Baron Sekeber kang Nrambul ing Sejarah Mataram

Tumrap sutresna seni sandiwara kethoprak, jeneng Baron Sekeber temtu ora asing maneh ing kuping. Ing taun-taun kawuri lakon klasik Baron Sekeber asring diangkat menyang panggung kethoprak. Kisah bule Eropah kang “nrambul” jroning sejarah tanah Jawa abad pertengahan kasebut uga tinemu ana rekaman kaset-kaset pita taun awal 80’an.  

Crita Baron Sekeber sumber utamane kajupuk saka serat Babad Pati kang disusun Ki Sosrosumarto taun 1925. Ora nggumunake yen ing tlatah Pati, Jawa Tengah, jeneng Baron Sekeber banget melegenda, kepara nganti tekan seprene.  Nanging crita Baron Sekeber wis kacampur-campur antarane dongeng, mitos, lan gugon tuhon.

Suprandene ora sethithik sing ngyakini menawa Baron Sekeber satuhune bleger nyata. Dheweke keplantrang saka Eropa menyang tanah Jawa ing jaman Panembahan Senapati jumeneng nata Mataram 1586-1601, sarta nalika Wasis Jayakusuma (Pragola), dadi Adipati Pati.

Miturut Babad Pati, Baron Sekeber klebu bangsawan Walanda. Gelar “baron” dhewe wis nuduhake menawa dheweke keturunane penggedhe. Sedulure mbarep Sekeber, Baron Sukmul, mujudake Raja Walanda. Kakange nomer loro, Baron Sekender, dadi Raja ing Spanyol kang wewengkone mbawahi Inggris. Wondene kakange sing nomer telu, Baron Setember, dadi wakile raja (patihe Sukmul). Baron Sekeber nulak palungguhan sing ditawakake Baron Sukmul. Dheweke luwih milih nglembara menyang tanah Jawa saperlu ngrebut Mataram. Disebutake ing Babad Pati, Sekeber budhal menyang tanah Jawa kanthi mabur. Ora terus njujug Mataram, nanging Baron Sekeber luwih dhisik ndharat ing Palembang. Ing kono dheweke nyinau basa Jawa.

Versi liya ngandharake menawa Baron Sekeber satemene pelaut Spanyol sing njlajah donya ngupadi dununge rempah-rempah ing bumi Nuswantara. Dheweke kena musibah kapale pecah ditrajang ombak ing Laut Jawa. Sabacute Sekeber nglangi engga nggayuh gisik ing wilayah Pati. Sandhangane kari rowak-rawek. Dheweke komunikasi karo warga pesisir nggunakake basa isyarat. Sekeber banjur singidan menyang alas jalaran tansah disujanani dening penduduk.

Gancaring crita, Baron Sekeber sida kelakon jandhon tandhing yuda ijen padha ijen mungsuh Panembahan Sepati. Nanging Sekeber kasoran. Dheweke nuli oncat menyang Gunung Muria lan mertapa ana sanjerone sumur sacedhake cangkem guwa Gumuk Patiayam. Saka sapucaking gunung kuwi Sekeber bisa nyawang kaendahane desa ngadesa wilayah Pati.

Baron Sekeber banjur mudhun menyang sawijining desa. Dheweke kepranan karo sawehene kenya ayu aran Rara Suli, anake randha. Katresnane Sekeber ditimbangi Suli. Lelorone banjur cumondhok ing omahe randha kasebut. Saka sesambungane karo Rara Suli mau Sekeber duwe anak kembar kang dijenengake Sirwenda lan Danurwenda.

Panembahan Senapati

Warga desa sing ora seneng marang pakartine Baron Sekeber, banjur caos atur marang Adipati Pati, Wasis Jayakusuma, kang kaprenah adhi ipene Panembahan Senapati. Wasis mrentahake mboyong Rara Suli lan anak kembare menyang kadipaten. Ngancik umur telung taun, Sirwenda lan Danurwenda wis nduweni pangeram-eram. Upamane bisa manah sato kewan nggunakake suket. Uga bisa mlebu gethong cilik duweke sawehene ulama.

Nguningani kasektene Sirwenda lan Danurwenda, ulama kuwi ngujuk-ujuki Wasis Jayakusuma amrih bocah loro mau becike diprajaya wae. Alesane, ing wanci diwasane mengko Sirwenda lan Danurwenda bisa dadi ancaman tumrap adipati. Tegese, bisa wae siji ing antarane bocah-bocah kuwi duwe karep ngrebut palungguhan adipati. Wasis Jayakusuma ndhahar ature ulama kasebut.

Baron Sekeber nesu banget bareng ngerti menawa Sirwenda lan Danurwenda dipateni. Dheweke banjur nantang Wasis Jayakusuma adu kasekten. Sekeber kalah. Dheweke uga kasoran nalika adu nyilem ing segara. Jumbuh karo pasarujukan sadurunge prang tandhing menawa sapa sing kalah kudu dadi batur (budhak), Baron Sekeber wekasan pasrah dadi reh-rehane Wasis. Dheweke nuli salin wujud dadi jaran tunggangan, kang dening Wasis diwenehi jeneng Juru Taman.

