Kepala Badan Komunikasi Pemerintah Republik Indonesia (Bakom RI), Muhammad Qodari, nindakake kunjungan lapangan menyang Sekolah Rakyat (SR) Terintegrasi 2 sing ana ing Jalan Kedung Cowek, Kecamatan Bulak, Kota Surabaya, dina Selasa mentas iki (28/7/2026).

Ing kunjungané kuwi, Qodari langsung naliti kesiapan fisik lan fasilitas sekolah sing ditargetaké wis bisa miwiti Kegiatan Belajar Mengajar (KBM) ing awal Agustus 2026 mengko. Qodari ngalembana lan ngandhakaké rasa mongkoge marang progres pembangunan sekolah sing ambané 6,6 hektare kuwi, sing ngowahi area lahan kosong dadi kompleks pendidikan sing gedhe lan terpadu ksb.
“Saka sawah, saiki duwé gedung sing apik lan gedhe ngéné iki. Alhamdulillah, aku mongkog banget. Aku yakin Bapak Presiden uga bakal mongkog lan trenyuh yen pirsa langsung perkembangan pembangunan Sekolah Rakyat iki,” ujare Qodari nalika ditemoni ing lokasi.

Pembangunan kawasan pendidikan iki dipimpin déning tim kementerian Pekerjaan Umum (PU). Sekolah Rakyat Terintegrasi 2 Surabaya dirancang ora mung nyedhiyani gedung kelas sing representatif, nanging uga maneka fasilitas penunjang sing lengkap, ing antarané gedung sekolah terpadu kanggo SD, SMP, SMA lan asrama siswa uga guru.

“Ing kéné uga ana lapangan mini soccer, lapangan basket, lan lapangan voli, ruang serbaguna, mesjid, guest house, kantin, lan dapur umum. Ora mung kuwi, peralatan laboratorium sing dinane iki lagi ana ing tahap pendataan ulang sadurunge siap digunakaké,” jlentrehe.
Qodari ngandhakaké yen Sekolah Rakyat iki katujokake kanggo bocah-bocah saka keluarga kurang mampu sing klebu kategori desil siji lan loro. Dhèwèké nambahaké menawa anané Sekolah Rakyat iki dadi bukti nyata saka eksekusi program lan gagasan Presiden Prabowo Subianto jroning ningkatake taraf uripe masyarakat liwat pendidikan.
Sauntara kuwi, Kepala Dinas Sosial (Dinsos) Kota Surabaya, Antiek Sugiharti njelasake, 270 siswa anyar kanggo jenjang SD, SMP, lan SMA dijadwalaké wiwit melu Masa Pengenalan Lingkungan Sekolah (MPLS) ing tanggal 30 Juli 2026. Sadurungé mlebu kegiatan pembelajaran, kabèh siswa wajib mèlu pemeriksaan kesehatan sakabehe.
Sakwisé rangkaian tes kesehatan rampung, para siswa bakal langsung mèlu kegiatan sing dipandhu langsung déning tim saka kementerian kang ana. Saliyane nampa 270 siswa anyar, fasilitas Sekolah Rakyat uga bakal nampung kira-kira 100 siswa rintisan sing sadurungé sekolah ing Universitas Negeri Surabaya (Unesa).
“Siswa rintisan sing saiki wis munggah kelas 2 (jenjang SMA) kuwi bakal dipindhah bertahap nganti kabèh terpusat ing sawijining lokasi. Dadi total ana 270 siswa anyar lan 100 siswa saka sekolah rintisan,” ujare.
Nalika ana ing asrama, Antiek ngajab para siswa cukup nggawa sandhangan sementara kanggo sawetara dina lan seragam lawas.
“Yèn seragam anyar saka fasilitas Sekolah Rakyat durung ditampa, dhèwèké isih bisa nganggo seragam sing sadurungé,” tambahé.
Gegandhengan tenaga pengajar lan kurikulum, kabèh pengawasan ana ing sangisore kewenangan kementerian. Déné proses penjaringan siswa ditindakake liwat mekanisme penjangkauan langsung marang masyarakat.
“Penjaringan iki dumadi kolaborasi antarane pendamping Program Keluarga Harapan (PKH), pendamping kecamatan, BPS, lan Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya. Jeneng-jeneng calon siswa sing ketangkep banjur ditinjau lan dilebokaké menyang sistem pendataan,” jlentrehé Antiek.
Antiek ngajab anané fasilitas Sekolah Rakyat sing megah iki bisa dadi solusi nyata kanggo nyuda angka putus sekolah ing Surabaya, luwih-luwih kanggo bocah-bocah saka keluarga kurang mampu. (d)***
Editor : Donny Tunggul
Sumber : Rilis Pemkot Surabaya



