Politik Jaka Tingkir Mantan Kapolri

Asep Syafrudin ngandharake, kanggo sauntara wektu ana pengakuwan saka salah sijine tersangka menawa penyadapan ilegal iku ditindakake Listyo Sigit kanggo ngukuhi jabatane minangka Kapolri. Sigit ora rila jabatan Kapolri diganti.
Kabareskrim Polri Komjen Pol Asep Safrudin (tengen) diampingi Dirtipidum Bareskrim Polri Brigjen Pol Susatyo Purnomo nuduhake barang bukti panduga tindak pidana makar ing Gedung Bareskrim Polri, Jakarta, Senin (23/11/2026).
(Foto: ANTARA/Fakhri Hermansyah).

Kacarita, Mas Karebet ya Jaka Tingkir nelangsa atine merga ditundhung minggat dening Sultan Demak, Trenggana, saka lingkungan kraton. Tumrap lurahing wiratamtama kaya Jaka Tingkir, ditundhung ratu padha karo nyangga wirang isin kang tanpa upama. Sultan Trenggana duka jalaran Karebet kanthi kumalungkung mrajaya Dhadhungawuk, nom-noman kang melu ‘seleksi’ mlebu dadi calon prajurit Demak. 

Patine Dhadhungawuk, ujaring kandha, mung merga dibalang sadak (suruh kang digulung siap dipamah) pener dhadhane dening Karebet. Karebet ora seneng marang patrape Dhadhungawuk kang pamer kaluwihan ngelmu kanuragan ana sangarepe. Senajan apa wae alasane, Sultan Trenggana ora seneng nyumurupi Karebet sesongaran. Dina kuwi uga kalungguhan lurah wiratamtama dijabel. 

Versi liya nyebutake kisah Dhadhungawuk mau satemene mung pralambang kanggo nutupi aib-e kraton. Crita sing sanyatane yaiku Karebet ditundhung minggat awit konangan anggone laku bedhang karo Ratu Mas Cempaka, putri pambayune ingkang sinuwun. Sultan Trenggana duka yayah sinipi, Karebet diusir.

Karebet nuli nglembara sarta meguru ngelmu kasampurnan marang paraga-paraga pinunjul kaya dene Ki Buyut Banyubiru, Ki Ageng Butuh lan Ki Ageng Ngerang. Saka iguh pretikele guru-gurune kuwi, Jaka Tingkir diutus bali menyang Demak, mbokmenawa dukane Sultan Trenggana wis lilih.

Tenan, Karebet banjur bali menyang kraton ing pangajab bisa ditampa maneh anggone suwita. Ndilalah nalika lakune tumapak kutha raja meneri ana kebo danu pancal panggung ngamuk punggung. Ora ana prajurit sing bisa cilike nyekel, gedhene mateni. Nganti Sultan Trenggana adeg giri sayembara, sapa pawongan kang bisa nyirep pangamuke kebo bakal dipundhut mlebu minangka lurah wiratamtama.

Gegambaran Jaka Tingkir dhuel karo kebo danu ing alun-aluh Demak taun 1540.

Jaka Tingkir wusana matur kepengin mupu sayembara. Sultan Trenggana kaget, nanging paring idin. Malah panjenengane mundhut diyasakake panggungan kanggo mirsani tandange Jaka Tingkir nyekel kebo kang ngamuk mau. Cekake crita Jaka Tingkir bisa mrejaya kebo iku, ditempiling sirahe nganti sigar mrapat.

Maneh-maneh kebo ngamuk mau uga dianggep pralambang. Crita sing sabenere, Jaka Tingkir sangaja ngimpun para pendhekar golongan ireng kinen nylomot ontran-ontran ing Demak Bintara. Sultan Trenggana kang jibeg atine ndulu ora tentreme kawula, banjur adeg sayembara. Lan, sing bisa mupu nyirep rerusuh mau ora liya Jaka Tingkir dhewe. Dheweke tampil minangka pahlawan. Tetindhihe pendhekar golongan ireng dipateni amrih ora mbocorake wewadi. Wusana Karebet bali ditampa pasuwitane. Tembene dheweke jumeneng Sultan Pajang jejuluk Hadiwijaya.

Ukel strategi sing kurang luwih padha mbokmenawa lagi dicakake dening tilas Kapolri Listyo Sigit kang samengko dinyatakake minangka tersangka penyadapan ilegal marang Presidhen Prabowo. Penyadapan peteng marang presiden digolongake menyang kadurjanan makar. Jrone nindakake pakartine, Sigit dibiyantu dening andhahan pinercaya cacah lima. Sing nyandhang pangkat jendral bintang loro yaiku Eko Hadi Santoso, Ahrie Sonta Nasution, lan Slamet Uliandi. Ditambah jendral bintang siji Tedjo Kusumo lan komisaris besar Iman Imanuddin.

Jrone upayane nlusuri, metani lan miyak kadurjanan makar mau, penyidik Badan Reserse Kriminal (Bareskrim) Mabes Polri nemokake barang bukti arupa 500 kaos rupa ireng kanthi gambar driji telu diacungake, sarta tulisan ACAB (All Cops Are Bastard). Acungan driji telu mujudake simbol protes tumrap dhemonstran kanthi jargon “sadhar dipalak, sadhar dibakar, sadhar dimlaratake (dimiskinkan).” Sadhar dipalak mujudake pasemon marang tarikan pajeg, dening sadhar dibakar kadidene sindhiran kobongan alas gedhen-gedhenan durung suwe iki. 

