Wawancara Peter Carey (3): Aja Sembrana karo Pusakane Diponegoro

Tumbak Kanjeng Kyai Rondhan ingkang dirampas rikala wonten sergapan pasukan gerak cepat Welandi ing Pegunungan Gowong, Kedu, dipundadosaken perang psikologis dening pamarentah kolonial supados masyarakat mboten pitados malih kalihan Diponegioro. Diponegoro ingkang sampun kaanggep Ratu Adil dening bebrayan, nyatanipun saged karampas sipat kandelipun?

Sadurunge Walanda mikir semono adohe, ngrampas gegamane mungsuh banjur dipisungsungake marang raja, kuwi wis dadi tradhisi ing Eropa-Amerika. Nalika Inggris ditelukake dening pasukan Amerika kang dipimpin George Washington ing Yorktown, Virginia, 19 Oktober 1781, pedhang duweke komandhan pasukan Inggris, Lord Charles Cornwallis, diwenehake Washington minangka tandha panungkul. Kekalahan kuwi mujudake malapetaka paling gedhe tumrap Inggris saliyane ing Singapura, 15 Pebruari 1942. Dadi ngumpulake barang-barang pusaka saka pihak sing kalah prang, iku lumrah tumrap militer Eropa. Nalika pasukan Inggris sing dipimpin Thomas Stamford Raffles ngasorake Hamengkubuwono II, dheweke uga ngrampas keris Kanjeng Kyai Naga Siluman minangka simbul penaklukan total Kasultanan Yogyakarta, 20 Juni 1812. Mbokmenawa ana dhesas-dhesus sapa komandhan sing bisa nglumpukake pusakane mungsuh sakeh-akehe, dianggep duwe lelabuhan gedhe.

Pusaka-pusakanipun Diponegoro menapa ugi dipepundhi dening Welandi?

Sing dakngerteni saka kulawargane JC Baud, ana sing owah pikire. Babar pisan wis lali. Merga teken Kanjeng Kyai Cakra sing disakralake Diponegoro kuwi mung dianggep barang biasa-biasa wae ing kana. Malah mung dianggo mbukak tutup lawang house ing kutha Amsterdam. Nalika Kyai Cakra lan Kyai Rondhan dibalekake menyang Indonesia, njalari pusaka siji lan sijine akhire bisa “wawan rembug.” Aku ngerti pusaka kuwi isih padha “urip.” Sebab wektu aku nganakake pameran cilik-cilikan sasi Mei 2016, tumbak Kanjeng Kyai Rondhan arep daklebokake menyang njero glass box. Nah, wektu nglebokake Kyai Rondhan kuwi, tutupe box ceblok nibani sirahe petugas Museum Nasional nganti gelase sumyur. Untunge petugas iku ora tatu nemen. Saka kono aku bisa ngrasakake yen geteran ing pusaka-pusaka kuwi isih kuwat. Dadi aja sembrana karo pusaka-pusakane Diponegoro.

Lukisane Raden Saleh Syarif Bustaman ngenani Diponegoro dirangket ing Magelang 1830.
(repro)
Nate wonten gagasan mindhahaken pesareyanipun Diponegoro dhateng Yogyakarta. Nanging Sri Sultan Hamengkubuwono X mboten sarujuk, tetepa pesareyanipun Diponegoro wonten Makassar kemawon…

Sepisan, kita sabenere kudu muji syukur marang kegoblogane Walanda. Sebab, tokoh-tokoh pembrontak kaya dene Imam Bonjol kang maune diasingake menyang Cianjur lan sabanjure dipindhah menyang Minahasa;  Tjut Nyak Dhien kang diasingake menyang Sumedang;  Senthot menyang Bengkulu; sarta Diponegoro dhewe menyang Manado nuli dipindhah ing Makassar, sacara ora langsung Walanda wis nandur bibit-bibit memungsuhan sansaya jembar. Tokoh-tokoh hebat kasebut kaconggah dadi jaringan panglawan sing nggamblokake kekuwatan sa-Nuswantara. Sejatine kita antuk berkah saka bodhone Walanda kuwi. Dadi aja sembarangan mindhahake makam pahlawan. Ing Inggris, William Wallace (1270-1305) lan tokoh-tokoh hebat kang dipidana pati, sing layone dikubur adoh saka tanah kelairane, dhestun dadi idhe nuntut kamardikan warga Irlandia lan Skotlandia.

Salajengipun?

Kapindho, aja nglirwakake wasiate Diponegoro. Nalika dipindhah menyang Makassar, uripe Diponegoro pas-pasan, kepara sangisoring garis kemiskinan. Nanging jrone pakunjaran Beteng Rotterdam, dheweke duwe kulawarga anyar, lanang nenem lan wadon siji. Ing kono Diponegoro mulang muruk ngelmu tasawuf. Lan seda ing Makassar mujudake kekarepane Diponegoro dhewe. Sebab 1849, sawise Raden Sarkumo tinggal donya, Diponegoro kober diundang Gubernur Militer dan Sipil Celebes, de Peres. De Peres kandha, “Tuan, kita wong Landa rada lega jalaran sacara de jure Belgia wis diakoni dadi negara berdaulat 4 Oktober 1830. Kita ora perlu maneh ngrebut Nederland kidul. Lan samengko Makassar wis dadi dermaga bebas. Apa Tuan ora kepengin dipindhah menyang panggonan kang luwih asri ing Nuswantara? Utawa Tuan kepengin join karo anak emas panjenengan ing Bengkulu, Senthot?” Diponegoro mangsuli ora gelem. “Makassar lan Sulawesi Kidul wis dadi kampung halaman. Aku kepengin dikubur ana kene wae. Wis ana panggonan sing dakincer, yaiku Kampung Melayu.”

Sultan Yogyakarta sampun leres mboten sarujuk kalihan gagasan menika?

Dakkira Sultan X wis bener. Ora mungking Diponegoro sing sufi, guru tasawuf sing ngugemi mistis lan spiritual jero, gelem pesareyane dadi jujugane pejiyarah. Iku prilaku syirik mungguhing wewarah Islam. Kita ora dikongkon ngagung-agungake manungsa. Tarekat, hakekat, makrifat. Kita tumuju menyang paleburan dhiri pribadi karo alam sawegung. Aku bisa mahami Kodam Diponegoro kepengin mindhah sisa-sasane Diponegoro saka Makassar, nanging kuwi ora laras karo kersane almarhum kang wis direkam sarta dicathet dening de Peres. Yen jrone wawancara karo de Peres mau Diponegoro pratela gelem dipindhah, mbokmenawa critane bisa liya. Nanging cetha-cetha dheweke kandha “ora.”

Menika pitakenan pribadi. Menapa wonten kedadosan mirunggan ingkang nyebabake panjenengan rumaos pikantuk “panggilan tadir” misungsungaken gesang kangge nliti Pangeran Diponegoro?
Peter Carey minangka DPhil Oxford karo President Magdalen College, Anthony Smith (1938-2021) kang njabat 1988-2005.
(Foto: dok. Pribadi).

