Gubernur Jawa Timur, Khofifah Indar Parawansa, ngandhakake yen Jatim siap dadi pelaksana pertama beras fortifikasi kanggo ningkatake gizine bocah liwat MBG. Nanging, Khofifah nandhesake yen langkah ksb kudu ana landhesan payung hukum lan aturan resmi saka pemerintah pusat supaya pangleksanane cocok karo prosedur lan aturan sing ana.

Iki ditelakake Khofifah nalika nampa tim World Food Programme (WFP) ing Gedung Negara Grahadi, Surabaya, Jumat bengi kepungkur (8/8). WFP dhewe mujudake badan kemanusiaan paling gedhe ing donya sing kabawah Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB).
“Kita siap dadi pelaksana kawitan yen pemerintah pusat ngowahi aturan utawa kebijakan bab Beras Fortifikasi,” ujare Khofifah.
Mula kuwi, Gubernur Jatim ngajab supaya pemerintah nylarasake payung hukum kanggo kebijakan beras fortifikasi. Regulasi utawa kebijakan beras fortifikasi sing ideal, kudu diwetokake dening Badan Gizi Nasional (BGN) minangka otoritas resmi, utamane kanggo ndhukung Program Makan Bergizi Gratis (MBG).
Ora mung iku, kebijakan utawa payung hukum tumrap beras fortifikasi kudu cetha lan cocok karo aturan sing ditindakake pemerintah. Yen aturane wis jelas lan ana payung hukum sing jelas, Jatim siap nglaksanakake program iki.
“Jatim siap nglaksanakake program iki. Aku aweh saran supaya regulasine direvisi dhisik supaya nalika program iki ditindakake kabeh wis cocok karo prosedure,” tambahe.
Bab anggaran, Khofifah nerangake yen Pemprov Jatim wis nyiapake dana cukup kanggo ndhukung program MBG. Nanging, aturan sing digunakake kudu selaras karo ketentuan saka pemerintah pusat supaya ora ana masalah hukum ing mbesuke.
Khofifah uga ngajab supaya WFP nerangake marang Menteri Koordinator Bidang Pangan, BGN, lan pemerintah pusat bab kandungan sing ana ing beras fortifikasi, kalebu manfaate kanggo nyuda stunting lan ndhukung program sing wis sukses ing maneka negara, kaya program mangan gratis ing India.

Sauntara kuwi, Senior Advisor Analytics & Science for Food & Nutrition saka Nutrition and Food Quality Service United Nations WFP, Saskia de Pee, nyritakake yen dheweke teka nemoni Gubernur saperlu ndhukung program pemerintah, utamane MBG lumantar beras fortifikasi.
“Kita rembugan kemungkinan kanggo nglebokake beras fortifikasi ing program MBG sing saiki dadi programe pemerintah,” ujare.
Miturut dheweke, beras fortifikasi ing MBG diajab bisa nambah gizi kanggo bocah-bocah. Iki kanggo ndhukung pertumbuhan lan sumber daya manusia Indonesia jangka panjang.
“Kanthi anane beras fortifikasi sing diprodhuksi kanthi masif liwat program iki, regane bakal dadi luwih murah,” jelase.
“Iki mujudake intervensi sing dudu mung penting kanggo pendidikan, nanging uga kanggo kesehatan lan gizine bocah Indonesia amrih luwih becik mengarepe,” pungkase.
Melu uga sapejagongan klawan Gubernur Jatim bengi kuwi ing antarane, Regional Project Coordinator for Large-scale Food Fortification Program, WFP Asia Pacific Regional Office (APARO), Bangkok, Thailand, Sakshi Jain. Programme Policy Officer (Rice Fortification), WFP Indonesia Country Office (Jakarta) Hizkia Respatiadi. Programme Policy Officer (Nutrition Social Behavior Change and Communication / SBCC), WFP Indonesia Country Office (Jakarta), Agatha. (d)***
Panulis : Donny Toenggoel
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital





