Pilpres AS Niru Indonesia, Trump Kalah Kok Muring

Amerika Serikat (AS) kondhang negara paling dhemokratis, carane milih presidhen dadi modhel negara-negara republik. Ning jroning Pilpres 2020 iki, jebul AS malah niru Indonesia. Donald Trump sing kalah karo Joe Biden, muring-muring, suthik ngaku kalah, nganggep kubu Demokrat urik lan siap gugat menyang MA. Mengko gek merga nate srawung karo Fadli Zon Indonesia.

Donald Trump ngamuk-ngamuk ing ngarepe para pendukunge. (Ist)

Jaman Orde Baru, presidhen sing milih MPR, sing anggotane saperangan gedhe uga anggota DPR. Saploke Orde Baru ambruk lan kasusul Amien Rais dadi Ketua MPR (1999-2004), sistem pemilihan presidhen dirombak dadi pemilihan langsung dening rakyat. Maklum, Amien Rais dhewe thumeg (katog) sekolah ing negara Paman Sam, lan dhoktor ilmu politike weton Universitas Chicago, Illinois taun 1984.

Pemilu langsung sepisanan ing Indonesia kasil nglungguhake Susilo Bambang Yudhoyono dadi presidhen (2004-2014). Mung ya kuwi, pilpres modhel AS mau senajan luwih dhemokrati nanging ora ekonomis, milih pemimpin langsung jebul ngentekke lumbung lan parpole dadi ngaji mumpung! Asil pilpres pancen durung ketatalan, nanging pilgub, pilbup kan pilwalkot wis nyebabake akeh kepala dhaerah sing diukum merga korupsi. Maklum pemilihan langsung kuwi anggarane milyaran nganti trilyunan.

Bedane Pilpres AS

AS sing dadi gurune dhemokrasi Indonesia, dhek 3 Nopember 2020 kepungkur nggelar pilpres sing ka-46 (yen dietung saka nomer urut kapresidenan sing njabat). Sing maju mesthi wae presiden inkamben Donald Trump (Partai Republik) lumawan Joe Biden-Kamala Harris (Partai Demokrat). Sing lucu, Presidhen Trump sing tansah nyepelekake bebayane Covid-19, jebul nate usul pilpres diundur dhisik ngelingi lagi jaman corona. Nanging ora digugu dening KPUne AS sing jenenge USEC (United States Electoral College).

Merga pandemi corona, pemilu AS sing resmine 3 Nopember, ing sawatara negara bagian nyicil pilihan awal (early vote) wiwit 27 Oktober. Nganti dina tempuking gawe, swara sing mlebu wis ana 91,6 yuta, iku padha karo 43 persene jumlah pemilih AS sing ana 200 yutanan. Kejaba teka ing TPS, pemilih uga bisa nggunakake hak suwarane liwat pos.

Minangka negara dhemokrasi paling tuwa (konstitusi AS 1787), pemilu presidhen pisan iki paling akeh sing padha milih. Rakyat AS ana sing wis antri menyang TPS jam 05.00 esuk, sumebar ing 50 negara bagian. Gunggunge pemilih pancen njanur gunung temenan, awit akeh pemilih sing kepengin Presiden Donald Trump sing kakehan omong lan seneng mecah-belah mau enggal oncat saka Gedung Putih. Yen cara Indonesia, jenenge ABT (Asal Bukan Trump).

Sing nemtokake kapilihe sawijining capres ing AS kuwi ana loro, yaiku electoral vote lan popular vote. Tegese, electoral vote kuwi asil pilihane sakumpulane wong saka negara bagian kang lungguh ing bebadan Electoral College, dene popular vote iku swara asile coblosan. Gunggunge electoralvote ana 538. Sawijining capres paling sithik kudu nganthongi 270. Mula senajan sawijining capres luwih unggul asiling suwara coblosan, nanging yen electoral vote-ne kalah akeh, ya wurung mlebu Gedung Putih.

Putusaning asil Pilpres AS bakal diumumake USEC sasi Desember ngarep. Nanging merga Joe Biden wis entuk 290 swara electoral, media AS kaya dene Time, CNN, NBC sarta Assosiated Press wis wani nemtokake yen Presiden AS ka-46 mbesuk Joe Biden kanthi Wapres Kamala Harris. Kamala Harris iku dudu adhine Kemala Motik – Dewi Motik, nanging politisi wanita Partai Demokrat saka etnis Negro Amerika.

Joe Biden-Kamala Haris dhek 7 Nopember kawuri wis dheklarasi kemenangane ing Chase Center, Delaware. Pendukung Joe Biden kontan padha suka-suka parisuka. Patung Donald Trump sing ditarik nganggo grobag diarak rame-rame dienggo pangewan-ewan. Ana sing menthungi, ana sing nggajul bokonge. Iku tandha yekti yen rakyat AS pancen ora seneng karo Donald Trump. Iki ngelingake karo lakon wayang “Durna Picis” versi Ki Hadisugito, Petruk-Gareng-Bagong bola-bali ngiris kulite pandhita Sokalima.