Kabareskrim Polri Komjen Pol Asep Safrudin (kiwa) lan anggotane nuduhake barang bukti arupa spandhuk unjuk rasa ing Gedung Bareskrim Polri, Jakarta, Senin (23/11/2026).
(Foto: ANTARA/Fakhri Hermansyah).

Saliyane kuwi, pulisi uga nemokake gendera (spandhuk) gedhe werna ireng kanthi tulisan “One Peace.” Udakara setaun kepungkur gendera One Piece (dudu One Peace kaya kang ditemokake pulisi) pancen kober rame minangka sarana protes marang pamarentah. Becik kaos lan gendera iku dibeslah penyidik saka salah sijine “posko makar” kang mapan ana Bogor.

Dikutip saka Kantor Berita ANTARA, 23 Nopember 2026, Kepala Bareskrim Mabes Polri Komisaris Jendral Asep Syafrudin nuturake, tinemune barang bukti arupa atribut dhemonstrasi mau nuduhake menawa para tersangka kepengin nyiptakake kahanan rusuh lumantar aksi unjuk rasa. Carane, tersangka ngimpun para preman, tilas wong ukuman, sarta pecandu narkoba cacah puluhan, kanggo disusupake menyang satengahe massa unjuk resa. Tugase wong-wong susupan iki gawe geger supaya dhemonsrasi sing maune damai ngrembaka dadi kerusuhan.

Sasuwene iki pancen asring kedadeyan unjuk rasa mahasiswa sing sejatine dhamai ujug-ujug kobar dadi rusuh merga ana sing sengaja gawe gara-gara. Ing Yogyakarta upamane, saben unjuk rasa mesthi njeblug dadi kerusuhan merga ana pihak-pihak sing ngisruh. Kang pungkasan kedadeyan Selasa bengi, 10 Nopember 2026. Bocah-bocah nom-noman menganggo kaos ireng ujug-ujug ngembuli unjuk rasa gawe kisruh ana DPRD Yogyakarta. Pulisi mesthekake bocah-bocah sing nylomot kerusuhan mau dudu perangane massa mahasiswa.

Asep Syafrudin ngandharake, kanggo sauntara wektu ana pengakuwan saka salah sijine tersangka menawa penyadapan ilegal iku ditindakake Listyo Sigit kanggo ngukuhi jabatane minangka Kapolri. Sigit ora rila jabatan Kapolri diganti. Sigit pancen nglungguhi jabatan Kapolri limang taun suwene, wiwit 2021 nganti 2026, utawa wiwit jamane Presiden Jokowi.

Asep nambahake, temon bukti kaos lan spandhuk dhemo iku dikuwati karo notulensi asil rapat katiti tanggal 3 Oktober 2024, utawa sadurunge Presiden Prabowo dilantik. Ing notulensi iku disebutake sapa sing pesen kaos, lan sapa sing pesen spandhuk. Saka notulensi iku diweruhi menawa rancangan makar mau satemene wis diatur adoh sadurunge.

Apa karepe Sigit kanthi nyusupi aksi-aksi unjuk rasa? Bisa uga kaya politik kang dicakake Jaka Tingkir taun 1540 kepungkur, yaiku kanthi ora kawistara sengaja nyiptakake kerusuhan. Tujuane rong prekara. Sepisan, amrih dheweke bisa tampil minangka pahlawan saengga jabatan Kapolri ora diuthik-uthik. Kasarane, tanpa dheweke, kerusuhan mau ora bisa disirep. Mangka sing gawe kerusuhan ya dheweke dhewe. Politike Jaka Tingkir mateni Dhadhungawuk kang disumelangake bakal nyaingi dheweke minangka lurah prajurit, bisa uga wis dirancang premati. Tegese kabeh pesainge disingkirake saengga Presiden Prabowo ora duwe pilihan liya kejaba Listyo Sigit.

Kapindho, kanggo nyiptakake rasa ora percayane masyarakat marang kepemimpinane Presiden Prabowo. Yen dhemonstrasi mau dileksanani terus-terusan, luwih-luwih saben dhemonstrasi mesthi rusuh, suwe-suwe kapercayane masyarakat marang Prabowo bakal kegerus. Kabukten elektabilitas-e Prabowo sangsaya mrosot ing angka kurang saka 50 persen jroning wektu kurang saka rong taun. Yen kapercayan iku saya ambleg, tundhone Prabowo ora kepilih maneh nalika macung presiden ing Pemilu 2029 mengko.

Sing isih dadi cangkriman, kanggo sapa Listyo Sigit nindakake kabeh iki? Bisa wae kanggo awake dhewe minangka dalan tumuju kursi presiden liwat Pemilu 2029. Bisa uga Listyo Sigit lagi mbabadi rerungkutan kanggo dalane wong liya munggah tlundhakane kawiryan. Nanging sapa? Mbokmenawa mung wektu sing bakal mangsuli.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 434