
Merisik lan Merasi Nalisik Calon Manten Sadurunge Pawiwahan
Share your love

Sadurunge sesandhingan dadi temanten, ana ritual adat merisik, merasi, lsp kanggone calon manten suku Melayu Riau.
Suku Melayu klebu salah siji saka sakehing suku ing Nuswantara. Akeh-akehe dumunung ing pulo Sumatera. Kaya ta Palembang, Bangka, uga Riau. Tradhisi adate uga klebu unik. Kaya ya Merisik lan Merasi
ing Riau. Lelorone mujudake ritual adat kang katindakake ngarepake ana pawiwahan manten. Merisik saka tembung risik, kang tegese nlisik. Ing tataran iki, kulawarga calon manten lanang bakale nlesih lan golek sisik melik bab calon manten putri, uga sanak kadang lan kulawargane.
Ancase mono kanggo nenimbang, calon sing dipilih iku cocog utawa ora dikukup dadi bageyan kulawargane. Uga kanggo mesthekake, dheweke lan kulawargane klebu priyayi apik budine, becik pakartine. Yen ing tanah Jawa saemper karo babagan bibit bobot bebet. Kanggo numusake karepe iku, kulwarga calon manten lanang ora banjur mara dhewe. Ananging utusan sawijining paraga sing pinercaya. Lumrahe mono pawestri sing wis rada ngumur, ananging durung klebu sepuh. Arane, perisik, alias juru tlisik.
Perisik bakale mara menyang omahe calon manten putri. Ananging kanthi sesidheman. Ing kalodhangan iku, perisik nguwasake sembarang kalir magepokan karo putri sing disir dening priya saka kulawarga sing ngutus dheweke. Ya praupane, dedeg piadege, kulawargane, sanak kadange, uga saparipolahe ing padinan. Yen wis kasil nguwasake kanthi permati, perisik banjur lapuran marang kulawarga sing ngutus.
Becik lan kurange, kabisan uga pakulinane putri kasebut diandharake. Ya saka lapuran iku, banjur kulawarga calon manten lanang nenimbang, sreg utawa ora.
Ora mung nlesih kanthi rinci, pihak kulawarga calon manten lanang uga nindakake merasi. Yaiku, njaluk tetimbangan saka ahli. Adate yaiku juru ramal sing mesisan minangka makcomblang. Awit saka pengalamane bab njodhokake pasangan, mula juru ramal kaanggep bisa aweh panemu. Cocog utawa ora, yen dinulu saka padinan lan pakertine calon manten, sing lanang uga sing wadon. Yen merisik lan merasi asile gathuk, lumrahe tanpa kesuwen ngenteni, pihak kulawarga bakale nerusake karep. Yaiku nyepakake samubarange kanggo nglamar putri kasebut. Sing mara nglamar adate uwong lima. Siji kapatah dadi juru wicarane, sing loro saka pihak kulawarga, dene sing loro liyane tangga teparone. Saka asile nalika lamaran iku, yen ditampa, ya dibacutake ngrembug bab ningkahane.
Penulis: Lie















