Dinas Perhubungan (Dishub) Kota Surabaya wiwit ngendhegake panganggone karcis parkir minangka bagian saka pangecake digitalisasi perparkiran. Kabeh transaksi parkir ing Kota Pahlawan sabanjuré bakal diganti sacara digital, apa kuwi liwat QRIS, kartu elektronik, utawa voucher parkir.
Kebijakan iki dikandhakake Pelaksana Tugas (Plt) Kepala Dinas Perhubungan (Dishub) Surabaya, Trio Wahyu Bowo, nalika mbukak kegiatan “Diklat Pemberdayaan Masyarakat (DPM) Petugas Juru Parkir Berkeselamatan” ing Aula Garuda Kantor Dishub Surabaya, Selasa (23/6/2026).

“Wiwit dina iki tak biwarakake marang kabèh petugas parkir utawa Jukir, wis ora ana manèh karcis parkir ing lapangan. Karcis parkir sing sumebar ing lapangan bakal dipungkasi lan kabèh bakal diganti kanthi digitalisasi parkir,” ujare Trio.
Miturut Trio, kebijakan iki dadi titik awal kanggo ngecakake sistem parkir digital sacara penuh ing Kota Surabaya. Dishub nargetaké kabèh transaksi parkir bisa ditindakaké luwih transparan lan nyambung liwat platform digital sing wis disiapaké Pemkot Surabaya.
“Iki dina pungkasan, yen isih ana karcis parkir, ateges kuwi karcis lawas. Nanging wiwit dina iki uga, aku ora bakal ngedaraké karcis parkir manèh,” jlentrehé.

Trio uga nandhesake yen keputusan ngendhegi karcis iki dijupuk sawisé program digitalisasi parkir wis mlebu wulan ka-enem jroning pangleksanane. Dhèwèké ngandhakake menawa kabèh proses transaksi parkir sabanjuré bakal ngendelaké sarana pembayaran digital sing wis disiapaké Pemkot Surabaya.
“Nalika digitalisasi parkir iki wis ngancik wulan ka-6 (Juni 2026), mula kanthi resmi aku makili Pemerintah Kota Surabaya minangka pimpinan Dinas Perhubungan, nandhesake yèn wiwit dina iki lan sakteruse, karcis parkir ora tau ana manèh, utawa ora bakal tau tak dum liwat Kepala Pelataran (Katar),” ujare.
Ing sistem anyar iki, mbayare parkir bisa ditindakake kanthi migunakake kartu elektronik, QRIS, utawa voucher parkir sing wis disiapaké Dishub Surabaya. Trio ngajab, anané sawetara pilihan mbayar iki bisa nggampangaké masyarakat mesisan ndhukung pengelolaan parkir sing luwih akuntabel.
“Dadi kabèh mengko bakal nganggo sarana digitalisasi parkir. Nggunakaké kartu tol, QRIS, utawa voucher parkir,” ujare Trio.

Kanggo ndhukung pangleksanane kebijakan iki, Pemkot Surabaya uga nyiapaké jaringan distribusi voucher parkir liwat sawetara toko modern. Dishub wis mapanake personel ing 17 toko modern kanggo ngedol voucher parkir mau.
“Voucher parkir kuwi mengko bisa dituku ing toko-toko modern. Ana 17 toko modern sing wis tak pasangi personel kanggo dodolan, supaya warga Kota Surabaya bisa gampang anggone tuku voucher parkir mau,” pungkasé. (d)***



