
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Tumrap kita kabeh iki, sapa wae wonge, mesthine padha tau ngrasakake susah, sedhih, sumelang, prihatin Isp, akibat saka anane masalah-masalah kang sering diadhepi. Apa kuwi masalah ekonomi, masalah anak bojo, masalah penyakit, ditinggal mati wong kang kita tresnani, kekurangan dhuwit lan isih akeh maneh liyane. Kepara, akeh ing antarane kita iki padha tau males nindakake ibadah, tau mudhun derajat keimanane, nganti-nganti kita males banget nindakake ibadah.
Uga, akeh ing antarane kita kang rakus marang donya. Sing ana ing pikirane mung donya lan donya… wae. Mula katelune babagan iki (susah marang problematika urip ing ndo nya, males nindakake ketaatan, rumangsa tansah ora cukup klawan rejeki paringane Allah Subhanahu wa Ta’ala), satemene obate mung siji, yakuwi eling marang mati. Eling marang nalikane roh kita ninggalake raga kita.
Ing ngendi kita nalika kuwi? Lagi nindakake apa kita nalika kuwi? Lagi ing papan ngibadah apa ing papan maksiat? Lagi nindakake ketaatan apa lagi nindakake kemaksiatan?
Tamba saka katelune masalah iku yaiku mung eling marang mati, eling marang nalikane roh kita munggah menyang langit, diterima dening Gusti Allah (rohe) apa ora ya? Lan eling, iku kabeh mengkone kita tindakake dhewekan. Ditampa dening Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala apa ora? Dibukakake lawange langit kanggo roh kita apa ora? Yen eling kabeh iki, mula bakal nambani rasa susah, sedhih, was-was marang anane problematika urip ing ndonya mau, nambani rasa males nindakake ibadah, nambani rasa ora marem marang paringane Gusti Allah kang tansah rumangsa kurang, kurang lan kurang kuwi.
Eling, nalikane roh kita ing langit, diuncalake dening Allah apa digawa dening para malaikat lan dibalekake menyang raga kita ing alam barzakh? Yen gelem ngeling-eling bab iki, mula iki kang ndadekake ati kita bisa tenang klawan sakehing problematika panguripan ksb, sabar lan kuwat. Iki uga kang ndadekake kita semangat nindakake ibadah, iki uga kang ndadekake kita enggal tobat marang Allah Subhanahu wa Ta’ala, marem marang paringane Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Nalikane ing alam kubur, eling, apa kita oleh nikmat apa malah dipenthungi dening malaikat Mungkar lan Nakir kaya kang dicritakake jroning hadits riwayat Imam Ahmad saka Al-Bara’ bin ‘Azib radhiyallahu ‘anhu- merga ora bisa njawab pitakonan-pitakonan ing alam barzakh. Eling iku, amrih kita uripe tenang, sabar, ayem, ora sumelang klawan problematika urip ing ngalam ndonya, amrih tansah semangat jroning ngibadah, enggal-enggal wae tobat.
Pirsanane hadits Rasulullah Shallahu ‘Alaihi wa Sallam ri-wayat Ibnu Hibban. Saka Abu Hurairah Radhiyallahu ‘Anhu, Rasulullah Shallallahu ‘Alaihi wa Sallam paring dhawuh:
أَكْثِرُوا ذِكْرَ هَادِمِ اللَّذَّاتِ
“Sing akeh ngeling-eling bab kang medhot kanikmatan (yaiku mati)”
فَمَا ذَكَرَهُ عَبْدٌقَطُّ وَهُوَ فِي ضِيقٍ إِلا سَعَةٍ عَلَيْهِ
Tan ana kawula tau ngelingi patine lan dheweke jroning kahanan cupet uripe, kejaba pangeling-elinge marang pati mau bakal njembarake dhadhane.
وَلا ذَكَرُهُ وَهُوَ فِي سَعَةٍ إِلا ضَيِِّقَهُ عَلَيْهِ
Tan ana sawijining kawula ngelingi pati kasebut lan dheweke jroning kahanan jembar jagate, kejaba pengeling-elinge marang pati mau bakal nggampangake anggone khusyuk ngibadah marang Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Abu Ali ad-Daqqaq Rahimahullah, sawijining ulama Islam. Nasehate dijupuk Imam Al-Qurthubi saka kitabe At-Tadzkirah Fii Ahwalil Mauta wa Umurul Akhirat, Abu Ali ad-Daqqaq Ra-himahullah ngandhakake:
ٍمن أكثر ذكر الموت أكرم بثلاثة
“Sapa sing akeh ngelingi mati dimulyakake kanthi telung perkara” yaiku;
1. Enggal tobat
Enggal tobat, enggal nyingkirake dosa. Merga kita ora ngerti kapan tekane pati mau. Pati kuwi ora ngganda, ora ana sing ngerti persis watese pati kita. Mula enggal tobat wae.
2. Ati kang Jembar
Jembar atine, ora gampang sambat marang ujian kang diparingake Allah Subhanahu wa Ta’ala, ora gampang ngresula marang paringane Allah Subhanahu wa Ta’ala.
3. Semangat ibadah
Semangat nindakake ibadah marang Allah Subhanahu wa Ta’ala, semangat tangi wengi. Merga nyepakake sangu kanggo mati, semangat maca Al-Qur’an, nyepakake sangu sing paling apik amrih bisa ngadhep ing pangayunaning Gusti Allah, slamet sawise nemahi pati.
Mula kudu tansah dielingi, tujuan pungkasan urip kita satemene yakuwi kepiye bisa slamet sawise kita mati, apa kuwi ing alam barzakh, apa nalika ditangekake maneh mengko, apa nalika ing sandhuwure shirath, utawa slamet saka neraka. Iku satemene tujuan urip kita. Muga-muga mupangati.
Wallahualam Bissawab.
***
Panulis: Ki Jenggot