Mangayubagya ambal warsa ka-91, Panjebar Semangat sabrayat ngadani adicara syukuran kanthi tumpengan lan kembul bujana andrawina ing kantor Panjebar Semangat, nalika Kemis (5/9/2024).
Pangajabe, muga Panjebar Semangat tansah kuwagang jrone nindakake darmastuti kanggo bangsa lan negara, kanthi jinangkung mring Hyang Suksma, diadohake saka bala-sikara bilai, sarta katemahan umur langgeng lan anjayeng bawana salami-laminya.