Trump Nganggep Biden Urik

Tan kocapa Donald Trump sing wis ngejibake bakal menang lan napaki jabatan Presiden AS periode kapindo (2020-2024), muring-muring marang sikepe pers lan Joe Biden dalah para pendukunge. Ujare karo malang kerik, “Wiwit kapan koran sing nemtokake pemenang Pilpres?” Joe Biden uga di undhamana, aja kesusu ngaku menang, wong durung ana keputusan USEC sapa pemenange.


Ing negara bagian Nevada, Arizona, North Carolina, Georgia lan Penncylvania, mujudake kunci kemenangane para capres. Ing Georgia lan Penncylvania Joe Biden – Donald Trump silih ungkih, angkane uyak-uyakan. Ing sakawit Joe Biden ketinggalan, nanging wekasane Trump sing kesalip, saengg Joe Biden entuk suwara 290. Ya ing kene iki Trump dadi muring-muring.


Ora mung muring, dheweke uga nuntut supaya pangetunge suwara distop amarga dumadi kecurangan utawa main urik-urikan, utamane cara ngetunge pilihan liwat pos. Marang Joe Biden, Trump bali ngelikake, aja girang-girang gumuyu dhisik, wong durung entuk sertipikat kemenangane. Lan marang pendukunge Joe Biden dielikake, asil keputusan pilpres isih adoh, aja padha nggege mangsa.

Mesthi wae usulane Trump ora direwes. Dalasan para politisi Partai Republik sing nunggal kubu uga protes karo carane Trump sing adoh saka watak perwira. Kudune yen angka-angkane wis melok kaya mengkono, prayogane ngucapake slamat marang Joe Biden, ora malah mencak-mencak.

Sikepe Donald Trump sing nganggep pemilu curang lan ngancam arep nuntut menyang Mahkamah Agung, iki ngelingake karo Pilpres Indonesia taun 2014 lan 2019 kepungkur. Ping pindho capres Prabowo nganggep pilpres curang. Bedane, Donald Trump ora nganti nindakakake sujud syukur, sarta ora nganti main presidhen-presidhenan amarga statuse pancen isih presidhen.

Tambah mirip kaya Pilpres Indonesia, amarga pendhukunge Biden lan Trump yen ketemu uga wadan-wadanan. Ning ora nganti tawur amarga pulisi ngawasi aja nganti nyampur. Rahayune, senajan pendukunge padha dene fanatike, nanging ora ana istilah crog child (kecebong) utawa batman (kampret)

Ing Indonesia, capres sing kalah pemilu 2019 kepungkur uga emoh ngakoni asile. (repro)

Kanggone bebrayan Indonesia, padha gumun dene Donald Trump nganti kaya ngono sikepe. Mula rikala Trump mecat Mentri Pertahanan Mark Esper, saya wuwuh-wuwuh anggone nggathukake karo Pilpres Indonesia. Sajake mengko posisi Menteri Pertahanan arep dienggoni dhewe, yen Joe Biden mengko ngangkat dheweke dadi Menhan.


Ing jagad medsos nganti ana sing guyon clelekan, sikepe Trump dadi konyol kaya mengkono mengko gek merga nate srawung karo Fadli Zon, bau tengene Capres Prabowo. Perlu kawuningan, dhek ngarepe Pilpres AS 2016 Fadli Zon karo Setya Novanto melu nekani kampanyene Donald Trump ing sawijining hotel. Ing kono sakarone ditepungake minangka tokoh penting Indonesia.

AS-RI Salumrah Wae

Joe Biden bakal dilantik bareng Kamala Harris mbesuk tanggal 20 Januari 2021, ana sangarepe Mahkamah Agung Amerika. Klebu Indonesia, wis akeh sing ngucapake slamat marang Joe Biden. Merga pelantikane isih suwe lan USEC uga durung netepake, RRC durung ngucapake slamat marang Joe Biden, semono uga pemimpin Korea Utara Kim Jong Un. Sebab negara sakarone mau pancen paling ora jenjem sasuwene iki lelayanan karo Donald Trump. Diajab kanthi ganti pimpinane negara, Joe Biden bisa luwih semanak karo RRC lan Korut.


Kaya sing diakoni dhewe dening Presiden Jokowi, kaya selak ora sabar ngenteni Joe Biden enggal dilantik dadi Presiden AS. Kanthi presiden sing anyar iki, diajab kerjasama RI-AS bisa luwih keket supeket. Perlu kawuningan, dhek 27 Oktober 2015 rikala Presiden Jokowi menyang Naval Observatory, Washington DC, Biden wektu kuwi njabat Wakil Presiden AS jaman Presiden Barrack Obama.

Pengamat hubungan internasional saka Unpad Bandung, Teuku Rezasyah, darbe panemu yen kerjasama
Indonesia-AS ora ana kemajuwan sing menjila. Sebab kerjasama militer lan keamanan RI-AS mau wis dumadi cukup lawas, jaman sadurunge Jokowi lan uga sadurunge Donald Trump. Senajan AS ora akur karo RRC, nanging Joe Biden mesthi ora mentala ngomentari awit Indonesia cukup akrab karo RRC.

*****

Panulis: Gunarso TS

Bagikan artikel ini
anitriwidyawati105
anitriwidyawati105
Articles: 23