Geneya Basa Surabayaan Kasar?

Saliyane disebut kutha Pahlawan, Surabaya ya kondhang minangka wewengkone masarakat sing nganggo basa Jawa kang mirunggan. Diarani mirunggan sebab akeh sing padha ngarani yen basa Jawa wewengkon Surabaya utawa sok kala mangsane disebut basa “Arekan” (saka tembung “arek”, basa Jawa wewengkon Surabayane “bocah”) lan basa “Surabayaan” iki kasar, blaka, tur apa anane, ora sabaene mungguh sing digunakake masarakat Jawa.

Basa Jawa wewengkon Surabaya klebu pepanthane basa Jawa sub-standhar (ora baku), bageyan basa enggon-enggonan. Titikane basa Jawa  wewengkon Surabaya yaiku sipate sing egaliter utawa ora mbebedakake golongan lan tataran. Wong Surabaya arang nganggo undha-usuk basa kaya dene ing Surakarta utawa Yogyakarta. Ing pacaturan saben dina, ngomong marang wong tuwa nganggo tataran ngoko wae wis dianggep lumrah. Kabeh iku ora dianggep nungkak krama, nanging minangka tandha yen sesambungane raket.

Sing mbedakake antarane basa Jawa wewengkon Surabaya lan basa Jawa liyane yaiku pilihan tembunge. Tembung “kowe” disulihi “kon” utawa “koen”, “cah” nggunakake “rek”, “ora” salin wujud “gak”, “piye” owah dadi “yok apa”, dene “ngapa” diganti “hlah pa”, lan sapanunggale. Tuladhane, “Yok apa kabarmu, Rek?” tegese “Piye kabarmu, Cah?”

Asal-usul basa Jawa wewengkon Surabaya ora bisa dipisahake saka sejarah kutha iki minangka kutha pelabuhan. Apamaneh wiwit awal abad 17-an, akeh sudagar lan juru dakwah saka Mancanegara, kayadene Tionghoa, Arab, lan Eropa padha menyang tanah Jawa kanthi ancik-ancik ing pelabuhan Surabaya. Mula saka cinampure keh budaya ing Surabaya kuwi, dianggep minangka cikal bakale laire basa Jawa wewengkon Surabaya.

Ya ana sing ngarani yen basa Jawa wewengkon Surabaya iki sing sok digunakake tanpa mawa undha-usuk basa iki kaperbawan dening cakrik basa Jawa sing digunakake dening masarakat siti ing jaman Majapait sing jarene “egaliter” lan durung mawa tataran undha-usuk basa. Wondene tatanan bab undha-usuk basa Jawa lagi wae disungsun rikala jamane Sultan Agung.

Basa Jawa wewengkon Surabaya ya sok digunakake uga urip ing seni sandiwara klasik ludrug. Ing pagelaran ludruk, paragane padha nganggo basa Jawa wewengkon Surabaya. Luwih-luwih ludrug kuwi minangka seni sandiwara klasik kang sok digunakake minangka wadhahe kritik. Mula kritik sing dikandhakake becik diandharake mawa basa kang ora kebak sanepan lan bares wae amrih bisa gampang dipahami.

Saliyane iku, basa Jawa wewengkon Surabaya ya digunakake ing seni swara klasik kidungan jula-juli, yaiku tembang gagrag Jawa Wetan sing isine ngenani pitutur, banyolan, lan pasemon. Kidungan Jula-Juli lumrahe disugujake sajrone ludrug.

Saiki, basa Jawa wewengkon Surabaya ya isih akeh sing dinggo dening saperangan medhia sosial kaya dene ing Instagram yaiku ana platform warta @aslisuroboyo, banjur ana paraga influencer lire @natkenira, @londokampung lsp..

Basa Jawa wewengkon Surabaya minangka kaskayane budaya Jawa sing kudu dijaga blegere. Luwih-luwih kita, mligine warga Surabaya, ora tuwuh rasa isin nalika nggunakake basa iki. Mula becik ora nganggep yen basa Jawa wewengkon Surabaya kuwi ketinggalan jaman, norak, lan ora gaul. Kepara basa iki sing nuduhake idhentitas lokal, nyethakake “iki lo arek Surabaya”. Muga basa Jawa wewengkon Surabaya bisa tansah ngrembaka lan sumusup ing panguripane nom-noman saiki amrih tetep eksis nganti sauruting wektu.

***

Panulis: Shelli Lailia (Warga MGMP Basa Jawa SMA Surabaya)

Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 410