Kabar menawa Wasis Jayakusuma duwe jaran klangenan kang kebat playune, wekasan keprungu dening Panembahan Senapati. Senapati ngersakake mundhut Jaran Juru Taman kuwi. Wasis Jayakusuma diijoli sapi lanang sing gedhe lan sekti kanthi aran Pregolan. Wasis ora wani ndaga kersane kadang sepuh, mula Kuda Juru Taman diaturake Panembahan Senapatu. Saploke kuwi Wasis antuk julukan Adipati Pregolan utawa Pragola.

Baron Sekeber dhewe satemene kurang sreg melu Panembahan Senapati. Dheweke sing maune duwe karep ngrebut Mataram, saiki malih dadi abdi kekesede Panembahan Senapati. Nanging laraning ati kuwi disimpen wae. Engga sawijining wektu, nalika Senapati lunga sowan gurune kang aran Ki Kandhuruhan ing luwar pulo, Sekeber nindakake kaculikane. Dheweke memba warna Panembahan Senapati, banjur ngadani ulah saresmi karo para garwa selir.

Ki Kandhuruhan mrayogakake Panembahan Senapati amrih enggal bali menyang Mataram. Senapati gumun, geneya kok terus ditundhung alus, mangka anggone teka durung suwe. Ki Kandhuruhan mung paring sasmita menawa ing Mataram lagi ana prekara. Satekane Mataram, sawise oleh pawadulane garwa-garwa selir, Panembahan Senapati murina. Baron Sekeber dipidana pati.

Analisis Baron Sekeber

Sejarawan Pati, Joko Wahyono, ngandharake crita Baron Sekeber kang katulis Sosrosumarto mau kebak dening pasemon. Bab Sekeber salin wujud dadi jaran upamane, mungguhe Joko ora bisa dipahami sacara wantah. “Ngendi ana manungsa bisa dadi jaran,” kandhane Joko ing acara talk show Argakencana & Harbos FM Pati, kaya kang dikutip saka YouTube.

Saka analisane Joko, “jaran” ing kene mung arupa pralambang. Dheweke nduga Baron Sekeber diparibasakake jaran awit dipaedahake kabisane yasa senjata-senjata prang, kaya dene mriyem lan kere waja. Wondene tembung “juru taman” dikira-kira dening Joko ngrujuk marang kawasisane Baron Sekeber mbangun (ngrenovasi) kraton. “Yen saiki istilah juru taman kuwi mbokmenawa padha karo arsitek. Biyen rak ora ana istilah arsitek, dadi antarane wong sing ngopeni taman lan ahli bangunan, arane padha, yaiku juru taman,” tuture Joko.

Wondene kedadeyan nalika Baron Sekeber dicritakake memba warna Panembahan Senapati lan ulah salulut karo para selir, dianalisis dening Joko Wahyono menawa sejatine kuwi ing periodhene Mas Jolang (Panembahan Anyakrawati), utawa sawise Panembahan Senapati murud 1601. Atas trekahe Sekeber mau Mas Jolang banjur utusan Adipati Mandaraka kanggo mutusi prekara. Ki Mandaraka kasil mikut Baron Sekeber, nuli dipatrapi pidana pati kanthi dijemparing mripate. “Nanging periodhe sejarah sing ditulis terkadhang rancu, antarane Panembahan Senapati, Sultan Anyakrawati lan Sultan Agung Anyakrakusuma iku ora ana bedane,” ujare Joko.

Miturut ahli sastra Jawa saka Belanda, Theodoor Gautier Thomas Pigeaud, kisah Baron Sekeber satemene dimodhifikasi awal saka hikayat Iskandar Zulkarnaen sadhuran basa Arab kang dikarang dening al-Suri. Sawatara bageyan saka hikayat mau dikutip dening pengarang Sejarah Melayu (1612) lan Serat Sekender (abad 19), banjur dikutip maneh dening pengarange serat Babad Pati.

Gegambaran kapale VOC ngupadi jalur rempah ing bumi Nuswantara.

Kacarita ing taun 1622, utusane VOC, De Haen, kober nlesih prekara jeneng Juru Taman mau marang Sultan Agung Anyakrakusuma. Kanjeng Sultan paring wangsulan menawa Juru Taman iku sawenehe priya kulit putih saka Italia kang tau nyambut gawe marang ramane, Sultan Anyakrawati, ing bageyan ngurusi keputren. Nanging merga konangan ngganggu selire ingkang sinuwun, Juru Taman banjur dipindhah menyang Krapyak, alas tutupan mligi kanggo mbebedhag kidang. Miturut Sultan Agung, Juru Taman iku uga karan Mas Jenggot awit dedege gedhe dhuwur wok simbar dhadha. Brewoke ketel.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 365

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *