Ketua Dewan Ekonomi Nasional (DEN) Luhut Binsar Pandjaitan lapuran marang Presiden Prabowo Subianto ing Istana Merdeka bab kahanan ekonomi Indonesia, Selasa, 21 April 2026. Luhut ngandharake, saka asile simulasi, perekonomian Indonesia diyakini stabil nganti telung sasi candhake. “Telung sasi mengarep ekonomi isih aman banget. Fundamental ekonomi kita kuwat,” tuture Luhut lumantar katrangan tinulis sedina candhake.

Senajan aman, nanging pamarentah tetep ngrumusake maneka skenario antisipatif kanggo ngawekani yen konflik geopolitik Timur Tengah ora tumuli rampung. Salah siji fokus antisipasine pamarentah, kandhane Luhut, yaiku ngawekani potensi mundhake rega energi, mligine selisih antarane rega lenga mentah global karo harga jual BBM dhalem negri sing saya amba.
Pamarentah uga njamin APBN ing kahanan sehat. Defisit fiskal bakal dijaga sakuwate amrih ora sangisore 3 persen saka Produk Domestik Bruto (PDP). Carane, ngendhaleni efisiensi blanja lan optimalisasi pemasukan saka sektor komodhitas ekspor utama, yaiku batubara lan klapa sawit. “Masyarakat lan dunia usaha ora perlu sumelang,” ujare Luhut.
Luhut nemenake bakal sacepete nuntasake pepalang struktural ing lapangan amrih proses perizinan usaha sangsaya ringkes, efisien, sarta menehi kepastian hukum marang pelaku usaha ing satengahe kahanan donya kang kebak dinamika. Pamarentah, miturut Luhut, ora mung nyawang situasi geopolitik minangka tantangan, nanging uga golek cara kanggo nguripake peluang strategis.
Luhut njurung proses transformasi digital pemerintahan (GovTech) enggal dirampungake, sarta penguwatan inisiatif pembangunan Indonesia Financial Center kanggo nangkep potensi geser-e arah modhal global. “Kita ora mung bertahan, nanging piye bisane njupuk manfaat saka situasi sing kaya mangkene iki,” pratelane Luhut.
Masalah liyane kang dilapurake Luhut marang Presiden yaiku wigatine rante pasok komodhitas strategis. Contone sulful. Sulfur, manut Luhut, banget penting kanggo mbacutake program hilirisasi industri nikel sarta ngrembakane ekosistem baterei kendharaan listrik (EV) nasional supaya ora keganggu dening dinamika global.
(Antara)

