Attasyah Putri Kirana, Mecaki Donyaning Adibusana Tanpa Cucul Kudhung

Sajrone donyaning adibusana (modelling) kang magepokan karo babagan ‘kebebasan berekspresi’, ana sawijining paraga adibusana saka Surabaya kang mbuktekake yen kudhung dudu dadi pepalang kanggo ngranggeh pangimpen. Jenenge Attasyah Putri Kirana, utawa akrab diundang Tasya. Senajan durung pepak setaun anggone ambyur ing donyaning adibusana, Tasya saya moncer perbawane.

Attasyah Putri Kirana (Sumber: Instagram @tasyaputri.model)

Wiwit cilik, Tasya wis nduwe gegayuhan dadi paraga adibusana. Kanthi disengkuyung dening wong tuwane, wanodya klairan 2004 kuwi terus jumangkah lan tansah nglandhepake kaprigelane sajrone donyaning adibusana. Dene tujuwan utamane kang dikarepake yaiku melu catwalk runaway, panggung kebak gengsi kang dadi gegadhange para paraga adibusana.

Yen ditakoni bab sapa idholane, kanthi wangsulan manteb dheweke kandha “Kendall Jenner”, aktris lan paraga adibusana saka Amerikah. Nanging, ana sawijining bab kang mbedakake Tasya lan idholane kasebut; dheweke kudu tetep kudhungan lan mengku komitmen kang teges kanggo nutup aurat, senajan ana ing industri kang nuntut anane totalitas kuwi.

“Donyaning adibusana dudu sakadhar bab carane mlaku ing sandhuwure panggung. Nanging uga kepriye anggone mangun rasa tatag, sikap, subasita, lan cara ngomong sangarepe wong ngakeh,” ujare Tasya.

Sadurunge gabung sajrone agensi adibusana, Tasya wis luwih dhisik ngincipi maneka warna kompetisi adibusana saindenge Surabaya. Salah siji pengalaman kang nengsemake mungguhe Tasya yaiku nalika dheweke kudu tampil sajrone acara pasugatan adibusana kanthi spontanitas tanpa cepak-cepak dhisik sadurunge. Titi siyaga bab solah bawa lan koreografine lekas dikandhakake dening pemandhune sajam sadurunge wiwite acara.

Kamangka Tasya lumrahe mbutuhake wektu 1—2 minggu kanggo nyepakake kuwi. Wiwit saka carane jumangka, carane nuduhake lagak lan lageyane, sarta cara muteri panggung. Ewasemono, kanthi pawitan  profesionalitase, dheweke bisa tampil maksimal lan kasil antuk keplok ambata rubuh saka panontone rikala kuwi.

Kang narik kawigaten yaiku Tasya saiki nempuh pendhidhikan ing jurusan Seni Rupa Murni, Universitas Negeri Surabaya, bidhang kang babar pisan ora ana gayutane karo hobine kuwi. “Pilihan iki ora uwal saka pengaruhe bapakku kang uga nekuni bidhang seni lukis,” terange Tasya.

Ewadene, mungguhe Tasya donyaning adibusana lan seni kuwi padha jangkep-jinangkepan. Kekarone padha-padha mbutuhake daya cipta, panguntabe pangrasa, lan kawruh bab rerenggan (estetika).

Saliyane kudu sengkud gladhen bab carane nyuguhake solah bawa sandhuwure panggung, Tasya uga ora luput njaga pawakane supaya tansah lencir. Carane kanthi dhisiplin ngatur polaning memangan lan kasarasane. Minangka paraga adibusana, dheweke kerep nganggo busana kanthi lapis kang tikel-matikel. Mula badane kudu tansah idheal lan bregas supaya bisa tampil mranani sangarepe wong akeh.

Nganti tumekaning titi wanci iki, Tasya isih ngrumangsani yen lelakone isih dawa. Dheweke kepengin terus sinau lan ngembangake dhiri. “Bab wigati kang kudu tansah dakugemi lumantar adibusana iki yaiku ndhapuk pawongan kang bisa aweh pamecut (inspirasi) tumrap liyan,” kandhane Tasya. Attasyah Putri Kirana mujudake bukti yen kudhung dudu pepalang kanggo makarya lan ngukir prestasi ing donyaning adibusana. Kanthi semangat kang makantar-kantar lan kapekakan upayane kang tumemen, Tasya ngajak sakehe para wanodya utamane nom-noman kanggo wani nguber pangimpen tanpa ninggalake jati dhiri.

***

Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Ahmad Rizky Wahyudi
Ahmad Rizky Wahyudi
Articles: 23

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *