Departemen Teknik Geofisika Institut Teknologi Sepuluh Nopember (ITS) lan Fakultas Ilmu Budaya Universitas Airlangga (Unair) ngudi mlopori madege Majapahitologi, ngelmu kang nyinaoni sejarah, basa, literatur, agama, arsitektur, seni lan teknologi pra-Majapahit nganti ambruke karajan kang pusere mapan ana Trowulan, Mojokerto iku.

Perguruan tinggi plat abang loro iku duwe gegayuhan, tembene Majapahitologi bisowa sejajar karo Egiptologi, (Egyptology), kajian sejarah, basa, sastra, agama, arsitektur lan seni rupa ngenani Mesir Kuna saka milenium ka-5 Sadurunge Masehi nganti abad 4 Masehi. Ing Eropa, Egiptologi dianggep dhisiplin ilmu filologi (sejarah). Nanging ana laladan Amerika Lor, kajian kasebut digolongake minangka cabanging ilmu arkeologi.
Jan Laurens Andres Brandes, ahli basa kuna saka Walanda, taun 1889 tau nulis jurnal asesirah “Een Jayapatra of Acte VanEene Rechterlijke uitspraak van Saka 849” kang wose wiwit abad X Indonesia wis nduweni 10 peradaban asli, yakuwi wayang, gamelan, tembang, bathik, teknologi logam, sistem mata uang, pelayaran (maritim), Astronomi, Irigasi, lan sistem birokrasi.
Mungguhe para pengkaji sejarah Majapahit, Brandes kang lair 13 Januari 1857 kuwi duwe andhil wigati, awit dheweke kang nemokake manuskrip Kakawin Nagarakretagama ing Puri Cakranegara, Lombok taun 1894. Brandes kasil nylametake kakawin Jawa kuna kuwi saka perpustakaane Karajan Lombok ing Cakranegara sadurunge pura kasebut diobong dening serdhadhu KNIL.
Sabacute Negarakretagama dadi kakawin sing akeh ditliti para ilmuwan minangka sumber utama sejarah Majapahit. Sebab kitab kuwi ditulis dening sekretaris Kraton Majapahit, Mpu Prapanca, taun 1365 Masehi nalika bawat kanalendran rinegem Prabu Hayamwuruk.
Gagasan ngedegake Majapahitologi dirembug jrone webinar kanthi tema “Inisiasi Majapahitologi” Setu, 15 Juni 2024 kepungkur. Pemateri dhiskusi ilmiah iku dumadi saka para nimpuna, yaiku dosen Departemen Ilmu Sejarah Unair Adrian Perkasa, arkeolog independen Gunawan Sambodo, lan dosen Departemen Arsitektur ITS Andy Mappa Jaya. Wondene minangka penanggap yaiku Guru Besar Paleoantropologi Unair Toetik Koesbardiati, sarta Guru Besar Arkeologi Universitas Indonesia Agus Arismunandar.
Pangajabe, Majapahitologi dadia pusat rujukan literasi sarta kawruh tumrap masyarakat nasional apadene internasional. Apa sing ditulis Brandes jroning jurnale, dadi pancadan miyak sejarah kaya ngapa hebate leluhur kita ing jaman Majapahit.
Adrian Perkasa ngandharake, ada-ada ngedegake Majapahitologi temtu nduweni kalodhangan sarta tantangan jroning proses lumakune. Adrian, sing lagi nempuh pendidikan gelar Doktor Sejarah ana Universitas Leiden, Belanda, nyoba mbandhingake karo studi-studi Kulonan ngenani Egiptologi sing surasane meh padha.
Adrian bisa kandha mengkono awit ing Universitas Leiden dhewe uga ngajarake dhisiplin ilmu kasebut kanggo mahasiswa S-2. Saengga Adrian nyengkuyung banget yen ITS lan Unair nyoba mlopori madege jurusan mata kuliyah Majapahitologi. “Dudu bab sing aneh upama ITS minangka perguruan tinggi sing kondhang karo kepakaran engineering-e mbukak kelas khusus ngenani Majapahitologi,” kandhane Adrian jroning seminar daring sing uga dieloni Panjebar Semangat iku.
Mung wae, miturut Adrian, mahasiswa Eropa sing bakal nyinau Egiptologi diwajibake nguwasani basa, sastra lan kabudayane Mesir kuna luwih dhisik. Sadurunge tumapak njupuk jurusan Egiptologi, nalika S1-ne, mahasiswa-mahasiswa kasebut wis ngrampungake mata kuliyah Kebudayaan Timur Tengah sing ora mung nyinaoni bab kabudayan Mesir kuna wae.
“Nanging sawise Edward Said, sawenehe sejarawan Palestina, nerbitake buku Orientalism, saiki ana tren (kecenderungan) sing mitakonake apa Egiptologi iku bener-bener ilmu sing obyektif nyinau ngenani Mesir kuna ing jaman Fir’aun?” tuture Adrian.
Jroning buku kasebut, miturut Adrian, Edward Said mbabar asil panalitene sing kritis ngenani praktek-praktek kolonialisme dening Negara Kulonan (Barat) sing ora sawutuhe ditindakake dening bangsa Eropa kuwi dhewe. Merga ana uga ‘susupan-susupan’ saka negara Timur Tengah sing canthuk lawung karo prekara penjajahan mau.
“Nalika penguwasa Prancis Napoleon Bonaparte ngebroki Mesir, dheweke njajah lair lan batine masyarakat. Saengga sejarah Mesir sing biyen dituturake sarana lisan turun-tumurun, akhire dadi ilmu sawise ditemokake Watu Roseta sing tinatah ukara telung basa. Ing kene Prancis duwe kapentingan ngenani narasi sejarah bangsane, klebu ing tanah jajahan,” jlentrehe Adrian.
Andy Mappa Jaya luwih nyoroti konsep pawitra lan tirta (gunung lan banyu) sing ana sambunge karo peradaban arsitektur Majapahit. Pawitra, bisa ditegesi minangka pusat orientasi bangunan-bangunan hierarki Majapahit, becik sing sakral karo sing profan, kabeh ngrujuk marang punjer sawiji, yaiku Gunung Penanggungan.

Kapindho, tirta. Andy aweh tuladha Kolam Segaran ing Trowulan, kang yen disurasa jero nuduhake menawa kutha raja Majapahit wis duwe konsep maritim. Andi uga aweh conto petirtan Candhi Tikus sing tansah megung banyune senajan ora tinemu tuk ana sakiwa tengene. Wis ngono banyu megung mau bisa munggah menyang pancuran, senadyan tanpa disedhot nganggo kompa banyu kaya jaman saiki. “Apa iya arsitek jaman Majapahit wis nggunakake hukum grafitasi?” kandhane Andi.
Andi nggandhengake ‘keanehan-keanehan’ iku karo muncule pedhut kang teka sawanci-wanci ngemuli kawasan Trowulan nganti saiki. Tumurune ampak-ampak mau nggumunake, awit Trowulan ora mapan ana dhataran dhuwur. “Nganti seprene, aku isih nganggep Trowulan ngandhut misteri, Aja-aja ing samburine misteri kuwi ana kawruh unggul, klebu ngunggahake banyu menyang pancuran mau,” kandhane Andi.
Ing babagan omah, Andi nonton material sing digunakake wong-wong Majapahit kanggo mbangun padunungan mau arupa terakota. Umume terakota iku didhasari nganggo material watu lan bata. Material-material iku pranyata cocog karo struktur-struktur bangunan kuna ing kawasan Trowulan lan kiwa tengene sing ditemokake keri-keri iki, klebu nalika ekskavasi situs Kumitir ing Jatirejo taun 2020 kepungkur.
Sauntara iku Toetik Koesbardiati mratelakake, salaras karo dhisiplin ilmu Paleoantropologi sing ditekuni, dheweke luwih akeh nyinaoni bentuk awak sarta rangkane manungsa-manungsa Majapahit. Miturut Toetik tinemune reca-rena kuna sing sumimpen ana Museum Trowulan, bisa kanggo ngukur kaya ngapa kahanan sosial ekonomine kawula Majapahit. “Blegere manungsa iku digambarake kanthi detail dening pematung jaman kasebut,” kandhane Toetik.
Studi sabanjure nggambarake manawa kawula Majapahit mono dumadi saka warga lokal, pendatang saka India sarta Cina, sarta wong neka saka Eropa (Kaukasoid). Miturut Toetik, ana mahasiswane sing tau nyusun skripsi nliti payudarane wong Majapahit saka reca-reca wanita sing wis dipesthekake gaweyan jaman Majapahit. “Aja dideleng pornone, nanging kanggo ndeleng manungsa Majapahit saka perspektif awake sakojur,” ujare.
Bleger manungsa Majapahit sabanjure bisa dititik saka rangkane. Ana temon rangkaning manungsa cacah lima sing dinuga saka abad XIV tumuju XV sumimpen Museum Trowulan, sarta wis ditliti (dating) dening Toetik nganti tekan Australia. Adhedhasar rangka mau banjur coba dientha-entha kaya ngapa bleger manungsa Majapahit sing sawutuhe. “Kesimpulanku, rangka manungsa kasebut saka strata sosial dhuwur. Salah sijine dinuga bikuni (agamawan),” kandhane Toetik.
Luwih jembar Toetik nuturake tau takon langsung marang pinituwa adat Suku Tengger, apa bener wong-wong Tengger mau isih tedhak turune Majapahit kaya sing diwartakake sasuwene iki. Toetik ngaku antuk jawaban saka tetuwa adat iku menawa anggepan kasebut luput. Toetik uga nakoni pinituwa adat Bali bab bener orane wong-wong Pulo Dewata biyene playon (pelarian) saka Majapahit. “Ana sing kandha yen wong Bali isih keturunane Gajah Mada,” kandhane Toetik. Miturut Toetik, sejarah Majapahit nengsemake disinau saka maneka bidhang. Tinemune petilasan kutha raja ing Trowulan dadi obyek panaliten sing ora ana enteke. Toetik nyengkuyung inisiasi mawujudake Majapahitologi kang digagas ITS lan Unair kanggo sangsaya mikuwati panyinaune sejarah adi luhung.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo







