
1 Sura mungguhe bebrayan Jawa ora mung tinenger minangka gegantine taun, nanging uga minangka titi-wanci kang sukci lan kebak barokah. Nedhengi 1 Sura, akeh tatalaku kang kulina ditindakake dening wong Jawa kanggo ngrukti salira, sebut wae kaya dene tapa bisu, tirakatan, semedi, apa dene ngrowot.
Cetha lamun ta sakabehe tatalaku kuwi ditindakake kanthi ancas ngendhaleni hawa nepsu, nata lereming batin, sarta mintasraya mring Gusti Kang Maha Kawasa. Yen dideleng saka pamawas psikologis, malem 1 Sura minangka wanci kang trep kanggo nindakake sakehing lelaku salira (self-treatment) kanggo ngrukti batin, kaya ta mawas dhiri, nglembah manah, lan ngeningake cipta.

Apamaneh yen 1 Sura kuwi nedhengi malem Jemuwah Kliwon. Jemuwah Kliwon kaanggep minangka wektu kang anumusi. Jemuwah minangka dina kang trep mungguhing titah kanggo nindakake sesambungan marang Gusti, apa kuwi ndedonga, muji sukur, utawa mintaksama. Dene Kliwon mungguhe masarakat Jawa minangka dina mancawarna, utawa dina kang mengku daya batiniah mungguhe alam kasatmripat lan ora kasatmripat.
Gegayutan ing antarane dina Jemuwah lan pasaran Sura bisa dadi sarana kang nocogi kanggo nindakake pangibadahan lan tirakat. Awit mangkono, nalika malem 1 Sura tumiba ing Jemuwah Kliwon, ganjaran kang katindakake titah kang ngibadah bisa tikel-tekuk.
Ora luput dening sawenehe wong uger 1 Sura katindakake jamasan tumrap pusakane pribadi. Tur uga ngunjukake rasa sukur mring ibu bumi kanthi memangan pametune bumi ya bangsane pala pendhem.

Kanggo memundhi luhuring malem 1 Sura, Dinas Psikologi Angkatan Laut ngadani acara mahargya wulan 1 Sura 1959 AJ dina Kemis Bengi, 26 Juni 2025 ing Markas Komando Dispsial, Sidoarjo.
Lumakune acara iki kawiwitan kanthi nindakake kirab ubarampe wujud tumpeng sega kuning, bubur suran lan kembang menyan. Sabanjure diadani upacara atur donga pambuka lan pamuji konjuk kang sumare.
Banjur sinambung karo atur wewarah luhur bab malem 1 Suro dening Bapa Sugeng Adipitoyo. Tur uga ana adicara jamasan pusara ing madya ratrine. Acara lumaku kanthi gangsar wiwit purwa tumeka wasana. Acara kang diadani dening Dinas Psikologi Angkatan Laut iki uga saderma kanggo netepi titilaku pahargyan 1 Sura kang destun wajib katindakake dening masarakat Jawa kanggo ngrukti dhiri lan sasaminya.

Titilaku pahargyan 1 Sura uga bisa ginayutake karo sesanti saka pethikan Serat Witaradya yasan dalem Raden Ngabei Ranggawarsita, cethane ing pupuh Kinanthi larik 5 lan 6 kang unine Suradira jayaningrat, lebur dening pangastuti. Pethikan kasebut yen ditegesi lamun sifat sombong, angkara murka lan sapanunggale bakal kasoran dening kawicaksanan, kasabara, lan sih katresnan.
Sesanti Suradira jayaningrat, lebur dening pangastuti minangka pandom kanggo nuladha kadigdayan sajati kang dununge ana ing welas asih lan lembahing manah, dudu mung saderma adigang, adigung, lan adiguna marang kakuwasan lan kawasisan. Welas asih lan lembahing manah kaanggep minangka daya kang bisa nyidhem pradondi lan njurung owah-owahan becik saka bab batiniah.
Mungguhe personel Dinas Psikologi Angkatan Laut, rasa-tata-karsa dadi paugeran utama kanggo nengenake watak tepa slira sarta humanitas kanggo dadi pribadi kang unggul tur diwujudake kanggo ngrukti karaharjane personel TNI AL.
Pangajabe, sadhengah masarakat Indonesia bisaa ngamalake sesanti Suradira jayaningrat, lebur dening pangastuti kanggo ngrukti kajayaning bangsa. Tamtu sesanti iki ora mung dipahami wae, nanging uga dicakake. Daya sejatining bangsa estu dumunung ing welas asih lan lembahing manah kang kudu dijaga kanthi satuhu. Tundhone agawe bangsa Indonesia dadi digdaya lan tetep memundhi watak luhur.
***
Panulis: Dinas Psikologi Angkatan Laut
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi







