
Teguh. Jeneng kuwi sing ora bisa diuwalake karo klompok sandiwara Aneka Ria Srimulat. Nadyan blegere ora tau katon ana ngarep kamera, nanging priya kelairan Solo, 8 Agustus 1926, iku ora beda suh tumrap anggota atusan cacahe. Ana pengamat sing ngitung anggotane Srimulat antarane taun 1960-1989 udakara wong 300. Nanging saka pihak kulawarga dhewe ngarani luwih akeh saka kuwi. Yen ditotal jendral, cacahe ora kurang saka wong 500.
Maklum, ing mangsa jaya-jayane Srimulat, Teguh “bukak cabang” ing telung panggonan: Solo (1978), Jakarta (1982) lan Semarang (1986). Durung kepetung mligi klompok “pecahan” sing antuk ayahan mbarang kliling. Wondene basis utamane Srimulat mapan ana Taman Hiburan Rakyat Surabaya. Kena diarani Srimulat dadi grup lawak kanthi anggota paling akeh sa-Indonesia.

(Foto: Dok Srimulat)
Teguh palakrama antuk Raden Ayu Srimulat 8 Agustus 1950. Nalika kuwi RA Srimulat mimpin grup Keroncong Avond, lan Teguh minangka pemain gitar. RA Srimulat tinggal donya 1968 ing Surabaya sawise sawatara wektu nandhang gerah diabet. Rong taun candhake Teguh palakrama maneh oleh Djudjuk Djuariah, anggota Aneka Ria Srimulat. Saka anggone palakrama karo Djudjuk, Teguh patutan anak papat, Eko Saputro, Ari Wibowo, Mia Permata lan Shintia Perdana.
Teguh kapundhut ing Solo 22 September 1996 sawise masrahake urusan Srimulat marang anak mbarep, Eko Saputro kang akrab diundang Koko. Tanggal 6 Pebruari 2015 Djudjuk Djuariah sumusul tilar donya. Agustus 2026 mengko genep sa-abad Teguh dilairake. Kulawarga ageng Teguh-Djudjuk duwe sedya nggelar acara mirunggan kanggo mengeti kiprahe Teguh ing donyane seni.
Tanggal 22 Januari 2026 kepungkur Panjebar Semangat mawancarai Eko Saputro ing Solo gegayutan karo pengetan “100 Taun Teguh Srimulat” sarta theg kliwere panggung pabrik guyu kang kebak crita lucu, sedhih lan ngenes kuwi.
“100 Taun Teguh Srimulat” apa sing bakal dianakake dening kulawarga ageng kanggo mengeti?
Sing cetha bakal ngadani pameran Museum Srimulat ing Bentara Budaya, Yogyakarta. Rancangane yen sida uga pameran ing Jakarta, nanging sing iki durung mesthi. Sing wis fix ing Yogya kuwi. Sawise pengetan 100 Taun mungkur, aku mbudidaya ngrampungake bukune Bapak, Teguh masa kecil nganti remaja. Yen wektune nyandhak bakal dakterusake gawe film pendhek ngenani Bapak. Durung ngerti kuwi mengko film uwong apa film animasi.
Taun 1989 Pak Teguh mutusake mbubarake Srimulat. Apa alesane?
Wektu semana aku mentas mlebu SMA. Bapak mutusake mbubarake Srimulat temtu wis kinanthen pawadan kuwat. Alasane Bapak iki durung akeh sing mangerteni. Satemene sepele. Nalika Srimulat isih bukak cabang ing Semarang antarane 1986-1988, saben Setu awan aku didhawuhi Bapak supaya ngontrol mrana. Yen dhong lejar penggalihe, Bapak melu budhal. Nanging kerep-kerepe mung aku dhewe. Nalika kuwi ing kutha Semarang lagi wae dibangun mal. Uger mertinjo Srimulat Semarang, aku ajeg mampir mrono. Janjen patemon karo klien utawa kanca, uga mesthi ana mal kuwi merga papane nyaman.
Sabanjure?
Sawijining dina ing mal kasebut digelar pameran parabola. Aku kober nonton. Ing kono dipamerake kecanggihane teknologi, bisa nonton giyaran-giyaran tivi mancanegara. Saya larang regane, saya canggih, jankauan-e saya adoh. Mulih menyang Solo aku matur Bapak. Bapak ki wonge seneng karo teknologi-teknologi sing ngono kuwi. Akhire panjenengane ngajak aku nonton pameran kuwi. Ora mung nonton, nanging uga tuku. Jarene dhistributor-e parabola iku, Bapak pawongan sepisanan sing pasang parabola ing Solo. Bapak seneng banget duwe parabola. Saben ndina muter channel luwar negri. Sing paling disenengi acara kick boxing Thailand.
Apa panemune Pak Teguh ngenani parabola kuwi?
Telung sasi candhake aku ditimbali ngadhep sacara mirunggan. Didangu, “Ko, kowe seneng duwe parabola?” Ya seneng no, wong bisa ndeleng tivi luwar negri. “Aku ya seneng, Ko. Nanging rasa senengku iki uga ngandhut kasedhihan. Aku mung mbayangke yen suk emben ing Indonesia ana tivi swasta siji wae, kabeh kesenian tradhisional mesthi mati. Mbokmenawa bioskop ya mati. Lha piye, leyeh-leyeh neng omah gari nyekel remote, acarane wis rena-rena tur gratis. Bandhingna karo nonton Srimulat, wayang uwong, kethoprak, ludrug. Wiwit sore wis kudu siap-siap, nyiapke kendharaan, nyawiske ongkos perjalanan, ongkos tuku tiket, tuku mangan. Ribet. Durung yen udan.”

Saka kono Pak Teguh duwe gagasan mbubarake Srimulat?
Bener. Bapak kandha Srimulat kudu dibubarake. Aku sing sekawit didhawuhi Bapak supaya nyinau ngelmu panggung, lan dakrasa ngelmuku mau lagi entuk seprapate, mesthi wae kaget. Yen Srimulat kokbubarke, njur aku kon ngapa, Pak? Bapak ora bisa mangsuli. Mung ngendika, “Ning aja omong-omong Mama-mu. Mung kowe sing dakjak omong prekara iki.” Mangka wektu iku RCTI durung ana, lho. Nanging Bapak wis njupuk keputusan kuwi. “Wis saiki kowe ganti blajara dunia tivi wae,” ngendikane. Akhire gelem ora gelem aku nyinau donyaning pertelevisian. Yen ing Surabaya aku isih ketulung karo TVRI kana sing saben sesasi sepisan nggiyarake Srimulat lumantar acara Galarama. Nanging ing Solo lan Semarang, aku isih butuh hubungan kanggo nyedhaki TVRI. Rahayune ing Yogya aku ketemu Pak Marwoto (pelawak Marwoto Kawer) sing nglantarake sesambungan karo TVRI.
Srimulat wekasan sida dibubarake?
Daksawang Bapak kawistara goreh penggalihe. Setaun bacute Bapak bener-bener mbubarake Srimulat. Bapak wis yakin banget karo keputusan kuwi. Aku isih kelingan, keputusan iku dijupuk mbarengi Bapak maos Suara Merdeka. Ing koran kuwi ana pawarta menawa taun ngarep stasiun televisi swasta sepisanan ing Indonesia, RCTI, wiwit siyaran. “Wis, bubarke wae, Ko!” Ning aku ra entuk ngomong Mama. Pemain uga ora ana sing ngerti. Ing hari H sing wis ditemtokake, Bapak mbiwarakake bubare Srimulat Semarang. Bubare lancar. Kabeh anggota entuk pesangon sandhuwure katemtuan pamarentah. Srimulat Solo ora perlu dibubarake merga wis luwih dhisik kukut. Kari Surabaya lan Jakarta. Srimulat Surabaya ora entuk dibubarake dening pemda-ne jalaran wis dianggep minangka identitas kutha. Dene Srimulat Jakarta sing dicekel adhine Mama, sekawit ngeyel ora gelem dibubarake. Merga ngeyel akhire ya dhedhel dhuwel tenan. Luwih-luwih bareng pemain-pemaine padha mundur. Om-ku banjur lapur Bapak. Ning malah dipaido, “Kowe rak wis dakelingake wingi-wingi. Iki wis ora nyucuk. Kesenian tradhisional wis ora bisa urip permanen.”
Dadi alesan mbubarake Srimulat dudu merga konflik internal?
Konflik internal ing Srimulat kuwi meh saben dina ana. Dadi yen ngomongake konflik internal, kuwi wis ora penting tumrap Bapak. Bapak wis wareg karo prekara sing ngono-ngono kuwi.
Nadyan de jure Srimulat wis dibubarake 1989, nanging sacara de facto jenenge tetep gedhe lan kemedol. Kabukten wiwit 22 September 1996 banjur oleh kontrak paket giyaran ing Indosiar 14 taun suwene?
Nalika kuwi mantan-mantan pemain Srimulat kepengin nganakake reuni. Sing duwe prakarsa Gogon. Gogon banjur rembugan karo Mama. Mama satemene wis ora ngurusi donyaning panggung maneh. Panjenengane nekuni profesi rias manten. Mama ora kabotan jeneng Srimulat dienggo reuni. “Ya wis kowe ngomonga karo kanca-kanca kana piye penake. Sing cetha aku ora duwe modhal,” ngendikane Mama. Wektu kuwi sing dhuwite rada kandel Kadir merga film-film-e lagi payu. Gogon banjur nggandheng Kadir. Join. Lha kok salah sijine prodhuser Indosiar ana sing krungu gagasan Reuni Srimulat kuwi. Akhire dicoba dikontrak 13 episodhe. Pentas kliling menyang Semarang, Solo, Surabaya, Purwokerto, Yogyakarta, Jakarta. Pak Tarsan ngadhep pembina Srimulat, Pak Agum Gumelar (Danjen Kopassus wektu kuwi), nyuwun palilah. Pak Agum paring idin.
Srimulat Indosiar syuting sepisanan ing Semarang mbarengi sedane Pak Teguh?
Bener. Kaya-kaya jumbuh karo pepinginane Bapak. “Aku suk emben yen mati, yen bisa dikupengi anak buwahku. Takpamitan karo wong-wong kuwi.” Kabeh pemain lan kru sing wis siap-siap arep syuting, akhire layat dhisik menyang Solo. Nanging ora bisa suwe anggone dha takziah merga selak dienteni Indosiar. Jalaran Bapak ngajari marang anak buwahe, aja gara-gara kaya ngono (ana anggota sing kepaten) njur ora nyambut gawe. Penonton ora preduli karo sing kedadeyan ing mburi panggung. Bakune golek hiburan.
Main 14 taun ing Indosiar, lan kerep dadi top rating, iklan mbludag, geneya akhire Srimulat mandheg tayang?
Wis jenuh. Gojege mung dibolan-baleni. Idhene entek. Sakehing lakon, wiwit sing drama rumah tangga, seks, kriminal, tradhisional, adaptasi crita asing, nganti tema horor, wis dipentasake kabeh. Kabeh kesel. Tim kreatif-e Indosiar kesel, tim kreatif-e Srimulat uga kesel. Suwe-suwe aku isin. Wis tak-upayakke piye-piye, nanging tetep ora ngangkat. Takkeki bintang tamu sing ayu-ayu lan seksi, sing nggantheng-ngantheng, panggah wae ora lucu. Rating saya mlorod. Aku omong neng prodhusere, “Pak, iki tinimbang pemaine wis dha bosen, upama break dhisik telung sasi piye?” Pemain dha nesu. Ha piye, wong main ana Indosiar iku ibarate tegal sawahe kok. Prodhuser uga protes, “Banjur diisi apa? Penggemar isih akeh sing ngenteni.” Kanggo selingan dakkon muter ulang tayangan Srimulat lawas sing dianggep apik. Bola-bali aku njaluk break nalika pemain wiwit katon jenuh. Suwe-suwe kanthi kesadharanku dhewe, dakputusake mungkasi kontrak. Dadi dudu Indosiar sing nglereni kontrak, nanging krana inisiatip-ku dhewe njaluk mandheg. Senadyan sejatine Srimulat isih duwe sisa kontrak 30 episodhe. Pemain ora ngerti yen sing nyetop kontrak kuwi aku. Mama wae ora ngerti. Sing dakkandhani mung Bang Kadir. Kadir nglenggana, “Iya, Ko, tinimbang awake dhewe isin.” (Ana Candhake)
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo
Candhake:
https://panjebarsemangat.id/wawancara-eko-saputro-2-bapak-ngerti-umure-gepeng-ora-dawa-maneh/







