Terus uga ana Bathik Tenun Gedhog Tuban (Kabupaten Tuban), Jaranan Sentherewe (Kabupaten Tulungagung), Seni Sandhuk (Kota Batu), Tahu Takwa (Kota Kediri), Ketan Kratok (Kota Probolinggo), nganti Lonthong Balap (Kota Surabaya).

Khofifah nandhesake yen penetapan WBTB ora mung saderma pengakuan administratif, nanging amanah kanggo mesthekake praktek budaya kasebut tetep lestari, berkembang, lan diwarisake marang generasi sabanjure.

“Warisan budaya kudu terus tumangkar lan menehi manfaat sosial uga ekonomi marang masyarakat. Kanthi mangkono, budaya dadi identitas sekaligus kekuwatan pembangunan Jawa Timur,” tandhese.

Seni Banthengan Lereng emeru saka Kabupaten Malang

Sauntara iku Kepala Dinas Kebudayaan lan Pariwisata Provinsi Jawa Timur Evy Afianasari nglaporake yen jroning taun iki Pemprov Jatim menehi apresiasi marang total wong 640, dumadi saka 500 pelaku budaya/seniman lan 100 Juru Pelihara Cagar Budaya. Ing kalodhangan iku sacara simbolis dipasrahake marang 100 pelaku budaya lan 20 juru pelihara.

Miturut Evy, gedhene apresiasi taun iki uga mundhak dibanding taun sadurunge minangka wujud penghargaan atas dedikasine njaga khasanah budaya Jawa Timur.

“Matur nuwun Ibu Gubernur Khofifah, atas nama para pelaku budaya kita nelakake panuwun amarga paring kawigaten lan komitmen sing terus diwenehake kanggo njaga lan majokake kabudayan Jawa Timur,” pmungkase. (d)***

Editor : Donny Tunggul

Sumber: Humas Jatim

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 10

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *