Tim jukung naga Indonesia kasil ngukir prestasi kang mongkogake sajrone World Games 2025 kanthi nggayuh telung medhali emas lan rong medhali perak saka nem nomer sayembara nalika Minggu, 10 Agustus 2025 ing Xinglong Lake Hubin Arena, Chengdu, Cina. Prestasine tim garudha iki nyata bisa nyaingi Cina lan nuduhake lamun kiprahe tim Garudha tetela wus anjayeng bawana.

Jukung naga minangka salah siji dhisiplin kang disayembarakake ing World Games 2025 kang diwiwiti nalika tanggal 7 nganti 17 Agustus 2025. World Games mujudake kompetisi olahraga kanggo cabang olahraga kang ora klebu Olimpiade.
Kompetisi iki dieloki dening Cina minangka tuwan rumahe, Makau, banjur uga ana sasama tim Asia Tenggara, Thailand, lan negara-negara Eropa liyane kadi dene Ukraina, Spanyol, lan Hongaria. Indonesia disulihi dening Irwan, Sutrisno, Dapit, Roby Kuswandi, Nur Meni, Dayumin, Riska Adriyani, Maryati, Wahyuni Reski, lan Hafisa Nadia.
Ing tetandhingan sing wekasan, sawise Thailand mimpin ing 100 meter sepisanan, Indonesia banjur kuwawa nyalip lan njaga kaunggulane nganti finis 500 meter. Cathetane Indonesia yaiku 2 menit lan 6.64 detik. Konsistensine Indonesia iki agawe Ukraina mung bisa finis kanthi wektu 2 menit lan 7.02 detik sarta Thailand kanthi wektu 2 menit lan 7.80 detik.
Bab kasile iki agawe tim jukung naga Indonesia mesthekake emas katelu lan medhali kalima sajrone gelaran World Games 2025. Sadurunge, Indonesia nggayuh emas saka nomer open 8-seater 200 meter lan open 8-seater 2000 meter sarta rong medhali perak saka nomer open 8-seater 500 meyer lan 10-seater 2000 meter.
Wakil Ketua Umum Persatuan Olahraga Dayung Seluruh Indonesia (PODSI) kang uga manajer tim dhayung Indonesia, Budiman Setiawan, slaras karo katrangane kang kapethik saka Kompas, ngandharake lamun prestasi ing World Games minangka sangu kang gedhe ajine mungguhe tim jukung Indonesia kanggo titisiyaga tampil ing Olimpiadhe.

“Prestasine tim jukung naga Indonesia nengsemake banget. Iya, bisa diarani iki minangka ajang bebukten Indonesia kang bisa kuncara ing level donya. Apamaneh yen ndeleng Indonesia lagi mbudidaya nembus Olimpiade,” ujare Budiman kinanthi rasa bombong.Indonesia klebu bageyane 11 negara kang lolos kanggo tampil ing World Games kang nyatane uga disayembarakake ing Olimpiade. Kejaba jukung naga, Indonesia uga nglolosake atlet kanggo cabang olahraga duarthlon, karate, kickboxing, panjat tebing, lan wushu, kanthi total 28 wong.
Panulis : Ahmad Rizky Wahyudi
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







