Panaliti BRIN duwe dudutan, crita tutur nalika Sutawijaya mesu raga ing gisik samodra kidul engga nuwuhake hawa panas lan ombak gedhe, satemene kuwi samudana saka kedadeyan nyata bencana tsunami taun 1500-an akhir.

Durung suwe iki Badan Meteorologi, Klimatologi dan Geofisika (BMKG) elik-elik ngenani tinemune zona megathruts ing segara kidul. Megathrust mau nuwuhake potensi timbule bencana ombak gedhe ngrabasa dharatan (tsunami dahsyat). Istilah megathrust, kang kajupuk saka tembung mega (gedhe) lan thrust (sodhogan) mengku teges jalur subdusi lempeng bumi kang dawa nanging dhangkal utawa cethek. Tubrukan lempeng bumi mau bisa nuwuhake lindhu gedhe sarta ombak tsunami nggegirisi.
Kapan bencana kuwi teka, para ilmuwan durung bisa nemtokake. Sing bisa ditindakake ing dina samengko ora kendhat nikelake kawaspadan, mligine tumrap masyarakat padunung sadawaning garis pesisir Jawa sisih kidul, wiwit Banten nganti Banyuwangi, kepara tekan Bali lan nganti Nusa Tenggara. Ora liwat tansah ngakeh-akehake donga amrih kita kabeh uwal saka bebaya.
Dhosen lan panaliti lindhu Departemen Teknik Geofisika Institut Teknologi Sepuluh Nopember (ITS) Amien Widodo nuturake, elik-elike BMKG mau njalari masyarakat goreh. Suprandene Amien ngajab masyarakat ora keweden banget-banget sauger wis nyamaptakake dhiri kanggo ngadhepi dumadine tsunami sawayah-wayah. Jer bencana tsunami yektine ora pisan pindho nemahi pesisir kidul. Bencana kasebut diyakini wis ana kawit atusan, malah kepara ewon taun kepungkur. Mung wae cathethan ngenani tsunami mangsa kawuri banget minim.
Kanggo ngrembug ancaman tsunami “selatan Jawa” saka tinjowan sejarah, Departemen Teknik Geofisika ITS nganakake seminar daring kanthi tema “Megathrust-Tsunami Purba Nyi Loro Kidul” Ahad, 25 Agustus 2024. Pemateri jroning webinar kasebut yakuwi panaliti tsunami purba Badan Riset dan Inovasi Nasional (BRIN) Eko Yulianto, lan anggota Ikatan Ahli Tsunami Indonesia Gegar Prasetyo.