Ana pepatah saka John Lennon: Urip lagi lagi lumaku nalika kowe nduweni gegayuhan total ing babagan liyane. Dheweke dudu pawongan sing linairake minangka Diponegoro, sing wis diramalake “wonten lakon ingkang luwih gedhe nanging wekasan wallahu ‘alam.” Ana sawatara pituduh sing teka kanthi kebeneran marang aku. Pituduh sepisan nalika aku lulus minangka mahasiswa Trinity College, Universitas Oxford (1966-1969) umur 21 taun kanthi penampilan eksentrik, ora ranking siji utawa ranking loro. Nalika aku arep ngrampungake ujian akhir Sejarah Modern, aku dipapanake ana Sarjana Kelas Siji lan Sarjana Kelas Loro sing ngudokake ujian lisan. Wektu aku lagi nyiapake ujian lisan, Ketua Badan Penguji, Jack Gallagher, marani, “Bung, aku ora arep mbukak wadine majelis sadurunge awake dhewe ketemu sesuk. Nanging yen sesuk Bung bisa ngyakinake penguji, bener-bener nguwasani lapangan, kowe sing maune ranking loro bisa dadi ranking siji. Kanthi ranking siji Bung bisa langsung oleh beasiswa pamarentah mbacutake studi menyang Universitas Cornell, Amerika. Saupamane Bung sida entuk beasiswa pascasarjana kuwi, apa sing arep kok pilih minangka judhul disertasi?” Tumrapku kuwi prekara gampang. Merga aku wis mahir basa Prancis. Lan setaun pungkasan kuwi aku wira-wiri nguji coba dhampak Revolusi Prancis (1789-1799) kanthi nliti sawijine areal ing Prancis. Penguji iku kandha maneh, “Aku ngerti. Nanging geneya Bung ora njupuk Pulo Jawa wae minangka laboratorium? Sebab dhampak Revolusi Prancis uga nyata ing Pulo Jawa sasuwene pamarentahan Prancis-Belanda (1808-1811). Ing kana Gubernur Jendral Marsekal Herman Willem Daendels nyelehake dhasar-dhasar pamarentahan modern.” 

Wekasan mutusaken badhe nliti dhampak Revolusi Prancis ing Pulo Jawi?

Ucape Gallagher iku ngagetake, sebab ora tau mletik ing pikiranku bakal nulis sejarah non-Eropa. Nanging sawise aku menyang Universitas Cornell ing kutha Ithaca, New York, lan matur marang para profesor menawa Daendels lan cak-cakane Revolusi Prancis ing tanah Jawa bakal dadi topik panalitenku, aku malah diwenehi tantangan. “Bagus! Nanging dudu kuwi sing kita tindakake ing Cornell. Sinaonana basa lokal (Indonesia lan Jawa) sarta basa Landa dhisik. Yen isih ngenani Daendels, kowe kudu nulis saka perspektif lokal akar rumput, ora mung saka ndhuwur kapal utawa ing njero kantor akuntansi VOC.”  Lan nalika aku lagi tekun nyinau basa Landa, maca buku lembar mbaka lembar, ora njarag aku weruh gambar sketsa saka mantune Hendrik Mercus de Kock arupa Diponegoro karo sawatara pendhereke lagi ana pulo sacedhake Meteseh, Kali Progo (Peter Carey nuduhake gambar iku). Sawise nyumurupi gambar iki, thukul kaya dene kontak batin, aku kepengin nliti Diponegoro. Rong sasi candhake, aku sida menyang pelabuhan, banjur budhal menyang Indonesia numpak kapal Djakarta Lloyd Sam Ratulangie.  Dadi kuwi sawijine bab sing kebeneran wae, ora merga aku golek-golek. Aku cumondhok ing kapal 28 Mei nganti 14 Juli 1970. Satemene tujuwanku mudhun Tanjung Priok (Jakarta), nanging kapale mampir Teluk Betung (saiki Bandar Lampung) sarta Palembang luwih dhisik saperlu ngangkut karet. Ndilalah ing Palembang mau aku lara. Usus buntu pecah. Sawise laraku waras, aku banjur menyang Jakarta, mudhun ana (Bandara) Kemayoran.

Salajengipun wiwit ngawontenaken panliten?

Bener. Suwe-suwe panlitenku wimbuh lacar, kaya diarahake kae. Nalika sepisanan mara menyang Beteng Rotterdam Makassar, aku diajak manggon ana kono rong minggu. Aku kober nekani Maros 1972. Bengine bojoku ngimpi ditekani Diponegoro karo nggawa naskah loro. Diponegoro nuduhake cathetan minangka guru tasawuf. Sesuke aku wong loro menyang Jalan Irian Nomer 83 Makassar, sowan marang keturunane Diponegoro. Apa sing dituduhake sepisanan dening keturunane Diponegoro mau marang aku? Ora liya naskah loro kuwi. Samengko naskah kasebut disimpen Pemkot Makassar. Dadi iki kaya dene unen-unen, “Eyang ora sare.” Mbokmenawa kuwi sawijine makna supaya aku nyinau panguripane Diponegoro ana sanjerone “pigura” digandhengake karo apa sing lagi kelakon akhir-akhir iki. Upamane kasus korupsi sing masif lan sistematis. Kepriye sawijine leader tumindak kanthi bener mulihake martabat bangsa. “Mangun manunggaling agami Islam wonten tanah Jawa sedaya.” Mesthi ana maknane. Ora ana sing kebeneran jrone urip iki.

Nalika peluncuran buku Kuasa Ramalan (KPG 2012) ft Perpus Nas 12 April 2012 karo keturunane Diponegoro, artis Wanda Hamidah
(Foto: dok. Pribadi)
Menapa ingkang panjenengan kepengin tedahaken saking buku ‘Kuasa Ramalan’? Menapa blegeripun Diponegoro ingkang manusiawi?

Satemene ora beda Presiden Soeharto gawe buku sing hebat banget. Kepriye Soeharto lair ana Kemusuk, banjur dadi perwira militer, lan sateruse. Saengga kita bisa nonton saka cecedhakan kanthi detail kaya ngapa bleger lan perjuwangane Diponegoro. Dudu saderma reca Diponegoro nunggang jaran, nanging pawongan sing bener-bener ambegan. Pawongan sing seneng karo musik jazz, karem nginum anggur saka Afrika Selatan.  Minangka manungsa lumrah Diponegoro temtu ora sampurna. Nanging kepriye amrih dheweke katon rileks, lan buku iki nduweni relasi karo gen Z. Minangka sejarawan aku gawe buku telung ewu kaca sing sumbere saka notulen arsip. Kabeh notulen dakgawa mulih mentas iki saka Irlandia lan bakal dak-upload menyang internet. Brekat AI, kabeh notulen bisa diejawantahake dadi teks. Aku saiki wis 77 taun, mbokmenawa kari setaun, rong taun, apa limang taun maneh. Kuwi ora penting. Nanging samburiku ana sejarawan lokal apadene internasional sing kanthi gampang maca anggonku napak tilas. 

Sasampunipun prang, anggota Laskar Diponegoro sami pindhah dhateng Jawi Wetan, dados masyarakat enggal. Turun-tumurun ngantos sepriki…
Peter Carey minangka siswa Winchester College UK, Juli 1964.
(Foto: dok. Pribadi)

Satus taun sawise prang Diponegoro, organisasi Nahdlatul Ulama madeg ing Surabaya, 30 Januari 1926. Apa wadhahe NU? Wadhahe NU ya Jawa Timur, lan kabeh laskar Diponegoro kang bedhol desa pasca-prang, padha pindhah menyang Jawa Timur saperlu mbentuk masyarakat anyar. Eyang buyute Bung Karni (Sukarni Kartodiwirjo, pemimpin pemudha kang nyulik Bung Karno lan Bung Hatta menyang Rengasdengklok, 16 Agustus 1945) keturunane pelayan (koki)-ne Diponegoro. Iki bisa dadi panliten anyar kanggo mbukak wawasane bangsa. Ora mung maca bukune wong bule wae. Mbokmenawa ana pemikir lokal, utawa cendekiawan NU, sing nliti kepriye panguripane sosial masyarakat Jawa Timur sarampunge prang lan laskar Diponegoro bedhol desa menyang Pacitan, Trenggalek, Tulungagung, Blitar kidul, lan Malang kidul. Ing kana laskar-laskar iku mbentuk masyarakat anyar. Lan masyarakat anyar iku dadi wadhahe NU, wadhah pembangkangan marang Inggris jrone Prang Surabaya 1945. Kyai-kyai ngerigake santrine dhampyak-dhampyak menyang Surabaya ngadhepi tentara Divisi ke-5 India-Inggris. Kanthi nliti sejarah, kita dadi duwe gagasan lan wawasan anyar. Merga sejarah ora mandheg. Sejarah lumaku terus. (Cuthel)

Panulis: KSW

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 360

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *