
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Tari Balia
Seni tari, perangane budaya klompok masyarakat, ora mung bisa kanggo tontonan lan lelipuran. Saka tari kasebut bisa nggambarake sejarah, kahanane tlatah sakupeng, utawa padinane masyarakat ngenggon. Contone, tari tradhisional ing Sulawesi
Tari khas saka Donggala, Sulawesi Tengah iki dipragakake dening para pawestri. Manut sejarahe, iki mujudake beksan karyane suku Kaili. Gerakan ing tari iki nggambarake padinane warga suku kasebut ngenam benang dadi sarung. Pancen ing basa dhaerah ngenggon, pontanu tegese ngenam (nenun). Wiwitane, tari iki kaanggit minangka tandha tresna lan pangalembana marang para seniman tenun ing wewengkon kasebut. Dene kanthi ngrembakane jaman, saiki tari Pontanu kerep dipragakake minangka srana nepungake sarung tenun Donggala marang ngakeh.
Ana maneh padinane warga Sulawesi kang uga dadi pangupajiwane. Yaiku ndhulang emas. Pakaryan iki uga diangkat dadi karya seni tari, kanthi tetenger tari Dopalak. Tari Dopalak, kaya kapacak ing kearifanlokal.com, dimainake dening saklompok, paragane 7 pawestri kabeh. Salah sijine karan Palima, manganggo busana werna beda dhewe. Iku kadidene pemimpine, dene sing 6 liyane minangka dhayang-dhayang. Igelane tangan, uga solahe badan lan sikil, nggambarake paraga lagi padha nggolek papan kanggo ndhulang emas. Sabanjure, miwiti anggone ndhulang. Gerakane kayadene nyerok pasir nganggo dhulang, banjur diayak amrih emas kasaring. Sawise kapetung cukup, banjur bali mulih.
Tarian iki asline saka suku Kulawi, nggambarake rasa syukur awit kanugrahan asil panen kang nyukupi. Surasa kasebut bisa katitik saka gerakane tarian. Yaiku, kaya dene manembah, ngonjukake atur panuwun. Awit asale minangka tandha syukur, tarian iki uga dadi tarian khas nalika ana ritual lan upacara adat. Minangka iringane tari, kalantunake syair-syair kang isine piweling luhur bab kabecikan. Syair-syair iku klebu kuna, manganggo basa dhaerah Uma Tua, ditembangake bebarengan dening warga kang melu nari.
Adat budayane warga Sulawesi ing jaman kuna makuna ora uwal saka animisme. Yaiku ngramatake barang tinamtu minangka jimat. Tradhisi kasebut ginambarake ing tari Balia, kang ancase puja puji marang pusaka kang gegayutan karo pangusadaning lelara. Lelara kang dikarepake yaiku ka-
hanane pikiran lan jiwa kang ora jejeg, awit diganggu setan, jin, utawa roh jahat. Yen nitik tengere, tembung balia tegese “tantang”. Mula, para penari iki kaanggep minangka prajurit sing nglawan setan utawa kakuwatan jahat kasebut. Kagelar ing papan mligi, arane lobo, kang adate pancen kanggo ndendonga. Ancase, bisa nggempur punjering penyakit, amrih bregas waras maneh kaya wingi uni.
Penulis: Lie