Jroning andharane, Eko Yulianto sarujuk karo Amien Widodo menawa cathethan sejarah ngenani timbule tsunami segara kidul jaman kawuri cumpen banget. Pendhokumentasian paling awal lagi ditemokake 400 taun kepungkur utawa sawise tekane wong-wong Eropa menyang tanah Jawa. “Sangisore 400 taun kepungkur ora ana lapuran apa-apa, mangka aku yakin tau timbul tsunami gedhe ing pesisir kidul Yogyakarta taun 1500-an akhir,” ujare Eko.
Eko nuturake wis ngleksanani panaliten tsunami wiwit peisir Banten nganti Bali. Dheweke ngorek paseksene wong-wong sing meruhi lan ngalami kena tsunami. Panaliten katindakake ing wiwit saka Lebak, Pengandaran, Kulonprogo, Banyuwangi nganti Bali. Banyuwangi tau dilabrag tsunami udakara taun 1994, wondene Pangandaran taun 2016. Eko uga njembarake panalitene menyang Pulo Andaman, Sumatra, lan Aceh, kang keblebeg tsunami dahsyat taun 2004 kepungkur.
Manut Eko katrangane para seksi mata ing saben dhaerah ngenani tandha-tandha umum bakal tekane tsunami racake sragam, yaiku katon garis ireng ing cakrawala, sato-sato dharat padha goreh, iwak-iwak samodra nglangi minggir, ana lindhu gedhe, keprungu swara gumuruh, lan asate banyu segara ngati 400 meter saka gisik.
Kejaba ngrekam katrangane para penyintas (kurban) tsunami, Eko uga naliti sap-sapan (lapisan) wedhi pesisir tilase tsunami. Saka sakehing dhaerah pesisir kidul sing tau ketrajang tsunami mau, Eko nemokake lapisan lemah sing kurang luwih padha, yaiku ireng lan klawu wernane. Umure lapisan lemah iku sabacute ditliti ing laboratorium (dating). Nalika nliti umure lapisan lemah ing Kulonprogo, Eko ngatonake menawa wewengkon pesisir kidul iku biyene tau ana tsunami gedhe. Miturut asil uji sampel lapisan lemah mau, tsunami kasebut dumadi awal taun 1600-an utawa sadurunge kuwi.
Kanthi imajinasine, Eko banjur nggathuk-nggathukake tsunami mau karo lelakon wigati ing taun 1584. Adhedhasar manuskrip sejarah, ing taun kasebut Danang Sutawijaya lagi mbabad alas Mentaok, alas triman peparinge Sultan Hadiwijaya sawise dheweke keconggah mrajaya klilip Kraton Pajang, Arya Penangsang saka Kadipaten Jipang.
Miturut crita tutur kang lestari nganti seprene, disebutake lamun pambabade alas Mentaok sing gawat keliwat-liwat iku pranyata ora rancag. Pendhereke Sutawijaya mati siji mbaka siji awit dikereg dening jim setan peri prayangan. Para sesepuh, Pemanahan lan Juru Mertani, banjur akon Sutawijaya semedi ana tepining samodra kidul, ikhtiar njaluk pambiyantune Ratu Kidul. Sebab Pemanahan lan Juru Mertani ngerti menawa bangsa lelembut kang nyusuh ana alas Mentaok kuwi saperangan saka andhahane Ratu Kidul.
Sutawijaya nyendikani dhawuh. Dheweke banjur budhal tumuju segara kidul. Budhale ora laku dharat, nanging sarana ngentir ana Kali Opak. Dheweke ketemu iwak olor Tunggulwulung sing nyawisake gigire kanggo ditumpaki Sutawijaya. Gancaring crita, Sutawijaya banjur manengku puja ana gisiking segara kidul.
Saking wantere anggone semedi mangaribawani timbule hawa panas ing sakiwa tengene. Gara-gara kagiri-giri. Langit peteng lelimengan, thathit pating keclap, gelap ngampar-ampar. Sinusul horege bumi sing gonjang-ganjing. Banyuning samodra umob mawalikan. Ombak gedhe lir kinocak, gumulung tumuju dharatan sinartan swara gumuruh nggegirisi. Iwak-iwak pencolotan menyang dharatan ora kuwat karo panase banyu, sato alasan sarta raja kaya ingon-ingone warga padha mlayu bilulungan.
Jroning Serat Srinata, karya sastra kang arupa tembang Pangkur, disebutake menawa panguwasa samodra kidul, Ratu Kidul, kendel sawatara mulat prahara mau. Panjenengane nyumurupi samodra owah dadi gisik. Kasusul gumuruh swarane ombak gedhe nrajang pesisir. “Ana tetembungan ing pupuh Pangkur ing Serat Srinata kuwi menawa Ratu Kidul ngunandika: selawasnya durung mulat samodra dadi gisik,” kandhane Eko.
Ratu Kidul banjur lumawat menyang gisiking samodra saperlu nggoleki sumbering gara-gara. Ing kono Ratu Kidul mulat priya bagus kang manther tejane lagi sekung malady hening. Ratu Kidul banjur njugarake semedine Sutawijaya. Ratu Kidul kepranan marang Sutawijaya. Sutawijaya gelem nimbangi tresnane Ratu Kidul kanthi syarat dibiyantu anggone babad alas. Ratu Kidul saguh. Kepara malah dibiyantu nganti Sutawijaya jumeneng ratu tanah Jawa.

Eko nduga surasaning tembang Pangkur ing Serat Srinata mau kedadeyan nyata tsunami gedhe ing jaman kuwi. Panulise sengaja nyamudana bencana mau kanthi nyiptakake paraga imajiner Ratu Kidul. Saka analisane Eko, satemene sing ngunandika selawasnya durung mulat samodra dadi gisik kuwi dudu Ratu Kidul, nanging Sutawijaya dhewe. Dheweke gawok nyumurupi banyu segara asat sadurunge tsunami teka ngantem dharatan. “Nalika Sutawijaya ngunandika mengkono, ana abdi sing krungu, kang sabanjure ngripta bencana tsunami kuwi menyang tembang Pangkur,” ujare Eko.
Eko saya yakin menawa kedadeyan kuwi bener-bener nyata awit katrangan kang tinulis jroning Serat Srinata ngenani tandha-tandha bakal timbule tsunami padha pleg karo katrangane warga pesisir Andaman, Aceh, Lebak, Pangandaran, Banyuwangi lan Bali sing tau diwawancarai.
Eko mratelakake crita tutur ngenani sapatemone Ratu Kidul karo Sutawijaya kuwi ora mung saderma mitos, nanging geomitos. Bedane, yen mitos angel ditlusuri bener lan orane merga critane digedhek-gedhekake, nanging yen geomitos isih bisa dilacak kasunyatane senadyan wis disamudana nganggo tembang utawa kidung. Wondene tujuwane penulis Serat Srinata nyamudana nganggo paraga fiktif Ratu Kidul, miturut Eko, Sutawijaya minangka calon raja butuh legitimasi supernatural kang asipat gaib. Keyakinane Eko saya tambah kandel awit crita ing Serat Srinata kuwi uga tinemu ana Babad Tanah Jawi.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo


