
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Mangsa ketiga bali nempuh Kalimantan Tengah, provinsi paling amba sa-Indonesia. Kanthi total jembar 15,3 yuta hektar, 4,6 yuta ing antarane arupa lemah gambut. Satengahing hawa kang garing kemlingking kaya dinane iki, ancaman kebakaran hutan lan lahan (karhutla) kerep kedadeyan. Luwih-luwih taun iki Badan Meteorologi Klimatologi dan Geofisikan (BMKG) ngramalake menawa puncak fenomena El Nino kedadeyan antarane sasi Agustus-September 2026.
Nalika panase sumelet, karhutla gampang kobar. Kobare geni sangsaya ndadra jalaran katiyup angin gedhe. Miturut dhatane Badan Penanggulangan Bencana Daerah dan Pemadam Kebakaran (BPBPK), nganti 22 Agustus 2026 kepungkur ambane area sing kabesmi latu wis 4.729,25 hektare saka 1.686 kedadeyan.
Nalika pletikan geni muncul, disusul asep ngembuleng ing akasa, petugas apadene relawan pemadam karhutla gegancangan marani titik lokasi. Pakaryan iki ora gampang, merga sisip sembire nyawa sing dadi totohane. Petugas lan relawan kudu ngrabasa satengahe wawa mureng, mbabadi grumbulan amrih bisa nyedhaki kobongan ngalat-alat. Terkadhang merga winatese pasadiyan banyu, petugas-petugas mau kepeksa ndhudhuk sumur bor.
Jibaku nyirep karhutla kebak dening risiko. Mula kasamptan sadurunge menyang lokasi wigati ditindakake. Ora mung siap siagane piranti, tenaga, wektu lan strategi, nanging uga koordinasi sing pas amrih ora seling surup ing lapangan.
Yen sing kobong lahan gambut, ayahane petugas sangsaya abot. Merga geni kang mureng ora mung ana ing ndhuwur wae, nanging uga nyesep tekan sap-sapan ngisor. Wawa kang isih mrengangah ing lapisan ngisor mau ora bisa dipesthekake mati orane. Saengga nalika geni sing ana ndhuwur wis bisa ditelesi dening glontoran banyu, wawa sing ana lapisan ngisor isih mureng lan sawanci-wanci bakal kobar maneh.











Kanggo ngendhaleni mrantake geni, petugas nindakake “penyekatan” kanthi nyemprotake banyu kang cukup akeh menyang gegrumbulan sing nedya diliwati “lakune” kobongan. Upaya nanggulangi karhutla kadhang kala ditindakake wiwit awan nganti lingsir wengi. Kepala Pelaksana BPBPK Ahmad Toyib ngandharake, pihake ngerigake satuan tugas (satgas) dharat lan udara kanggo bareng-bareng nyirep pangamuke geni.
“Konsentrasine petugas mesthekake saben muncul pletikan geni bisa diweruhi lan ditangani sacepete amrih ora sangsaya gedhe,” tuture Ahmad Toyib awal September 2026 kepungkur.
Personil gabungan 10.700 saka Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD), Manggala Agni, Dinas Kehutanan, TNI, Polri sarta relawan bebarengan maju nrenggalani krodhane geni. Jalur dharat dadi dalan utama nggayuh lokasi kobongan kanggo ngangkut banyu. Tim dharat disengkuyung dening tim udara kanthi ngerigake helikopter water bombing cacah papat. Helikopter bom banyu iku mligi nggayuh lokasi-lokasi sing rekasa dicedhaki tim dharat.
Sauntara kuwi pesawat Cessna digunakake kanggo perasi modifikasi cuaca kanthi cara nyebarake natrium klorida (Na Cl) mbudidaya nyipta mendhung lan udan. Sakehing pambudidaya ditindakake amrih sirepe geni, sirnane asep, saengga masyarakat bisa nindakake pakaryan tanpa kuwatir ancaman pedhut asep sing mbebayani.
(Foto: ANTARA/Auliya Rahman)